Keraton Kasepuhan Cirebon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Keraton Kasepuhan Cirebon pérangan ngajeng
Lambang Keraton Kasepuhan (1920-1933)

Keraton Kasepuhan Cirebon inggih punika salah satunggaling keraton ingkang paling kerumat ugi paling manggrong ing Kitha Cirebon.[1] Saben wujud arsitèktur ing keraton punika paling misuwur amargi nggadhahi nilai sujarah.[1] Latar ngajeng keraton dipunkupengi témbok bata abrit kaliyan wonten pendhapa ing salebetipun.[1] Keraton Cirebon ugi nggadhahi musiyum ingkang cekap jangkep kaliyan isinipun pirantos-pirantos pusaka sarta lukisan kagunganipun keraton.[1] Piranti-prianti punika kadosta pirantos perang, meriem, kaliyan kereta kencana ingkang dipun-ginakaken nalika perang.[2] Kréta punika dipunwastani Kereta Singa Barong, ingkang asesirah gajah ingkang tlalénipun nyepeng trisula (prabawanipun Hindhu), suwiwinipun garuda (prabawa Islam), ugi naga (parabawa China).[2] Nanging, wiwit taun 1942, kréta punika boten dipun-ginakaken malih kaliyan namung dipunwedalaken kanggé dipunjamas saben tanggal 1 Syawal.[2] Déné ing musiyum pérangan kidul wonten priasan, piring, ugi pirantos keraton ingkang dipun-ginakaken nalika jamanipun Sunan Gunung Jati.[2]

Sujarah[besut | besut sumber]

Keraton Kasepuhan madeg taun 1529 déning Pangeran Mas Mochammad Arifin II, inggih punika buyut saking Sunan Gunung Jati.[3] Pangeran Mas Mochammad Arifin II punika nggantosaken Sunan Gunung jati ing taun 1506.[3] Rumiyin Keraton Kasepuhan Cirebon nggadhahi nama Keraton Pakungwati, déné Pangeran Mas Mochammad Arifin II nggadhahi gelar Panembahan Pakungwati I.[4] Nama Pakungwati punika asalipun saking asma Ratu Dewi Pakungwati binti Pangeran Cakrabuana ingkang dhaup kaliyan Sunan Gunung Jati.[4] Putri punika ayu ugi becik budinipun sarta saged dados garwa ingkang setya.[4] Ratu Dewi Pakungwati ugi prigel ing babagan ajaran agami Islam, saged dados pamomongipun nagara, ugi saged ngayomi sarta nresnani rakyatipun.[4] Ing pungkasanipun, ing taun 1549 Ratu Dewi Pakungwati séda ing Mesjid Agung Sang Cipta Rasa ing yuswa ingkang sampun sepuh.[4] Mesjid Agung Sang Cipta Rasa punika dipunbangun taun 1498 M dèning Wali Sanga kanthi dipunpandhégani Sunan Gunung Jati.[5] Pambangunanipun dipunbiyantu arsitèk ingkang asmanipun Raden Sepat saking Majapahit uga dipunbiyantu 200 tiyang (tukang) saking Demak.[5] Saking pangorbananipun punika panjenenganipun dipunmulyakaken déning nasab Sunan Gunung Jati dados nama keraton inggih punika Keraton Pakung wati, ingkang sapunika dados Keraton Kasepuhan Cirebon.[4]

Bangunan Keraton[besut | besut sumber]

Arsitèktur Keraton Kasepuhan Cirebon inggih punika campuran unsur-unsur budaya Islam, Hindhu, Buda, Kristen, ugi Konfusius (China).[6] Punika minangka bukti kurmat dhumateng para leluhur.[6] Nalika ngedegaken Keraton Kasepuhan Cirebon ing taun 1529, Sunan Gunungjati tetep migunakaken unsur tradhisi Hindhu-Buda saking Kerajaan Padjajaran. Salah satunggalipun inggih punika wontenipun sapasang patung macan awerna pethak ing plataran Kamandhungan.[6] Bebrayan Sunda ngyakini, macan punika wujud reinkarnasi saking Prabu Siliwangi ingkang dados raja pungkasan ing Padjajaran.[6]

Corak kabudayan Hindhu-Buda ugi kentingal cetha ing kompleks yasan sitihinggil (basa Jawa, siti=lemah, hinggil=inggil (tinggi)) ingkang acorak Candhi Bentar.[6] Arsitekturipun kas zaman Majapahit ugi ketingal ing gapuranipun, inggih punika gapura asi ing sisih ler kaliyan gapura banteng ing sisih kidul.[6] Ing sangandhapipun gapura banteng punika wonten candra sengkala ingkang kaserat kuta bata tibata banteng ingkang menawi dipunwaos saking wingking nedahaken taun 1451 Saka utawi 1529 Masèhi.[6] Dipunkintenaken sitihinggil punika ingkang sepisan dipunbangun sadèrèngipun mbangun yasan ingkang sanèsipun.[6]

Ing kabèh pérangan témbok yasan migunakaken material bata abrit ingkang dipuntèmpèli manéka werni keramik China jamanipun Dinasti Ming (1364-1644 M) kaliyan keramik Delf saking Walanda.[6] Ing ngajeng sitihinggil wonten méja watu granit, bebungah saking [[Sir Stamford Raffles, sesulih Kerajaan Inggris ingkang naté dados gubernur Jenderal Jawa (1811-1816).[6] Ing salebetipun sithinggil wonten 5 yasan ingkang bahan utamanipun kayu jati mèmper pendhapa tanpa témbok. Saben yasan punika nggadhahi aran sarta kagunan ingkang bènten.[6] Bangunan utama ingkang mapanipun malang mawi gunggungipun saka (cagak) 20 dipunwastani malang semirang ingkang nedahaken 20 sifatipun Allah SWT. Déné saka guru (cagak utama) gunggungipun enem, ingkang nedahaken rukun iman.[6] Ing panggénan punika sultan mirsani gladhèn kaprajuritan utawi mirsani lampahipun paukuman.[6]

Bangunan ing sisih kiwanipun dipunwastani Pandhawa Lima mawi gangsal saka ingkang nedahaken rukun Islam.[6] yasan punika dospa panggénan para panglima perang.[6] Bangunan ing sisih tengen yasan utama dipunwastani Semar Tinandu mawi kalih saka ingkang nedahaken kalih ukara syahadat.[6] Bangunan punika dados panggénan para penasihat sultan ingkang dipunwastani penghulu.[6] Ing sisih wingkingipun yasan utama wonten Mande Pengiring, inggih punika panggénan ngempalipun para pengiring sultan.[6] Satunggal yasan malih wonten ing sisihipun, inggih punika Mande Karasemen.[6] Bangunan punika panggénan kanggé para niyaga.[6] Ngantos sapunika, yasan punika taksih dipun-ginakaken minangka panggénan ngumpetaken gamelan sekatèn nalika Idul Fitri kaliyan Idul Adha.[6]

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d Keraton Kasepuhan Cirebon(dipunundhuh 3 Desember 2012)
  2. ^ a b c d Jejak Keraton Kasepuhan Cirebon(dipunundhuh 3 Desember 2012)
  3. ^ a b Warisan Keraton di Cirebon(dipunundhuh 6 Desember 2012)
  4. ^ a b c d e f Keraton Kasepuhan(dipunundhuh 6 Desember 2012)
  5. ^ a b Pariwisata di Kota Cirebon(dipunundhuh 6 Desember 2012)
  6. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Kasepuhan Cirebon(dipunundhuh 3 Desember 2012)