Menyang kontèn

Kacerdhasan gawéyan mangriptayasa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Impressionistic image of figures in a futuristic opera scene
Théâtre D'opéra Spatial (2022), citra sing yasa nggunakaké AI mangriptayasa

Kacerdhasan gawéyan mangriptayasa (basa Inggris : Generative AI, utawa GenAI[1]) yaiku subbidang kacerdhasan gawéyan sing nggunakaké modhèl mangriptayasa kanggo ngasilaké tulisan, citra, video, audio, kodhe piranti alus utawa wangun data liya.[2] [3] Model iki nggilut pola lan tatasusun dhasar data gladhèn (training data) kanggo ngasilaké data anyar[4] [5] miturut inputan, lumrahé saka parèntah basa alami awujud pakon. [6] [7]

Piranti-piranti AI mangriptayasa sansaya akèh digunakaké wiwit anané prastawa jeblugan AI ing taun 2020-an. Prastawa iki bisa ana amarga tambah beciké jaringan talirasa jumero (deep neural networks) birid (berbasis) transformer, mliginé modhèl basa gedhé utawa large languange model (LLM). Piranti-piranti utama kalebu bot guneman kayata ChatGPT, Copilot, Gemini, Claude, Grok, lan DeepSeek ; modhèl teks-marang-citra kayata Stable Diffusion, Midjourney, lan DALL-E ; lan model teks-marang-video kayata Veo lan Sora. [8] [9] [10] Parusahan-parusahan tèknologi ngrembaka AI mangriptayasa kayata OpenAI, xAI, Anthropic, Meta AI, Microsoft, Google, Mistral AI, DeepSeek, Baidu [11] lan Yandex.[12]

AI mangriptayasa akèh diguna ing samubarang indhustri, kayata pangrembakan piranti alus, [13] kasarasan, [14] kauangan, [15] klangenan, [16] leladi naralanggan, [17] sales lan pamasaran, [18] kagunan, tinulisan, [19] busana, [20] saha rerèngan prodhuk. [21]

AI mangriptayasa wis digunakaké ing babagan durjamaya (cybercrime). Nanging uga akèh kanggo ngapusi lan nglironi wong lumantar warta palsu lan tironmaya (deepfake).[22] [23] AI mangriptayasa bisa njalari katundhungé pakarya manungsa . [24] AI iki akeh diandharaké nerak ukum budiarta amarga digladhi migunani pakaryan-pakaryan wong akèh sing ndarbè prawenang cipta. [25] Akèh sistem AI mangriptayasa nggunakaké pusat data ukuran gedhé sing mènèhi prabawa kupengan kaya uwuh elektronik, piguna banyu kanggo pangadheman, uga piguna energi sing dipetung-petung mundhak sansaya akèh. [26]

