Menyang kontèn

Kidung Guru Sejati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kidung Guru Sejati iku kidung religi karyane Wisnu Aji Hardani sing ditémbangake Niken Salindry, waranggana campursari asli Kediri, Jawa Wétan. [1] Biasane ditutaké nganggo paguyuban musik Kembar Campursari. Kidung Guru Sejati iki ora mung perkara instrumen lan vokal, nanging uga pujian maring Gusti.

Awale, kidung Guru Sejati diwedarake tanggal 20 Juli 2024. Terus versi liyane dirilis Niken Salindry tanggal 20 Wadana 2025, ing ngisor naungan label Kembar Music Digital.

Cakepan

[besut | besut sumber]

Dhuh Gusti kang murbèng dumadi

Paringana pangayoman dhateng kula

Dhuh Gusti kang akarya Jagad

Paringana kawelasan dhateng kula

Ana pepujaningsun yaiku Sang guru sejati

Kang jumeneng ratu agung

Kang amurba amisesa

Kang Amaha Mulya kang nyipta jagad raya Iki

Pasrah sumarah dhateng Gusti

Kang ngreksa jiwo Iki

Kang paring Rohmat lan Hidayat

Nggih menika Gusti Sang guru sejati

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. JagoDangdut.com (2025-01-29). "Lirik Lagu Dangdut Lirik Lagu Sang Guru Sejati – Niken Salindry". www.jagodangdut.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-05-10.