Menyang kontèn

Kecilakan ATR 42 Indonesia Air Transport 2026

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kacilakan ATR 42 Indonesia Air Transport 2026
PK-THT ingkang kacilakan
Ringkesan kadadéan
Tanggal17 Januari 2026
RingkesanControlled Flight Into Terrain (CFIT)
SanaGunung Bulusaraung, Kabupatèn Pangkajene Kapuloan, Sulawesi Kidul
4°57′08″S 119°42′54″E / 4.95222°S 119.71500°E / -4.95222; 119.71500Koordhinat: 4°57′08″S 119°42′54″E / 4.95222°S 119.71500°E / -4.95222; 119.71500
Panumpak3
Kru7
Pati1
Ilang9
JinisATR 42-500
OperatorIndonesia Air Transport (IAT) dipunginakaken dening Ditjen PSDKP Kanayakan Sagara lan Minakarya Indonésia
Flight originPapan Anggegana Adisutjipto (JOG)
DestinationPapan Anggegana Internasional Sultan Hasanuddin (UPG)

Pesawat ATR 42 gadhahipun Indonesia Air Transport (IAT) kanthi registrasi PK-THT nemahi kacilakan nalika tanggal 17 Januari 2026 wektunipun nindakaken penerbangan saking Papan Anggegana Adisutjipto, Yogyakarta, tumuju Papan Anggegana Internasional Sultan Hasanuddin, Makassar.[1][2] Pesawat jinis ATR 42-500 kasebat dipunwartosaken ilang kontak wonten ing wewengkon Kabupatèn Maros, Sulawesi Kidul, saderengipun kapanggih dhawah lan risak wonten ing kawasan Gunung Bulusaraung, watesing Kabupatèn Maros lan Kabupatèn Pangkajene lan Kapuloan (Pangkep).[3]

Insidèn punika mbetahaken operasi pamadosan lan pitulungan kanthi skala ageng ingkang nglibataken Basarnas, AirNav Indonesia, TNI Angkatan Udara, sarta unsur pemerintah dhaérah lan masyarakat sakupengipun.[4] Komite Nasional Keselamatan Transportasi (KNKT) nggolongaken kacilakan punika minangka Controlled Flight Into Terrain (CFIT).[5][6][7]

Latar wingking lan riwayat teknis

[besut | besut sumber]

Sedinten saderengipun kacilakan, ing dinten Jemuwah, 16 Januari 2026, pesawat ATR 42-500 kasebat dipunwartosaken nemahi gangguan mesin nalika wonten ing Papan Anggegana Halim Perdanakusuma, Jakarta.[8][9] Direktur Operasional Indonesia Air Transport, Capt. Edwin, mratelakaken bilih gangguan kasebat sanès kalebet masalah ingkang awrat lan saged dipun-dandani kanthi wektu ingkang sekedhap.[10][11]

Sasampunipun dipun-dandani, pesawat dipun-pratelakaken layak mabur lan kasil nindakaken penerbangan dhateng Yogyakarta kanthi wilujeng.[12] Ing dinten candhakipun, pesawat nglajengaken penerbangan tumuju Makassar.[13]

Pesawat kasebat dipun-séwa dening Kementerian Kelautan lan Perikanan kagem kaperluan pemantauan lan pengawasan aktivitas penangkapan ikan ilegal.[14] Sanadyan mekaten, pihak KKP dèrèng saged mesthekaken punapa kegiatan pengawasan punika dipun-tindakaken nalika penerbangan kasebat.[15]

Pesawat

[besut | besut sumber]

Pesawat ingkang nalami kacilakan punika nggadhahi spesifikasi kados mekaten:[16][17]

Kronologi kedadosan

[besut | besut sumber]

Lepas landas lan ilang kontak

[besut | besut sumber]

Pesawat lepas landas saking Papan Anggegana Adisutjipto (JOG), Yogyakarta, ing dinten Setu, 17 Januari 2026, pukul 08.08 WIB. Pesawat punika ngasta 10 tiyang ingkang kapérang saking 7 kru pesawat lan 3 panumpang.

Nalika pukul 12.23 WITA (04.23 UTC), pesawat dipun-arahaken dening pemandu lalu lintas udara (ATC) Makassar Area Terminal Service Center (MATSC) kagem nindakaken pendhekatan (approach) tumuju landasan pacu (runway) 21 wonten ing Papan Anggegana Internasional Sultan Hasanuddin. Nanging, radar ndeteksi bilih pesawat mboten wonten ing jalur pendhekatan ingkang samesthinipun. ATC sempet maringi instruksi koreksi posisi lan arahan lajengan, nanging komunikasi kapedhot sakderengipun instruksi pungkasan dipun-paringaken. Pesawat kanthi resmi dipun-wartosaken ilang kontak nalika pukul 13.37 WITA.

Pamadosan lan kepanggihing pesawat

[besut | besut sumber]

AirNav Indonesia nuli netepaken fase darurat DETRESFA (Distress Phase). Upaya pamadosan punika nglibataken tim SAR gabungan saking Basarnas, TNI Angkatan Udara, lan kepolisian.