  1. Newsom, Gavin; Weber, Shirley N. (September 5, 2023). "Executive Order N-12-23" (PDF). Executive Department, State of California. Diarsip saka sing asli (PDF) ing February 21, 2024. Dibukak ing September 7, 2023.
  2. "What is ChatGPT, DALL-E, and generative AI?". McKinsey. Diarsip saka sing asli ing April 23, 2023. Dibukak ing December 14, 2024.
  3. "What is generative AI?". IBM. March 22, 2024. Diarsip saka sing asli ing December 13, 2024. Dibukak ing December 13, 2024.
  4. Pasick, Adam (March 27, 2023). "Artificial Intelligence Glossary: Neural Networks and Other Terms Explained". The New York Times (ing basa Inggris Amérika Sarékat). ISSN 0362-4331. Diarsip saka sing asli ing September 1, 2023. Dibukak ing April 22, 2023.
  5. Karpathy, Andrej; Abbeel, Pieter; Brockman, Greg; Chen, Peter; Cheung, Vicki; Duan, Yan; Goodfellow, Ian; Kingma, Durk; Ho, Jonathan (June 16, 2016). "Generative models". OpenAI. Diarsip saka sing asli ing November 17, 2023. Dibukak ing March 15, 2023.
  6. Griffith, Erin; Metz, Cade (January 27, 2023). "Anthropic Said to Be Closing In on $300 Million in New A.I. Funding". The New York Times. Diarsip saka sing asli ing December 9, 2023. Dibukak ing March 14, 2023.
  7. Lanxon, Nate; Bass, Dina; Davalos, Jackie (March 10, 2023). "A Cheat Sheet to AI Buzzwords and Their Meanings". Bloomberg News. Diarsip saka sing asli ing November 17, 2023. Dibukak ing March 14, 2023.
  8. Roose, Kevin (October 21, 2022). "A Coming-Out Party for Generative A.I., Silicon Valley's New Craze". The New York Times. Diarsip saka sing asli ing February 15, 2023. Dibukak ing March 14, 2023.
  9. Metz, Cade (February 15, 2024). "OpenAI Unveils A.I. That Instantly Generates Eye-Popping Videos". The New York Times (ing basa Inggris Amérika Sarékat). ISSN 0362-4331. Diarsip saka sing asli ing February 15, 2024. Dibukak ing February 16, 2024.
  10. Fink, Charlie. "LTX Video Breaks The 60-Second Barrier, Redefining AI Video As A Longform Medium". Forbes (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-07-24.
  11. "The race of the AI labs heats up". The Economist. January 30, 2023. Diarsip saka sing asli ing November 17, 2023. Dibukak ing March 14, 2023.
  12. Petrella, Stephanie; Miller, Chris; Cooper, Benjamin (2021). "Russia's Artificial Intelligence Strategy: The Role of State-Owned Firms". Orbis. 65 (1): 75–100. doi:10.1016/j.orbis.2020.11.004.
  13. "The Transformative Impact of Generative AI on Software Development and Quality Engineering". Unite.AI (ing basa Inggris Amérika Sarékat). July 17, 2024. Diarsip saka sing asli ing April 10, 2025. Dibukak ing April 10, 2025.
  14. Raza, Marium M.; Venkatesh, Kaushik P.; Kvedar, Joseph C. (March 7, 2024). "Generative AI and large language models in health care: pathways to implementation". npj Digital Medicine (ing basa Inggris). 7 (1): 62. doi:10.1038/s41746-023-00988-4. ISSN 2398-6352. PMC 10920625. PMID 38454007. {{cite journal}}: Check |pmc= value (pitulung); Check |pmid= value (pitulung)
  15. Mogaji, Emmanuel (January 7, 2025). "How generative AI is transforming financial services – and what it means for customers". The Conversation (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing April 10, 2025.
  16. Bean, Thomas H. Davenport and Randy (June 19, 2023). "The Impact of Generative AI on Hollywood and Entertainment". MIT Sloan Management Review (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing August 6, 2024. Dibukak ing April 10, 2025.
  17. Brynjolfsson, Erik; Li, Danielle; Raymond, Lindsey R. (April 2023), Generative AI at Work (Working Paper), Working Paper Series, doi:10.3386/w31161, diarsip saka sing asli ing March 28, 2024, dibukak ing January 21, 2024
  18. "Don't fear an AI-induced jobs apocalypse just yet". The Economist. March 6, 2023. Diarsip saka sing asli ing November 17, 2023. Dibukak ing March 14, 2023.
  19. Coyle, Jake (September 27, 2023). "In Hollywood writers' battle against AI, humans win (for now)". AP News. Associated Press. Diarsip saka sing asli ing April 3, 2024. Dibukak ing January 26, 2024.
  20. Harreis, H.; Koullias, T.; Roberts, Roger. "Generative AI: Unlocking the future of fashion". Diarsip saka sing asli ing November 17, 2023. Dibukak ing March 14, 2023.
  21. "How Generative AI Can Augment Human Creativity". Harvard Business Review. June 16, 2023. ISSN 0017-8012. Diarsip saka sing asli ing June 20, 2023. Dibukak ing June 20, 2023.
  22. Taeihagh, Araz (2025-04-04). "Governance of Generative AI". Policy and Society (ing basa Inggris). 44 (1): 1–22. doi:10.1093/polsoc/puaf001. ISSN 1449-4035.
  23. Simon, Felix M.; Altay, Sacha; Mercier, Hugo (18 October 2023). "Misinformation reloaded? Fears about the impact of generative AI on misinformation are overblown". Harvard Kennedy School Misinformation Review. doi:10.37016/mr-2020-127.
  24. Hendrix, Justin (May 16, 2023). "Transcript: Senate Judiciary Subcommittee Hearing on Oversight of AI". techpolicy.press. Diarsip saka sing asli ing November 17, 2023. Dibukak ing May 19, 2023.
  25. "New AI systems collide with copyright law". BBC News. August 1, 2023. Dibukak ing September 28, 2024.
  26. "AI has an environmental problem. Here's what the world can do about that". www.unep.org (ing basa Inggris). 2024-09-21. Dibukak ing 2025-08-20.