Menyang kontèn

Jumenengan Gathutkaca

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Jumenengan Gathutkaca iku sawijining lakon wayang purwa nalika Raden Gathotkaca jumeneng dadi ratu ing Pringgadani. Wayange kaya Prabu Sitija, nanging nganggo sampir. Wayang iki kanggo adegan jumenenge Raden Gathotkaca;dadi ratu ing Pringgadani.

Jumenenge Raden Gathotkaca ing Pringgadani ora disarujuki dening bapa pamane ing Glagahtinunu, yaiku Adipati Brajadenta. Mula, Raden Brajamusthi kang diutus methuk Adipati Brajadenta, bali ora oleh gawe.

Sigra matur ing ngarsane Dewi Arimbi, yen mbalelane Adipati Brajadenta iku amarga diojok-ojoki dening Patih Sengkuni. Pancen sengaja diedu. Pamrihe yen nganti dumadi perang kadang, mesthi Ngastina bakal sabyantu ngewangi Brajadenta, kang wekasane Glagahtinunu dadi jajahane Ngastina. Cekake Brajadenta gelem sowan ngestreni jumenengan, yen sing dadi ratu ing Pringgadani dudu Gathotkaca.

Ora antara suwe para tamu undangan padha rawuh. Dewi Arimbi ingampingan Raden Gathutkaca lan rayine telu, yaiku Raden Brajalamatan, Raden Brajawikalpa, lan Raden Kalabendana ngacarani rawuhe para tamu undangan, ing antarane Pandhawa lima saka Ngamarta, Prabu Kresna ratu ing Dwarawati, Prabu Baladéwa ratu ing Mandura, sarta sesepuhe para ratu yaiku Prabu Matswapati ratu ing Wiratha.

Sawise para tamu undangan wis padha rawuh, adicara jumenengan tumuli kawiwitan, dipimpin dening Prabu Matswapati. Raden Gathotkaca kalenggahake ing dhampar kencana, banjur diagemi makutha raja kencana. Wiwit iku Gathotkaca resmi ratu ing Pringgadani, kanthi jejuluk Prabu Kacanagara. Nanging Gathotkaca luwih remen diundhang Gathotkaca, awit jejibahane ngrangkep senapati perang ing Ngamarta. Jeneng Prabu Kacanagara mung diagem kanggo urusan resmi ing Pringgadani.

Sawise iku, diterusake dhahar kembul. Tengah-tengahe padha dhahar, dumadakan katrenjuh pangamuke Adipati Brajadenta lan wadyabalane. Gawe geger swasana pahargyan (karamean, pengetan, resepsi). Raden Brajalamatan lan Raden Brajawikalpa sigra mandhegani bala buta Pringgadani, ngadhepi Adipati Brajadenta. Nanging kekarone kuwalahan.

Dewi Arimbi duka banget priksa pakartine Adipati Brajadenta. Nganti ilang sipate putri ayu, dadi raseksi. Ngamuk rayine iku. Adipati Brajadenta tansah ngendhani karo ngucap kang ngabangake kuping. Ndakwa Dewi Arimbi ngedol negara, dadi gedibale utawa budhake para Pandhawa. Dewi Arimbi saya muntap kanepsone.

Adipati Brajadenta luwih digdaya tinimbang Dewi Arimbi. Senadyan anggone lumawan ora tenanan, nanging wis cukup bisa gawe repote Dewi Arimbi. Priksa Dewi Arimbi kuwalahan, Prabu Kresna nyaketi Raden Werkudara, ngobong penggalihe satriya panenggaking Pandhawa iku, supaya sabyantu garwane, ngrampungi Brajadenta. Nanging Werkudara wangsulan, kang diadhepi Arimbi iku dudu mungsuh, nanging kadange dhewe. Anggone padha regejegan iku amarga rebutan warisan negara. Werkudara emoh melu-melu.

Prabu Kresna banjur nyaketi Prabu Kacanagara lan ngendika yen pangurbanane ibu marang putra iku gedhe banget. Salah sijine sing katon mata, nggolekake kamukten marang putra, direwangi tandhing yuda mungsuh sedulure sing dadi memalaning praja. Nanging apa sababe, Gathotkaca sing dilabuhi, digolekake kamukten kok malah enak-enak, ongkang-ongkang ora gelem sabyantu marang botrepote ibune?

Kapethik Saking

[besut | besut sumber]

Mulyantara, 2020, Gathutkaca Ratu (cover Majalah Djaka Lodhang), link: https://sseratan.blogspot.com/2020/11/serial-wayang-gathutkaca-ratu.html?m=0