Ing dinten Minggu énjing, 18 Januari 2026, titik dhawahipun pesawat kasil dipun-identifikasi wonten ing kawasan Gunung Bulusaraung, ingkang kalebet wewengkon watesing Kabupatèn Maros lan Kabupatèn Pangkajene lan Kapuloan (Pangkep).

  • 07.17 WITA: Tim patroli udara manggihaken serpihan awal awarni pethak.
  • 07.46 WITA: Katingal serpihan jendhéla pesawat saking helikopter pemantau.
  • 08.02 WITA: Tim dharat manggihaken serpihan ageng pesawat wonten ing sisi lèr pucuk redi.
  • 08.09 WITA: Pérangan badan lan buntut pesawat kapanggih wonten ing léréng sisih kidul redi kasebat.

Upaya evakuasi

[besut | besut sumber]

Respons awal

[besut | besut sumber]

AirNav Indonesia Cabang MATSC nuli nindakaken koordinasi kaliyan Rescue Coordination Center (RCC) Basarnas Pusat, Kepolisian Resor Maros, sarta otoritas bandara. Bandar Udara Sultan Hasanuddin mbikak Crisis Center minangka punjer koordinasi informasi.

Target awal pamadosan dipun-fokusaken wonten ing kawasan pegunungan kapur Bantimurung, kalebet wewengkon Desa Leang-leang, Kabupatèn Maros. Notice to Airmen (NOTAM) dipun-medalaken kagem nyengkuyung kaselamatan navigasi udara nalika operasi pamadosan lumampah.

Tim Sar gabungan wonten ing celakipun lokasi kapanggihing puing PK-THT

Katerlibatan TNI Angkatan Udara

[besut | besut sumber]

TNI Angkatan Udara ngerahaken unsur udara lan dharat kagem nyengkuyung operasi SAR. Pamadosan saking udara dipun-tindakaken ngginakaken helikopter H225M Caracal saking Skadron Udara 8 lan pesawat Boeing 737-200 saking Skadron Udara 5.

Sasampunipun titik dhawahipun pesawat kasil dipun-identifikasi wonten ing kawasan Gunung Bulusaraung, TNI AU nurunaken gangsal personel Korps Pasukan Gerak Cepat (Korpasgat) lan satunggal personel Basarnas dhateng lokasi ngginakaken helikopter. Kajawi punika, tim dharat gabungan saking Lanud Sultan Hasanuddin, Yon Parako 473 Korpasgat, lan Yon Arhanud 23 Korpasgat dipun-kerahaken kagem nyantosani pamadosan wonten ing medan dharat.

Gunggungipun personel SAR gabungan ingkang ndhérék kacathet dumugi 400–500 tiyang.

Kapanggihing kurban

[besut | besut sumber]

Tim SAR gabungan manggihaken satunggal kurban wonten ing jurang celak lokasi serpihan pesawat nalika tanggal 18 Januari 2026. Kurban kasebat kapanggih mboten tebih saking titik dhawah utami pesawat lan wonten ing léréng redi.

Kurban dipun-evakuasi tumuju Posko AJU Tompobulu, Kabupatèn Pangkep, saderengipun dipun-asta dhateng Rumah Sakit Bhayangkara Makassar kagem proses identifikasi dening tim Disaster Victim Identification (DVI). Dumugi laporan punika dipun-susun, identitas resmi kurban dèrèng dipun-umumaken dening otoritas.

Panumpang lan kru

[besut | besut sumber]

Kru pesawat (7 tiyang)

[besut | besut sumber]
  • Andy Dahananto (Kapten)
  • Muhammad Farhan (Co-Pilot)
  • Restu Adi
  • Dwi Murdiono
  • Florentea Lolita
  • Esther Aprilita S.
  • Hariadi

Panumpang (3 tiyang)

[besut | besut sumber]

Tiga panumpang punika minangka pegawé Kementerian Kelautan dan Perikanan Republik Indonesia (KKP) ingkang saweg nindakaken tugas pengawasan sumber daya kelautan lan perikanan saking udara:

  • Ferry Irawan – Penata Muda Tingkat 1 / Analis kapal pengawas
  • Deden Mulyana – Penata Muda Tingkat 1 / Pengelola barang milik negara
  • Yoga Naufal – Operator foto udara

Investigasi

[besut | besut sumber]

Komite Nasional Keselamatan Transportasi (KNKT) mratelakaken bilih kacilakan punika dipun-golongaken minangka Controlled Flight Into Terrain (CFIT). Wonten ing kategori punika, pesawat saestunipun taksih wonten ing kendali kru, nanging nempuh medan utawi léréng redi.

KNKT nyebataken bilih pesawat nempuh léréng Gunung Bulusaraung, ingkang njalari pesawat pecah dados sawetara pérangan. Dumugi wektu punika, KNKT taksih nindakaken investigasi lajengan kagem nemtokaken faktor ingkang njalari kacilakan, kalebet kemungkinan pengaruh cuaca, kondisi operasional, sarta aspek teknis pesawat.

