Menyang kontèn

Kidang kencana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
sunggingan jaman Kesultanan Mughal kang nyritakake Raden Rama (digambarake wong kang menthang gendhewa) nedya manah kidang kencana

Kidang kencana (kidang emas) iku malihane Kala Marica (Ditya Marica). Tokoh iki mung tinemu ing wayang Ramayana lakon Sinta Ilang. Kala Marica memba warna dadi kidang emas iku, supaya Prabu Dasamuka gampang anggone ndhustha Dewi Sinta kang pinuju mapan ing alas Dhandhaka karo garwane lan rayine ipe.

Kidang kencana glibad-glibed ing sacedhake Dewi Sinta, pamrihe kanggo narik kawigatene Sang Dewi. Tenan petunge Kala Marica. Bareng Dewi Sinta sumurup wujude, banjur mothah (merengek) marang garwane supaya nyekelake kidang kencana urip-uripan.

"Priye anggonku bisa nyekel urip-uripan, Dhiajeng? Kidang iku banter playune, kesit lan trengginas," ngendikane Raden Rama.

"Nanging kula pitados, bilih panjenengan saged nyepeng kidang kencana ingkang glibad-glibed menika, Kangmas," ature Dewi Sinta.

Tumrap Raden Rama, nyekel kidang urip-uripan dudu pakaryan kang angel. Nadyan kidang iku panjanmaning jim setan peri prayangan, Raden Rama yakin bakal bisa nyekel. Mung wae, Raden Rama ora pengin ninggalake garwane, embuh apa sababe. Naluri kaprajuritane tansah asung tengara bakal tumekane bebaya. Kaya-kaya bebaya mau tansah ngulati, ora adoh saka papan dununge. Suwalike Dewi Sinta kang ayune uleng-ulengan, sing saben dinane tansah diugung rama ibune wiwit cilik. Sing apa wae panjaluke kudu dituruti, ndadekake Raden Rama rumaos mesakake.

"Dheweke wis gelem ninggalake kasenengane minangka putri kraton, kanthi ikhlas melu aku lara lapa ing madyaning alas, awit saka bektine marang gurulaki. Sasuwene iki aku durung tau menehi kasenengan marang dheweke. Mbokmanawa kanthi nyekelake kidang kencana iki, aku bisa nyenengake atine," batine Raden Rama.

Kanthi panglimbang iku, Raden Rama banjur ngendika marang rayine, "Dhimas Laksmana, aku bakal nyekel kidang kencana kae. Aja wedi kangelan, reksanen mbakayumu Sinta."

Raden Laksmana matur sendika, senadyan batine cengkah lan ora nyarujuki tumindake kadange tuwa. Amarga nyekel kidang urip-uripan iku pagawean sing ora gampang. Nadyan dheweke yakin yen Raden Rama mesthi bisa, nanging mbutuhake wektu sing suwe. Apese bisa dinan utawa pirang-pirang dina suwene. Apa maneh kidang iku banter playune, nrabas grumbul ngono wae, playune wis sengara ketututan.

Raden Rama wis nyandhak gendhewa lan nggendhong endhong isi panah. Banjur mindhik-mindhik lumaku nyaketi kidang kencana. Bareng ditubruk, kidang iku blas ilang kakedhepake. Ngerti-ngerti wis adoh playune. Raden Rama nututi. Saya suwe saya adoh saka papan dununge Dewi Sinta.

Kidang kencana iku katon ngewak-ewakake. Yen Raden Rama adoh lete, kidang iku lakune alon-alon, kaya-kaya njaluk enggal dicekel. Nanging bareng ditubruk, bisa endha lan mlayu banter banget. Gempung penggalihe Raden Rama. Sigra nyandhak jemparing, pinasang ing sendhenging gendhewa. Kidang kencana iku dilepasi jemparing (panah). Tumanduk dhadhane terus nembus wetenge. Kidang kencana iku nglumba terus badhar sejatining wujud, dadi buta Kala Marica lan kojel-kojel sekarat. Sadurunge pecat nyawane, dheweke mbengok sero kang swarane ngemper swarane Raden Rama, njerit njaluk tulung. Ngrerintih nyebut jenenge Raden Laksmana, "Tulung, Dhimas Laksmana! Tulungana aku, Dhimas! Tuluuuuung!"

Kapethik saka

[besut | besut sumber]
  • Mulyantara.2020.Majalah Jaka Lodhang (cover tokoh wayang). Yogyakarta: Jaka Lodhang Press.