Kepala Staf TNI Angkatan Laut
Praèn

Kepala Staf Angkatan Laut utawa dicekak KSAL, iku kalungguhan sajeroning Tentara Nasional Indonésia (TNI) kang dadi pemimpin Angkatan Laut. Kalungguhan kalungguhan KSAL iku ana ing sangisoré, lan tanggung jawab marang Panglima TNI. Kepala Staf Angkatan Laut lan Kepala Staf Angkatan liyané diangkat lan dipungkasi déning Présidhèn kanthi usul Panglima TNI.
Tugas
[besut | besut sumber]Tugas lan kuwajiban Kepala Staf Angkatan Laut ya iku:
- mimpin Angkatan Laut sajeroning babagan pembinaan kakuwatan lan kasiapan operasional Angkatan Laut;
- mbiyantu Panglima sajeroning nyusun kawicaksanan babagan pangembangan postur, dhoktrin, lan strategi sarta operasi militèr matra laut;
- mbiyantu Panglima sajeroning migunakaké komponèn pertahanan nagara miturut kabutuhan Angkatan Laut;
- ngayahi tugas liya babagan matra laut kang kapatah déning Panglima TNI.
Pratélan pejabat KSAL
[besut | besut sumber]| No | Pejabat | Saka | Nganti | Jabatan pungkasan |
|---|---|---|---|---|
| 1 | Laksamana Nasir | 1949 | 1948 | |
| 2 | Laksamana Subiyakto | 1948 | 1960 | |
| 3 | Laksamana R.E.Martadinata | 1960 | 1966 | |
| 4 | Laksamana Mulyadi | 1966 | 1969 | |
| 5 | Laksamana Sudomo | 1969 | 1973 | |
| 6 | Laksamana R.Subono | 1973 | 1975 | |
| 7 | Laksamana R.S. Subiakto | 1975 | 1977 | |
| 8 | Laksamana Waluyo Sugito | 1977 | 1983 | |
| 9 | Laksamana M. Ramli | 1983 | 1986 | |
| 10 | Laksamana Madya R. Kasenda | 1986 | 1989 | |
| 11 | Laksamana Madya M. Arifin | 1989 | 1993 | Aslog Kasum TNI |
| 12 | Laksamana Madya Tanto Kuswanto | 1993 | 1996 | Wakasal |
| 13 | Laksamana Madya Arief Koeshariadi | 1996 | 1998 | Pangarmabar |
| 14 | Laksamana Madya Widodo AS | 1998 | 1999 | Wakasal |
| 15 | Laksamana Madya Achmad Sucipto | 17 Juli 1999 | 9 Oktober 2000 | Wakasal |
| 16 | Laksamana Indroko Sastrowiryono | 9 Oktober 2000 | 25 April 2002 | Wakasal |
| 17 | Laksamana Madya Bernard Kent Sondakh | 25 April 2002 | 18 Fèbruari 2005 | Irjen TNI |
| 18 | Laksamana Madya Slamet Soebijanto | 18 Fèbruari 2005 | 7 November 2007 | Wakil Gubernur Lemhanas |
| 19 | Laksamana Madya Sumardjono | 7 November 2007 | 1 Juli 2008 | Irjen Dephan |
| 19 | Laksamana Tedjo Edhy Purdijatno | 1 Juli 2008 | saiki | Kepala Staf Umum TNI |
- (Katrangan:Pangkat kang dipacak ya iku pangkat pungkasan sadurungé dilantik dadi KSAL)
Uga delengen
[besut | besut sumber]Sumber
[besut | besut sumber]- Undhang undhang no. 3 Taun 2002 bab Pertahanan Nagara.
- Undhang undhang no. 34 Taun 2004 bab Tentara Nasional Indonésia.