Kali Mamberamo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Kali Mamberamo
Mamberamo River NASA.jpg
Kali Mamberamo tumuju ana ing segara, dideleng saka njaba angkasa.
Country Indonésia
Region Papua
Source Tepuké Tariku lan Taritatu
Mouth
 - location Pasifik

Kali Mamberamo iku sawijining kali dawané 670 km kang dumunung ing sisih kidul Pagunungan Foja, Kabupatèn Sarmi, Provinsi Papua. Jeneng "Mamberamo" asal saka basa Danimambe kang tegesé 'gedhé' lan ramo kang tegesé 'banyu'. Sawetara suku terasing manggon ing lembah kali kang sugih sumber keanekaragaman hayati iku.

Géografi[besut | besut sumber]

Sumber banyu kali iki asalé saka patemon antara sawetara anak kali utama, ya iku Tariku, Van Daalen lan Taritatu. Banyu kang nyawiji mau banjur mili ngalor ngliwati lembah Pagunungan Van Rees banjur tumuju marang pérangan dhelta kang arupa rawa lan dhataran cendhèk. Kali iki wusanané tekan muara ya iku ing Samudra Pasifik ing titik lor Tanjung D'Urville. Tlaga Rombebai lan Bira dumunung ing sadawané ilèn kali iki.

Kali kang dawané 670 km iki nduwé kawasan resapan sing jembaré 138.877 km². Jeroné kali watara 8 nganti 33 m. Miturut panelitèn ing taun 1983, debit banyuné bisa nganti 5.500 m³/detik.

Lanskap ing saubengé kali iki manéka warna. Ing laladan hulu arupa pagunungan kang curam, ing laladan hilir ana dhataran kang arupa rawa-rawa, lan ing pérangan tengah arupa cekungan dhataran dhuwur kang jembar. Curah udan ing laladan ilèn kali (DAS) Mamberamo bisa nganti 5.600 mm/taun.

Sajarah[besut | besut sumber]

Taun 1545, sawijining pelayar kang jenengé Yñigo Ortiz de Retez nelusuri laladan ing sadawaning pasisir lor pulo nganti tekan muara Kali Mamberamo. Ing lokasi iki, dhèwèké ngeklim pulo mau minangka duwèké Kraton Spanyol lan njenengaké Nueva Guinea ('Nugini' sajeroning basa Spanyol) kang kaloka nganti saiki.

Pamanfaatan kali[besut | besut sumber]

Warga kana ngandelaké Kali Mamberamo minangka prasarana transportasi. Lahan tanduran sagu dibudidayakaké ing sadawaning DAS Mamberamo.

Loro spésies baya kang ana ing tlatah kali iki, baaya muara (crocodile porossus) lan baaya dharat (crocodile novaquinea), diburu lan dicekel warga minangka panganan utawa didol marang para pengusaha.

Potensi alam kang ana ing saubengé kali iki ya iku batubara, gas alam, lan emas. Pamaréntah Indonésia tau duwé encana yasa Pembangkit Listrik Tenaga Air (PLTA) ing dlaladan iki.

Pranala njaba[besut | besut sumber]