Kamongkogan
Aksara Latin
|
Kamongkogan (ꦏꦩꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦒꦤ꧀) utawa mongkog (ꦩꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦒ꧀) ya iku émosi sekundhèr manungsa sing ditandhani déning rasa marem kambi idhèntitas, panggawéan, utawa gegayuhané sasawong. Kamongkogan asring dianggep minangka kawalikané rasa isin utawa andhap asor[1] lan bisa dipandeng minangka kabecikan utawa piala gumantung kontèksé. Kamongkogan bisa uga ngrujuk ing pangrasa marem sing dipikolèh saka pilihan lan tumindaké dhèwèk utawa wong liya utawa amarga dadi bagéané saklumpuk wong. Kamongkogan iku byasané minangka asil pangalem, ngilo dhiri sing mandhiri, utawa pangrasa katurutan amarga dadi bagéané sawijining klumpuk.
Tembung kamongkogan bisa uga ngrujuk ing pawujudan idhèntitas klumpuk, kalebu ètnis sasawong—utamané Kamongkogan Ireng sing entuk momentum sajarah sasuwéné Obahan Hak Sipil Amérika Sarékat lan gegelutan kamardikan sadurungé—Kamongkogan Féminis sing ngoyod ing obahan hak-hak wanita lan gegelutan kasajèjèran gèndher—lan idhèntitas sèksual (tuladhané, Kamongkogan Gay utawa LGBT sing saya diwanuhi sawisé Haruhara Stonewall). Ing kontèks klumpuk minoritas iki, nuduhaké kamongkogan minangka tumindak sing nyuwawa wong-wong ing njaba klumpuk minoritas mau sing njajal nandhuraké rasa isin marang dhèwèké kabèh.
Ana uga rasa mongkog sing bisa mbarengi idhèntitas bangsa (patriotisme), idhèntitas wewengkon, utawa sesambungan liyané (tuladhané, mongkog dadi alumnus universitas). Ing kontèks iki, kamongkogan luwih asifat harfiyah.
Deleng uga
[besut | besut sumber]- Kapracayan dhiri
- Martabat
- Éfèk Dunning–Kruger
- Waham kagungan
- Pamikiran klumpuk
- Kaumukan
- Hubris
- Komplèks Ikaros
- Narsisme
- Éfèk kaliwat pracaya dhiri
- Kakolonan
- Bias ladi dhiri
- Pitung Dosa Matèni lan Patang Prakara Pungkasan
- Pitung kabecikan
- Dhuwur dhiri
- Gladri dhuwur dhiri
- Lelara kamenangan
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "PRIDE synonyms". Merriam-Webster. Dibukak ing 1-12-2023.
{{cite web}}: Check date values in:|access-date=(pitulung)
Kapustakan
[besut | besut sumber]- Cairns, Douglas L (1996). "Hybris, Dishonour, and Thinking Big" (PDF). Journal of Hellenic Studies. 116: 1–32. doi:10.2307/631953. hdl:20.500.11820/d7c5e485-cef7-490a-b67d-1b1eb4a200ef. JSTOR 631953. S2CID 59361502.
- MacDowell, Douglas (1976). "Hybris in Athens". Greece and Rome. 23: 14–31. doi:10.1017/s0017383500018210. S2CID 163033169.
- Owen, David (2007). The Hubris Syndrome: Bush, Blair and the Intoxication of Power. Politico's, Methuen Publishing Ltd.
Wacan sabanjuré
[besut | besut sumber]- Jessica Tracy (2016). Take Pride: Why the Deadliest Sin Holds the Secret to Human Success. Houghton Mifflin Harcourt. ISBN 978-0544273177.