Kéwan nggayemi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Ruminansia
Cow with calf.jpg
Sapi, Bos taurus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Artiodactyla
Subordho: Ruminantia
Familia
Antilocapridae
Bovidae
Cervidae
Giraffidae
Moschidae
Tragulidae

Kéwan nggayemi (ruminansia) inggih punika golongan kéwan mamalia ingkang saged mamah panganan ping kalih, saéngga golongan kéwan punika dipunwastani kéwan pemamah biak.[1] Ing sistem klasifikasi manungsa kaliyan ruminansia punika gadhah ciri ingkang sami saking sistem pencernaanipun.[1] Tuladhanipun kéwan pemamah biak inggih punika sapi, kebo, kelinci, kancil, wedhus, kidang, bison, lan jerapah.[2]

Piranti Pencernaan[besut | besut sumber]

Kéwan pemamah biak gadhah piranti pencernaan, kados ta gronggongan lambé (untu), esophagus, lambung, kaliyan usus.[1] Untu ruminansia wonten jinis untu bam (graham) ingkang ageng. Untu punika ginanipun kanggé nggiling kaliyan nggiles, sarta mamah sesuketan ingkang ngandhut selulosa ingkang awrat dipuncerna.[1]

Rantaman untu sapi :

3 3 0 0 0 0 0 0 Wang (Idn: rahang) inggil

M P C I I C P M Jinis untu

3 3 0 4 4 0 3 3 Wang ngandhap

I = insisivus = untu seri

C = kaninus = untu siyung

P = premolar = bam ngajeng

M = molar = bam wingking

Lambung ruminansia kawangun saking rumen (weteng ageng), retikulum (weteng gala), omasum (weteng lutab), kaliyan abomasum (weteng masam).[1] Abomasum punika minangka ingkang dados lambung saéstunipun ingkang ugi dipungadhahi mamalia sanèsipun.[1] Ing lambung dipunkasilaken baktèri ingkang ngasilaken enzim selulase.[2] Enzim punika ginanipun ngrombak selulosa dados asem lemak. Nanging, ing abomasum ingkang asifat asem baktèri boten saged gesang, saéngga baktèri punika mati.[2] Lajeng dipuncerna dados sumber protéin kanggé kéwan ruminansia. Dadosipun, kéwan ruminansia punika ugi mbetahaken asem amino kados manungsa.[2] Asam lemak sarta protéin punika ingkang dados bahan baku kanggé mbentuk susu ing badan sapi.[2]

Usus ing sapi dawa sanget, usus alusipun saged ngantos 4 m.[2] Punika dipunprabawani déning panganan ingkang kathahipun saking serat (selulosa).[2] Enzim selulase ingkang dipunkasilaken déning baktèri punika boten namung kanggé ncerna selulosa dados asem lemak, nanging ugi saged ngasilaken biogas ingkang wujud CH4 ingkang dipun-ginakaken sumber ènergi alternatif.[2]

Mékanisme Pencernaan[besut | besut sumber]

Panganan ingkang wujud sesuketan ingkang sampun dimamah ing salebeting lambé lajeng mlebet ing rumen liwat esophagus.[1] Panganan kasebat disimpen sawatawis ing pérangan rumen.[1] Salajengipun, panganan punika tumuju retikulum kaliyan dicerna ing selebetipun. Panganan ingkang sampun dicerna diwedalaken malih ing lambé.[1] Ing salebeting lambé dimamah malih lajeng dileg malih tumuju retikulum. Prosès punika dipunwastani memamah biak.[1] Lajeng panganan mlebet ing omasum, ing mriki toya dipunserep. Panganan dipunlajengaken tumuju abomasum.[1] Ing Abomasum panganan dipuncerna lajeng mlebet ing usus alus ingkang lajeng dipunserep sari-sari panganan.[1] Déné sisa panganan ingkang boten dipunserep dipunkintun tumuju usus ageng.[1] Sasampunipun toyanipun dipunserep, sisa panganan ingkang sampun wujud ampas lajeng dipunwedalaken liwat anus.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n Pencernaan hewan ruminansia(dipunundhuh 30 November 2012)
  2. ^ a b c d e f g h Pencernaan Ruminansia(dipunundhuh 30 November 2012)