Menyang kontèn

Kantor Pagadhéan Tèmpèl

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wangunan Kantor Pagadhéan Tèmpèl.

Kantor Pagadhéan Tèmpèl (Carakan: ꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦥꦒꦝꦺꦪꦤ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺꦭ꧀; cara Indonésia: Kantor Pegadaian Tempel) iku salah sawijining wangunan cagar budaya ing Sléman. Wangunan iki kaprenah ing Dhukuh Lodhoyong, Lumbungreja, Tèmpèl, Sléman. Kantor iki diyasa ing taun 1913-1914 M.[1]

Kantor iki dimonopoli déning Walanda sawisé kababaré Staadsblad 1914 No. 794. Nalika jaman Jepang, kantor iki lan kantor pagadhéan liyané kang ana ing laladan Ngayogyakarta diawasi déning swapraja, ateges kantor pagadhéan pusat ora nduwèni hak tumrap urusan pagadhéan kang ana ing daérah-daérah.[2]

Nuli nalika jaman perang kamardikan, kantor iki tau dipigunakaké minangka papan ndheliké para prajurit RI. Sawisé jaman kamardikan nganti taun 2002, wangunan iki dipigunakaké manèh minangka Kantor Pagadhéan Unit Tèmpèl.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Diarsip saka sing asli ing 2025-01-24. Dibukak ing 2025-05-27.
  2. Dinas Kebudayaan DIY. "Kantor Pegadaian Tempel". Dinas Kebudayaan Daerah Istimewa Yogyakarta. Diarsip saka sing asli ing 2025-01-24. Dibukak ing 2025-05-27.