Tanggapan pemerintah lan DPR

[besut | besut sumber]

Menteri Koordinator Bidang Infrastruktur dan Pembangunan Kewilayahan, Agus Harimurti Yudhoyono, mesthekaken bilih pemerintah badhé nindakaken investigasi kanthi jangkep babagan kacilakan punika lan terus mantau proses evakuasi.

Sawetara punika, Komisi V DPR RI nyuwun dhateng Kementerian Perhubungan lan KNKT kagem nindakaken audit dhateng pangrimatan (pemeliharaan) lan kelaikudaraan pesawat, amargi yuswa pesawat ingkang sampun beroperasi wiwit taun 2000 sarta potensi pengaruh cuaca ekstrem wonten ing wewengkon Indonesia pérangan tengah lan wétan.

Kondisi cuaca

[besut | besut sumber]

Informasi awal nuduhaken bilih jarak pandang ing sakiwa-tengené lokasi kedadosan dumugi kirang langkung 8 kilometer kanthi kondisi sekedhik mawang (berawan).[18] Nanging, wonten ing kawasan pegunungan Bulusaraung, kondisi cuaca dipun-wartosaken kabut kandel lan saged éwah kanthi cepet, saéngga nyulitaken operasi pamadosan lan evakuasi.[19] Koordinasi lajengan dipun-tindakaken kaliyan Badan Meteorologi, Klimatologi, dan Geofisika (BMKG).

Ugi pirsani

[besut | besut sumber]

Referensi

[besut | besut sumber]
  1. antaranews.com (2026-01-17). "Pesawat ATR hilang kontak di Maros dalam tahap pencarian". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  2. Liputan6.com (2026-01-17). "Pesawat ATR 42-500 Hilang Kontak di Maros, Kemenhub Kasih Penjelasan". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  3. "Pesawat ATR 42-500 jatuh di Sulsel – Apa saja yang sudah diketahui?". BBC News Indonesia (ing basa Indonesia). 2026-01-18. Dibukak ing 2026-01-18.
  4. "Detik-detik Jatuhnya Pesawat ATR yang Disewa KKP di Sulawesi Selatan, Begini Cerita Saksi Mata". Tribunsumsel.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  5. rijal.yunus@kompas.com, Saiful Rijal Yunus- (2026-01-19). "Mengenal CFIT, Situasi Pesawat ATR 42-500 yang Menabrak Gunung Bulusaraung". Kompas.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-19.
  6. developer, mediaindonesia com. "Pencarian Pesawat ATR 42-500 Tetap Dilakukan Malam Hari di Empat Titik". mediaindonesia.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  7. antaranews.com (2026-01-17). "Kemenhub: Pesawat ATR hilang di Maros dilaporkan memuat 10 orang". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  8. developer, mediaindonesia com. "5 Fakta Pengakuan IAT soal Pesawat ATR 42-500, Mesin Sempat Bermasalah". mediaindonesia.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-19.
  9. Soplantila, Reinhard. "IAT Ungkap Mesin Pesawat ATR 42-500 Sempat Masalah Sehari Sebelum Jatuh". detiknews (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-19.
  10. "Rangkaian Peristiwa sebelum Pesawat ATR 42-500 Tabrak Gunung". dw.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-19.
  11. "Capt Edwin Akui Mesin ATR 42-500 Bermasalah Sebelum Jatuh di Pangkep". Tribun-timur.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-19.
  12. "Maskapai Ungap Pesawat ATR 42-500 Sempat Alami Masalah Mesin Sehari Sebelum Kecelakaan". Kompas.tv (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-19.
  13. "Pesawat ATR 42-500 jatuh di Sulsel – Apa saja yang sudah diketahui?". BBC News Indonesia (ing basa Indonesia). 2026-01-18. Dibukak ing 2026-01-19.
  14. NtvNews.ID. "Sebelum Jatuh, Pesawat ATR 42-500 Sempat Alami Kendala Mesin - Ntvnews.id". www.ntvnews.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-19.
  15. rijal.yunus@kompas.com, Saiful Rijal Yunus- (2026-01-18). "Sehari Sebelum Kecelakaan, Pesawat ATR 42-500 Alami Masalah Mesin". Kompas.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-19.
  16. developer, mediaindonesia com. "Spesifikasi Pesawat ATR 42-500 Jangkauan, Kecepatan, dan Kapasitas Operasional". mediaindonesia.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  17. antaranews.com. "Pesawat ATR 42-500 yang hilang kontak ditemukan - Infografik ANTARA News". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  18. antaranews.com (2026-01-18). "Cuaca dan awan tebal sulitkan pencarian pesawat ATR 42-500". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.
  19. antaranews.com (2026-01-18). "BPBD Makassar: Cuaca jadi tantangan utama pencarian pesawat ATR 42-500". Antara News (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2026-01-18.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Kecelakaan dan insiden penerbangan tahun 2026