Menyang kontèn

Kasrin Endroprayono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kasrin Endroprayono ya iku salah sawijining pawongan kang lair ing Muntilan, Magelang, wulan Agustus taun 1941. Kasrin Endroprayono iku pegiyat pahatan saka watu kang isih terus èksis nganti jaman saiki. Kasrin iku lulusan saka Sékolah Tèknik Négéri utawa saiki SMP. Nalikanè isih cilik Kasrin Endrapayono ora tértarik marang kagiyatan iki, dhéwéké mikir yèn amèh gawè pahatan saka watu iku butuhakè ténaga kang luwih akèh, kaya ta kudu golèk watu ményang kali, urung manèh hawanè mésthi ya panas, lan durung témtu entuk dhuwit, sanajan bapaké Kasrin kang aran Pak Wiro Dikromo pakaryané uga tukang pahat watu, cowèk kanggo gawe bumbu masakan, lan agawe nisan.[1]

Babad Urip

[besut | besut sumber]

Ing jaman biyèn, Kasrin tau salah tampa marang apa kang dadi pésén saka bapaké, Nganti dhéwéké ora gélém latihan malah nglebokake watu ményang jéro bèsèk (wadhah kang kagawe saka pring sing di gawe tipis banjur di anyam lan dibéntuk dadi kothak).[2] Banjur ing wénginè sadurungè turu, Kasrin nuthuk-nuthuk watu karo darasakè kepinginan. Mangérteni lélakoné putrane kuwi Bapak Wiro amung bisa nggéguyu lan mènèhi pésén yèn saumpama Kasrin bisa némokake Mustikaning watu dhéwéké bisa urip, bisa mabur, lan bisa nyébrangi ségara. Sabanjure iku Kasrin mikirke apa kang wis dadi pesénè sang bapak iku, lan nglékasi anggonè mahat watu. Karyanè sing pisanan ya iku dudu awujud cowèk, nisan, utawa umpak, ananging awujud rupa lan awak manungsa. Kira-kira taun 1958 Kasrin agawe topèng saka watu amarga èntuk inspirasi saka séni pertunjukan Rakyat Pénthul (Pénthul yaiku salah sawijining topèng kang maneka warna béntuke, ananging biasane dibéntuk miturut kékreatifanè masyarakat ing sékitarane) lan Témbém Tejawarna (Témbém yaiku salah sawijining topèng kang awujude bisa rupa manungsa lanang lan wadon) [3]. Ing Muntilan. Sanadyan ta ora sinau marang sing wis ahli, Dhéwéké bisa tlatèn lan tékun nyinaoni pahatan watu kanthi otodidak.

Patung Budha

[besut | besut sumber]

Amarga kèlingan apa kang dadi péséné sang bapak, dhéwéké kudu bisa yakin, wani, lan tékun, Akhiré Kasrin sétuju marang apa kang dadi tawaran iku mau. Banjur dhéwéké ményang candhi Borobudur numpak onthèl kang adohé nganti 9 km. Tumékane Kasrin ing Borobudur dhéwéké banjur ngilani (ngukur nganggo tangan) lan tumuju marang kali Pabelan kanggo golèk watu kang pada karo sing di ukur mau. Nalika agawé patung Budha iki, usahané Kasrin ora lancar ngono waé, ananging dhéwéké kudu bola-bali ményang candhi Borobudur kanggo masthèkake ukiran patung kanthi Detail. Yèn saiki Kasrin wis rumangsa kabantu karo ténaga kamera HP. Kanthi nurut wéjangan bapake Kasrin yakin yèn karyane iku bisa rampung kagarap kanthi wéktu sésasi. Amarga kreatifitas lan ketekunané, Kasrin banjur èntuk pésénan kang akèh lan diprécaya marang akèh uwong kanggo gawe pahatan watu maneka rupa.

Dikunjara

[besut | besut sumber]

Nalika ana tragèdi ing tanggal 30 Sèptèmbér 1965, Kasrin Endroprayono uga di tangkép marang Pémérintah amarga ana salah tampa. Wiwitané Kasrin èntuk pésénan kang dhéwéké kudu agawe 3 patung, yaiku patung Tani kang gawa Arit, patung Buruh kang gawa Palu, lan patung Prajurit kang dawané kurang luwih 4 mètér, patung iku awale amèh kaénggo arak-arakan lambang PKI kang kawiwitan saka Bali tumékane Jakarta. Amarga èntuk pésénan iku mau Kasrin ora mangértèni marang risiko apa kang bakal némahi lelakon uripe, dhéwéké uga ora mangértèni yèn patung sing kagarap iku duwèni arti sing sènsitif ing kawasan Politik,patung iku duwèni makna kang biasane aran Palu-Arit. Kanggo awujud rasa tanggungjawabe Kasrin kanthi tumémén lila diukum ing pakunjaran. Sanadyan ta urip ana ing njéro sèl pakunjaran, Kasrin ora bisa lèrèn lan ngandhegake inspirasi lan anggone ngolah kékrèatifane, dhéwéké uga tétép agawe pahatan watu sinaosa alat kang digunakake amung nganggo paku kanggo nyongkèl watu. Asil pahatane iku akhire di pasarke ményang sipir tahanan. Miturut Kasrin filosofi Gunung Mérapi, Candhi Borobudhur, lan Prumpung ora bisa dipisah amarga Gunung Mérapi iku sumbér watu sing digunakake Kasrin kanggo agawe pahatan, Candhi Borobudhur dadi Motivasi lan sumbér Inspirasi kanggo agawe pahatan watu, lan Prumpung ya iku dadi panggone Kasrin kanggo miwiti lan ngrémbakakake usahane.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Megandika, Wicaksono (9 Novèmber 2018). "Kasrin Endroprayono, Meresapi Intisari Batu". Kompas. Diarsip saka sing asli ing 2020-11-24. Dibukak ing 4 Oktober 2019.
  2. rendy. "Arti Kata Besek Di Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI)".
  3. "ISTILAH-ISTILAH KESENIAN REOG DI KABUPATEN BOYOLALI (SUATU KAJIAN ETNOLINGUISTIK)". Skripsi: 96. 2009. {{cite journal}}: |first= missing |last= (pitulung); line feed character in |title= at position 30 (pitulung)[pranala mati permanèn]