Keistimewaan Daerah Yogyakarta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kraton ngayogyakarta

Yogyakarta minangka salah sawijining laladan utawa provinsi ing Indonésia kang duwé kabudayan kang isih luhur, kaya kabudayan ing Bali. Daerah Istimewa Yogyakarta iku kondhang karo salah sawijining Karaton, ya iku Karaton Ngayogyakarta. Provinsi kang duwé status istiméwa utawa otonomi mirunggan. Status iku minangka salah sawijininéwarisan saka jaman sadurungé Indonésia mardika. Kasultanan Yogyakarta uga Kadipatén Paku Alaman, dadi écikal bakal utawa asal-usul ing DIY, duwé status dadi "Keraajaan Vasal/Praja/Dependent state" rikala pamaréntahané penjajah wiwit saka VOC, Hindia Prancis (Republik Bataav Walanda-Prancis), India Timur/EIC (Karajan Inggris), Indhiya Nèderlan (Karajan Nederland), lan terakhir Wadya Angkatan Darat XVI Jepang ([[Kekaisarané Jepang).[1] Awit saka iku, Walanda utawa Nagara Walanda status iku diarani Zelfbestuurende Lanschappen lan olèh Jepang diarani Koti/Kooti.[1] Status iki duwé konsekuensi ukum lan pulitik wujud wewenangan kanggo ngatur lan ngurus wewengkon nagarané.[1]

Géografi[besut | besut sumber]

Kutha Ngayogyakarta dumunung ing satengahing Provinsi DIY, kanthi wates wewengkon:[2]

Wewengkon Kutha Ngayogyakarta gumelar antarané 110o 24I 19II nganti 110o 28I 53II Bujur Wétan lan 7o 15I 24II nganti 7o 49I 26II Lintang Kidul kanthi dhuwuring èlevasi rata-rata 114 m sakdhuwurié lumahing segara.[2]

Aspék-aspék kang dadi martabat Raja ing Tanah Jawi, ya iku sipat-sipatipun Raja, Struktur Nêgara lan singgasana, struktur pura, ya iku bandha-bandha pusaka kang diharapna bisa nguataké keabsahane Raja.[3] Kêraton Ngayogyakarta bakuake solah bawa utawa sikap kang dibukuake dadi "Tahta untuk Rakyat" saka (Sinuwun Hamêngku Buwono IX) kang wis éntuk mligi utawa pengkhususan kanggo (Sri Sultan Hamêngku Buwono X), kang têkanane wujud "kesejateraan rakyat".[3] Dampak negatipe kang ora olèh diilangake utawa diabaikake, ya iku gesere "ajaran kosmologis Ningrat" dadi sosial-kultural-ékonomis, minangka feodalisme.[3] Latar belakang lan Dhémokrasi ing donya kulon lair saka "rahim" Antroposentrisme lan 'adik kandungipun' ya iku Teknokrasi dan Meritokrasi.[3] Saka kaitan kang kaya mangkono, DIY cedhak banget karo kecerdasan spiritual, kecerdasan intelektual, lan kecerdasan émosional.[3] DIY karo Kerton Ngayogyakarta Hadiningrat duwé monumen (hidup) kang igati banget, lan bisa dadi sumber "mata air" visi kang jernih, malahan Insight kang kaping 10, ya iku Holding the Vision (mengguri lan mengarep).[3]

Keistimewaan Kabudayan Yogyakarta[besut | besut sumber]

Kabudayan ngayogyakarta
Kabudayan ngayogyakarta

Jogèd Budaya[besut | besut sumber]

Jogèd Bedaya ing Karaton Ngayogyakarta, asring dikaitake karo carita kang Sultan Agung pepanggihan karo Nyai Roro Kidul.[3] Mituruté wong rikala biyèn, jogèd bedaya ketawang iku simbul saka kisah utawa cariyos yèn Sultan Agung pepanggihan Nyai Roro Kidul kang parasé ayu rahayu.[3]. Awit saka iku, tanpa sadhar, Sultan Agung nandhang wuyung marang Nyai Roro Kidul sapunika.[3] Amarga, ora sadhar Sultan Agung ndhadhak wis tekan ing dasarané samodra.[3] Panggonan mau iku pura kang dadi singgasana Ratuné Segara Kidul.[3] Kanggo beneré carita kala mau, isih durung éntuk kesepakatan saka para ahli.[3] buku: sajarah peradaban manungsa Jaman Mataram Islam, taun penerbitan kapisan 1988 lan taun penerbitan kaping kalih 1993.[3].

Kabudayan Adi Luhung[besut | besut sumber]

Kabudayan Adi Luhung

Gambarané manungsa idéal iku bisa katon ing Sêrat Cênthini, iku kalébu salah sawijining karya sastra kang kondhang amarga pengolahan génré sastra santri lêlana utawa santri mangembara.[4] Ing Sêrat Cênthini iku nyebutaké yèn santri mangembara iku ora mung santri biyasa, nanging salah sawijiné tokoh kang kondhang, kaya ta putra-putriné wangsa Giri kang wis kélangan kuwasa pulitiké.[5]

Manèka Werna Istimewané Laladan Yogyakarta[besut | besut sumber]

JSuasana disekitar karaton ngayogyakarta


  • Perjuangan babagan Wiyata.[6]
Kabudayan ngayogyakarta

Taman Siswa kang diyasa Ki Hajar Dewantara, Muhammadiyah dipelopori karo K.H Ahmad Dahlan.[3] Sakabehe iku penggerak pendidikan nasional.[3]. Tuladhané: UGM iku kalebu Universitas tuwa dhéwé ing Indonésia kang dadi Universitas perjuangan.

