Kacang kola

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Kola nut - polong (kanthi wiji ing njeron testa putih), lan wiji (utuh tanpa testa lan dipérang dadi kotiledon).

Kacang kola ya iku woh saka wit kola, sawijining jinis wit kang asalé saka alas tropis ing Afrika. Wiji kacang kola ana kang ngandhut kaféin. Wiji kang ana kaféiné kuwi bisa digunakaké kanggo nambah rasa ing ombénan cola utawa ombénan kang berkarbonasi utawa soft drinks.[1]

Kacang kola minangka kacang kang ngemot kaféin saka wit cemara kang kalebu genus Cola, utamané spésiès Cola acuminata lan Cola nitida.[2] Cola acuminata, ya iku wit cemara kang dawané udakara 20 mèter, nduwèni godhong bunder dawa kaya endhog ing lan kasar. Wit-witan kasebut duwé kembang kuning kanthi bintik-bintik ungu lan woh-wohan kaya lintang. Ing njero woh-wohan kuwi, udakara rolas wiji bunder utawa persegi dikembangaké ing cangkang wiji putih. Kacang kuwi duwé aroma legi lan kaya kembang mawar. Rasané kaping pisanan pait, nanging luwih legi nalika dimamah. Kacang kola bisa digodhog kanggo njupuk kaféin. Saliyané iku, kacang kola duwé 2-4% kaféin lan theobromine, uga ana tanin, alkaloid, saponin, lan flavonoid.

Sajarah[besut | besut sumber]

Kacang kola digunakaké pisanan ing zaman kuno. Ing zaman iku, kacang kola dimamah utamané ing budaya Afrika Kulon kanggo stimulasi mental. Ing Afrika Kidul uga ana panyebaran kacang kola. Panyebaran kacang kola kuwi mau ana sesambungané karo panyebaran agama Islam sasuwéné abad kaping 17. Ing jaman semana kacang kola digunakaké kanggo mulihaké kualitas banyu amarga wong-wong Afrika kang didadèkaké budak padha ngombe banyu kang kualitasé ora apik. Ing taun 1970-an, kacang kola digunakaké kanggo sesajèn sembahyangan, upacara pakurmatan para leluhur, upacara mantènan, lan upacara ngubur wong séda. Saliyané iku, kacang kola uga digunakaké kanggo ramalan tradhisional kang kasebut ramalan Obi.[3] [4]

Cola acuminata

Piguna[besut | besut sumber]

Kacang kola bisa digunakaké kanggo pengobatan kuno utawa tradhisional. Kacang kola migunani kanggo nglancaraké pencernaan. Carané kanthi digiling lan dicampur madu. Saliyané iku, kacang kola uga bisa digunakaké kanggo ngobati watuk. Kacang kola uga digunakaké kanggo nambah rasa ing budaya wong kulon. Kacang kola uga dadi salah sijining sumber kaféin ing ombénan kola utawa ombenan kang padha jinisé.[5]

Referensi[besut | besut sumber]

  1. Veronique Greenwood (23 September 2016). "The little-known nut that gave Coca-Cola its name". BBC News - Future. Dibukak ing 23 December 2019. These days, the Coca-Cola recipe is a closely guarded secret. But it's said to no longer contain kola nut extract, relying instead on artificial imitations to achieve the flavour
  2. Burdock, G. A.; Carabin, I. G.; Crincoli, C. M. (2009). "Safety Assessment of Kola Nut Extract as a Food Ingredient". Food and Chemical Toxicology. 47 (8): 1725–32. doi:10.1016/j.fct.2009.04.019. PMID 19394393.
  3. Carney, Judith Ann; Rosomoff, Richard Nicholas (2011). In the shadow of slavery: Africa's botanical legacy in the Atlantic world (ing basa English). Berkeley [Calif.: University of California Press. ISBN 978-0-520-94953-9. OCLC 759158601.CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  4. Olupọna, Jacob Obafẹmi Kẹhinde; Rey, Terry (2008). Òrìşà devotion as world religion : the globalization of Yorùbá religious culture. Madison, Wis.: University of Wisconsin Press. ISBN 0-299-22460-0. OCLC 124156229.
  5. Odebunmi, E. O.; Oluwaniyi, O. O.; Awolola, G. V.; Adediji, O. D. (2009). "Proximate and nutritional composition of kola nut (Cola nitida), bitter cola (Garcinia cola) and alligator pepper (Afromomum melegueta)". African Journal of Biotechnology (ing basa Inggris). 8 (2). doi:10.4314/ajb.v8i2.59797. ISSN 1684-5315.