Menyang kontèn

Kantor Kapanéwon Kalasan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Kantor Kapanéwon Kalasan (Carakan: ꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦏꦥꦤꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀; cara Indonésia: Kantor Kapanewon Kalasan) mapan wonten ing Padukuhan Krajan, Desa Tirtomartani, Kapanéwon Kalasan, Kabupatèn Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Kantor Kapanéwon Kalasan menika taksih anggènipun Kasultanan Ngayogyakarta. Ananging, ingkang ngrimat inggih menika Pamréntah Kabupatèn Sleman. [1]

Sejarah

[besut | besut sumber]

Wonten ing warsa 1905, Kasultanan Ngayogyakarta amara wilayahipun dados tiga, inggih menika Mataram, Kulon Progo, lan Gunungkidul. Wilayah Mataram menika isinipun Kabupatèn Pakualaman, Kabupatèn Bantul, Kabupatèn Kalasan, kaliyan Kabupatèn Sléman. Menawi Kabupatèen Sléman isinipun Godéan, Joèsmeneng, Mlati, Ngijon, Gamping, Klegung, kaliyan Balong. Kabupatèn Kalasan isinipun wonten gangsal, inggih menika Berbah, Kejambon, Krapyak, Prambanan, ugi Kota Gedhé. Wonten ing warsa 1916, Kasultanan Ngayogyakarta amara wilayahipun malih dados tiga, inggih menika Kabupatèn Kalasan, Bantul, kaliyan Sléman. Ananging, wonten warsa 1927, Kabupatèn Sléman ugi Kabupatèn Kalasan dipunilangi. Wonten ing warsa 1940, Sri Sultan Hamengku Buwana medalaken Rijkblad Van Yogyakarta 1940 No. 13 ingkang mbagi Kasultanan Ngayogyakarta dados sekawan Kabupatèn, inggih menika Sléman, Kulon Progo, Gunungkidul, kaliyan Bantul. Wonten warsa 1942, nalika wanci Jepang anjajah Indonésia, Kabupatèn Yogyakarta dados tiga Kawedanan, inggih menika Kutha, Sleman, kaliyan Kalasan.[2]

Wewangunan

[besut | besut sumber]

Wewangunan wonten Kantor Kapanéwon Kalasan menika dados salah satunggaling wewangunan Cagar Budaya wonten Ngayogyakarta. [1] Wewangunan menika wonten kathah komponen wewangunan ugi struktur, inggih menika:Wewangunan lami Kantor Kapanèwon Kalasan, Wewangunan tilasipun Dalemipun Dinas Camat, Struktur Gapura lan Pager, Wewangunan Pendhapa, Wewangunan Mushola, Wewangunan Puskesmas Pambiyantu, Dalemipun Dinas Camat (énggal), Wewangunan Balai Penyuluhan Keluarga Berencana (BPKB) Kalasan (énggal).

Wewangunan lami inggih menika Wewangunan Kantor Kapanèwon Kalasan, wewangunan tilasipun Dalemipun Dinas Camat, uga Struktur Gapura lan Pager. Wewangunan lami menika ngadhep kidul wétan, uga nggadhahi arsitektur wewangunan Indis ingkang cirinipun nggadhahi témbok ingkang kandel, cendhela lan lawangipun dhuwur, saha gendhèngipun awujud limas. Wonten tiga modhèl lawang wonten wewangunan menika, inggih menika lawang krépyak mati, lawang panil kaca, uga lawang papan kayu. Wewangunan lami menika nggadhahi denah wujud persegi panjang ingkang amba kanthi sayap wonten kiwa lan tengen, uga menjorok wonten ngajeng. Wewangunan menika wonten gangsal bagean, kalih ruang sayap, uga wonten ruang ten wingking.[2]

Kantor Kapanéwon Kalasan.

Ruang Sayap Kiwa, menika ukuranipun 3,4 m x 6,28 m. Ruangan menika fungsinipun ruangan kagem dolanan anak-anak. Ruangan menika nggadhahi kalih lawang, ingkang sisih Wétan menika nyamabungaken ruangan menika kalih téras jawi. Ingkang sisih Kilèn, arahipun wonten ngajeng ingkang dipuniseni dolanan anak-anak. Ruang Sayap Tengen, ukuranipun inggih menika 3,49 m x 6,28 m. Ruangan menika fungsinipun kangem gudhang utawa ruang arsip. Lawang ingkang sisih Wétan nyambungaken téras ngajeng. Menawi lawang ingkang sisih Kilèn, arahipun dhateng gudhang lintunipun ingkang linuwih amba (2,7 m x 21 m). Gangsal Ruang Utami menika isinipun: Kalih Ruang Panwas (ukuranipun 3,49 m x 6,02 m dan 4,7 m x 6,02 m. Ruangan menika nyambung wonten ruang tengah), Ruang Tengah (ukuranipun 4,86 m x 6,02 m. Nggadhahi sekawan lawang ingkang arahipun dhateng Pendhapa Ngajeng, Ruang Panwas, Ruang PPK, kaliyan Ruang Wingking Wewangunan), Ruang PPK (ukuranipun 4,7 m x 6,02 m, uga nggadhahi lawang kalih lan cendhéla setunggal. Ruangan menika dipunsekat saéngga ambentuk lorong alit), Ruang PKH (ukuranipun 3,49 m x 6,02 m, nggadhahi lawang kalih kaliyan setunggal cendhéla). Wingking Wewangunan, sampun dipungantos saking téras wingking asli dados ruang-ruang tinutup. Wonten gangsal ruang ingkang fungsinipun dados gudhang kanthi ukuran: 2,95 m x 3,46 m, 2,95 m x 4,7 m, 2,95 m x 4,86 m, 4,7 m x 4,45 m.[2] Lintunipun ruangan menika, wonten kolah wonten sisih Kilen kanthi ukuran 3,7 m x 1,48 m. Wewangunan menika nggadhahi plafon ingkang dhuwuripun 4,51 m mawi adhaptasi fungsi saking wewangunan lami ingkang rumiyin dados pusat layanan kapanéwon. [1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-27.
  2. 1 2 3 "One moment, please..." kalasan.slemankab.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-05-27.[pranala mati permanèn]