Menyang kontèn

Kapanjèn Sanggrahan Berbah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wangunan Kapanjèn Sanggrahan Berbah

Kapanjèn Sanggrahan Berbah punika dedunung wonten ing dhusun Sanggrahan, Kalurahan Tegaltirto, Kecamatan Berbah, Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Wangunan punika kala semanten naté dipunginakaken kagem kantor Kecamatan Berbah. Taun 2011, wangunan punika dipunkosongaken ananging taksih dados darbèké Pamarentah Kecamatan Berbah. [1]

Sejarah

[besut | besut sumber]

Wiwitanipun wewangunan Kapanjén punika dados papan kagem kèndel para pangiring jenazah ratu-ratu Keraton Kartasura lan Surakarta nalika badhe dipunsarèkaken wonten ing Imogiri. Tenaga manungsa taksih dipunginakaken kagem bekta jenazah ingkang dipunrewangi kaliyan kréta ingkang dipungèrèt jaran kala semanten. Ananging, amargi lelampahan ingkang tebih, para pangiring jenazah wau padha kèndel wonten Bangsal Palereman ing Prambanan lan ugi wonten ing Kapanjèn Berbah. Sasampunipun wonten stasiun Kalasan, jenazah para ratu boten dipunbekta kagem krèta jaran malih, ugi para pangiring boten kèndel wonten ing Kapanjèn Berbah lan Bangsal Palereman Prambanan. Pasaréan Pakubuwana X taun 1938 miturut: Pawarti Surakarta, ginakaken sepur saking Stasiun Jebres, dados papan kagem kèndel boten dipunprèlukaken. [2]

Kondhisi Wewangunan

[besut | besut sumber]

Wangunan Kapanjèn Sanggrahan Berbah punika wewangunan tilasan saking Walanda. Saking corak arsitekturipun, kinten-kinten wewangunan menika dipunadegaken sesarengan kaliyan Stasiun Kalasan taun 1929-1930. Kapanjèn Berbah punika dipunadegaken ngagem langgam Indis inggih punika campuran gaya Eropa kaliyan gaya tradhisional lokal. Cirinipun inggih punika tapak wewangunanipun wiyar, plangitanipun dhuwur, cendhéla lan lawangipun ageng ingkang awujud louvre/krepyak kaliyan vèntilasi (bouvenlicht), lan témbok ingkang kandel. Wewangunan punika taksih ginakaken komposisi ingkang asli, namung muwuhaken ing babagan cendhéla, kolom, payon, lan jrambah sarta plafon. [1]

Wewengkon Kapanjèn

[besut | besut sumber]
Wangunan Kapanjèn Sanggrahan Berbah

Wewangunan Utama Kapanjèn inggih punika awujud plangitan limasan ingkang kacampur kaliyan plangitan kampung wonten ing wuwuhan senthong ing wingking sisih wetan. Tatanipun wewangunan kaperang saking ruang ingkang menga wonten ngajeng, senthong wonten tengah, lan senthong wonten wingking kagem gudhang, senthong rencang, pawon, lan padusan. Wewangunan Utama kaperang dados:

  • Ruang ingkang menga gadhah gina kagem mertamu wonten ing ngajeng, ukuranipun 12,30m x 6,70m.
  • Senthong ingkang kaperang dados sekawan kagem sare, setunggal senthong wonten tengah kagem kaluwarga (tatanipun sami kaliyan Dalem Ageng Ambarukmo). Kalih senthong gadhah ukuran 4,60m x 4,10m, kalih senthong gadhah ukuran 4,50m x 4,10m, lan setunggal senthong kaluwarga gadhah ukuran 9,10m x 4,10m.
  • Senthong wonten wingking kaperang dados tiga, gudhang ukuranipun 3,50m x 2,825m, senthong kangge rencang, pawon, lan padusan ukuranipun 3,50m x 3,20m. Padusanipun kaperang dados kalih.
  • Wonten wingking wewangunan utama lan ngajeng senthong ing wingking wonten emperan.

2. Pavilium inggih punika wewangunan kanthi plangitan kampung. Papanipun wonten sisih kilèn Wewangunan Utama. Sapunika, dipunagem kangge ruang arsip. Pavilium gadhah ukuran 3,80m x 8,50m.

Ing wewengkon Kapanjèn Berbah punika wonten wewangunan enggal ing sisih ngajeng, wetan, lan wingking. Wangunan enggal punika gadhah kemungkinan bucalaken wangunan lawas, amargi wonten ing ngajeng Wangunan Kepanen wonten Pendhapa enggal menawi saking arsitekturipun boten sami kaliyan wangunan lawas.[1]

Sarat Wangunan Cagar Budaya

[besut | besut sumber]

Wangunan Kapanjèn Sanggrahan Berbah punika saged dados Wangunan Cagar Budaya amargi wangunan punika tandha tekti bilih wewangunan punika dados papan kagem kèndel para pangiring jenazah ratu-ratu Kraton Kartasura lan Surakarta, wangunan punika makili mangsa khas tandhanipun saking arsitekturipun lan wujud konstruksi saking tradhisional lan Indis, tingkat kangge dipuncilakakaken dhuwur amargi wangunanipun sampun dangu boten wonten ingkang manggon, wangunan menika tilaran mangsa kala semanten ananging taksih gadhahi yekti arsitektur lan konstruksi, lan wangunan menika gadhah gegayutanipun kaliyan sejarah Pamarentah Kabupaten Sleman.[2]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-06-02.
  2. 1 2 "Bangunan Kepanjen di Sanggrahan Berbah". Kebudayaan Sleman. 2020-06-25.[pranala mati permanèn]