  • Sumber Kearifané Rakyat.[3]
Kabudayan ngayogyakarta

Kearifan rakyat Yogyakarta iku duwé sumber-sumber saka kitab-kitab kuna, kaya ta:kakawin, tembang gedhé, macapat, babad, kidung, lan carita panji.[3] Sakabehe iku tandha bukti yèn rakyat Yogyakarta duwé ketrampilan tulis menulis punjul 14 abad.[3]

  • Kutha krajan Perjuangan.[3]

Antarane taun 1946-1949, Kutha krajan RI ana ing Yogyakarta[3]. Sakabehe warga Yogyakarta mesthi padha seneng yèn laladane iku dadi penyangga perjuangan.[3].

Kudu diakui, yèn rikala Indonésia merdeka antarané kasultanan lan pakualaman iku bisa tetep akur utawa harmonis lan kompak kanggo ngudi rakyat.[3].

Ketrampilan kang dadi tradisi lésan bisa awujud pentas kethoprak, wayang wong, lan wayang purwa kang mawa simbolik mesthi nyelipake pandangan hidup.[3] Loyalitas wong désa marang ukum lan pamrintah utawa nagara iku ana ing idiom formal dhéwé, ya iku désa mawa cara nagara mawa tata.[3] Ya iku désa karo adat istiadat, nagara karo undang-undang.[3] Lan kesetiaan marang pamrintah utawa pamong praja iku bakalan nuwuhaké berkah, amarga pamrintah iku dianggep lembaga kang bertanggung jawab kanggo jaga lan ngupayakake tatanan sosial gemah ripah loh jinawi karta raharja.[3] Tokoh Sumantri ing pewayangan iku bisa anggambarake tokoh loyalitas ing Karajan Maespati kang dipanggedhèni Prabu Arjuna Sasrabahu.[3] Kesetiaan iku mau digambarake Mangkunegoro IV ing Serat Tripama.[3]

Baju prajurit

Wawasan Tata Praja[besut | besut sumber]

Saben pengetan upacara mirunggan utawa mligi, kaya ta pengetan penobatane Sultan lan penampilane Sultan ing bangsal pisowanan karo Upacara dalem, ya iku regaliane kraton kang kapirang saka:

Gambarané babagan dinamika panguripan kraton dirunut nalika taun 1877-1939 ing mangsa pamaréntahané Hamengkubuwana VII (1877-1921) lan mangsa Hamengkubuwana VIII(1921-1939).[6] Nalika ing mangsané pamrintah Hamengkubuwana VII kadadéan pola géséran panguripan kraton kang duwé kaitan karo busana kang digunakaké para Bangsawan.[6] Nalika Hamengkubuwana VII munggah singgasana ing tanggal 13 Agustus 1877, kadadéan ikatan politis karo pamrintah kolonial Walanda.[7] Sajeroning perjanjian dinyatakaké yèn ratu bakalan tundhuk karo ketentuan kang digawé Gubernur.[7] Nalika Hamengkubuwana VII munggah singgasana ing tanggal 13 Agustus 1877, kadadéan ikatan politis karo pamrintah kolonial Walanda utawa Walanda.[7] Sajeroning perjanjian dinyatakaké yèn ratu bakalan tundhuk karo ketentuan kang digawé gubernur.[7]

Perjanjian[besut | besut sumber]

Perjanian kang digawé Gubernurmen katur Raja.[7], ya iku:

  1. Perbaikan kepulisian lan pangadilan, karo nempataké asistèn rèsidèn ing pedalaman, kaya ta ing Sala, utawa tumindak kang liyané.[6]
  2. Pemeliharaan ratan lan kreteg.[6]
  3. Kewajiban kanggo mélu makarya peksa kanggo penyéwa tanah.[6]

Awit saka persetujuan Demang, Sultan mènèhi putusan katur Gubernur olèh orané tanah kraton diolah kanggo kepentingan Walanda.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c http://www.krembanganpanjatan.co.cc/2010/12/sejarah-keistimewaan-laladan-istimewa.html
  2. a b Sajarah Kutha Ngayogyakarta ing situs resmi
  3. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag [Dr. Purwadi. 2003. PERJUANGAN KRATON YOGYAKARTA Jasa Sri Sultan Hamengkubuwana I-X Dalam Memakmurkan Rakyat. Banten. Penerbit:Krakatau Press Jl. Kotasari 55 Cilegon]
  4. [Behrend. 1989:79-91. Djambatan. Jakarta. Penerbit:Museum Sonobudoyo]
  5. [Soebardi.1971:333]
  6. a b c d e f g [Mari S. Condronegoro.1995. Busana Adat Kraton Yogyakarta. Yogyakarta. Penerbit:Pustaka Nusatama]
  7. a b c d e [Soedarisman.1985.Kadipaten Paku Alaman.Yogyakarta.Penerbit:Gama Press]