Menyang kontèn

Kakareman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ing psikologi, ékonomi lan filsafat, kakareman utawa preferensi yaiku tetembungan teknis piguna kanggo nggambaraké tumindak milih ing antarané pilihan-pilihan sing ana. Tuladhané, wong luwih milih barang A tinimbang barang B yen luwih dhemen marang barang A tinimbang B. Kakareman minangka barang inti ing kawruh teori pepunton (decision theory) amarga gegayutané marang prilaku. Sawetara titicara (metode) kayata Ordinal Priority Approach (Panyaket Pratama Maurut) nggunakaké gegayutan kakareman kanggo gumawé pepunton. Minangka kaanan asil kapénginan ati, kakareman ndarbé gegayutan rakèt marang kakarepan (desire). Bédané, kakarepan tumuju marang siji barang. Déné kakareman bebandhinganing antara pilihan-pilihan, sing salah sawijiné luwih didhemeni.

Ing bebagan lelahron (insolvency), tetembungan iki kanggo nemtokake kawajiban sing kudu tumandang luwih dhisik dening pehak sing kelahron (insolvent).