Klenthèng Cu An Kiong
Klenthèng Cu An Kiong (Carakan:ꦖꦶꦄꦤ꧀ꦑꦺꦴꦁ; Hanzi:慈安宮; Hànyǔ Pīnyīn:cí ān gōng; teges: "Dalem Katentreman Welas Asih") yaiku klenthèng paling tuwa ing Kutha Lasem lan kaduga uga paling tuwa ing Pulo Jawa.[1]
| Klenthèng Tridharma Cu An Kiong | |
|---|---|
TITD Cu An Kiong | |
| Tetélan pokok | |
| Pernah | |
| Alamat | Jalan Dasun nomor 19, Lasem, Rembang |
| Diyasa kawit | Abad ke-14 (1335?)[2] |
| Renovated | 1868[3] |
| Technical details | |
| Floor count | 1 |
Bagéyan-bagéyan ing Klenthèng
[besut | besut sumber]Ing lowahan utama klentheng kanggo altar sembahyangan lan nyarèkaké reca Dèwi Tian Shang Shèng Mu ing sisih wuri, bagéyan iki minangka panggonan paling wingit lan sembarangan bisa kabuka kanggo sapa baé. Ing salah sawijiné lawang isisih ngarep, ing sisih kiwa lan tengen inebing lawang kagambar piyayi Cina Lasem loro, Bi Na Ngun lan Na Li Ni kang mulangi cara mbathik marang para warga.[1]
Sujarah
[besut | besut sumber]Para bangsa Cina utamané kang dadi sudagar wiwit teka lan nglabuh ing tlatah alas jati ing saceraké Kali Babagan Lasem saka abad XV.[4] Ing jaman semana yèn kapéngin bali menyang nagri Cina kudu ngentèni gantiné mangsa (eneré angin), para bangsa Cina iki mandeg, mbangun omah, lan netep ing Kutha Lasem. Saya suwé saya akeh omah pomahan kang diduwèni bangsa Cina ing Kutha Lasem, lan kaduga ing abad XVI Klenthèng Cu An Kiong iki diyasa.[5] Nanging bukti-bukti kang nrangaké babagan iku wus ilang, amarga anané panjarahan déning bala prajurit Walanda ing jaman panjajahan.[6] Miturut cathetan kang tau diwaca dening Pangurus Musiyum Indhonésia ing Den Hag, Walanda klenthèng iki diyasa ing taun 1477.[6]
Miturut adat Cina, Klenthèng Cu An Kiong kayasa nganggo kayu jati kang akèh ana ing kono. Miturut tutur saka guru kang dinggo nyangga gedhong utama isih asli lan durung tau diganti nganti saiki. Klenthèng iki dimulyakaké ing taun 1883, ana tandha stèmpel Dhinasti Qing lan rasasti kang dadi tetengeré.[7] Wujud wewangun kang bisa dideleng nganti saiki yaiku kasil pamulyanan kang katindakaké ing tahun 1883.
Ana sapérang sumber kang ngaranani sabab ora anané cathetan pangagegé klenthèng Cu An Kiong amarga para bangsa Cina kang labuh lan ngadegaké iku golongan padangan/sudagar kang ora kadhidhik lan pacèn ora kulina nulis cathetan.[4] Pancèn miturut adat Cina kuna sanadyan para sudagar iki nduwèni bebandha kang akèh anging isih kalebu golongan andhap lan kadhang kala uga ora kulina babagan tulis-tinulis.[8]
Rujukan
[besut | besut sumber]- 1 2 "Berwisata ke Kelenteng Cu An Kiong di Tiongkok Kecil". National Geographic Indonesia (ing basa Indonesia). 2015-07-18. Diarsip saka sing asli ing 2016-08-20. Dibukak ing 2025-12-05.
- ↑ Irawati, Rika; Buwono, Bakti (17 Juli 2015). "Berwisata ke Kelenteng Cu An Kiong di "Tiongkok Kecil" (2)". National Geographic Indonesia. Diarsip saka sing asli ing 2016-08-20. Dibukak ing 16 Juli 2016.
{{cite news}}: Unknown parameter|dead-url=ignored (|url-status=suggested) (pitulung) - ↑ anonim (Desember 2015). "Kelenteng Cu An Kiong, Lasem". TriDharma Cemerlang, Edisi 4.
{{cite news}}: Check date values in:|date=(pitulung)CS1 maint: uses authors parameter (link) - 1 2 Lasem, Titd Tri Murti (Rabu, 20 Juli 2011). "TITD TRI.MURTI LASEM: SEJARAH KLENTENG TJOE AN KIONG LASEM". TITD TRI.MURTI LASEM. Dibukak ing 2025-12-05.
{{cite web}}: Check date values in:|date=(pitulung) - ↑ digsa.id. "Pariwisata Provinsi Jawa Tengah | Artikel | Jelajah Sejarah Di Klenteng Cu An Kiong". visitjawatengah.jatengprov.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-12-05.
- 1 2 "Klenteng Cu An Kiong Lasem Menyimpan Seribu Sejarah". Tempo (ing basa Indonesia). 14 Mei 2015 | 05.03 WIB. Dibukak ing 2025-12-05.
{{cite web}}: Check date values in:|date=(pitulung) - ↑ Fadlil, Mukhammad. "Melihat Kelenteng Cu An Kiong di Lasem, Dibangun Abad 15". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-05.[pranala mati permanèn]
- ↑ The Xiao Village (2024-06-20), Kasta Sosial di era Tiongkok Kuno - Ternyata Tergantung Pekerjaan???, dibukak ing 2025-12-05
