Kampung Bathik Kauman
Praèn
Kampung Bathik Kauman yaiku salah siji kampung bathik sing ana ing kutha Surakarta. Kampung bathik Kauman iki cedhak karo Masjid Agung Surakarta, ing sakulone Alun-alun Lor.
Ing kampung bathik Kauman ana akeh indhustri bathik khas Kauman sing diadegake dening para warga ing kampung iki. Ing kampung bathik Kauman uga ana akeh bangunan sing ngemu sejarah. Kajaba bangunan sing wujude omah joglo, limasan, uga ana bangunan sing modhel arsitekture campuran Jawa lan kolonial, India, Eropa, Indis, Ekliik, Tionghoa lan Arab.