Jonna Adlerteg

Jonna Eva-Maj Adlerteg (lair 6 June 1995) iku sawijiné gimnas Swèdhen lan tau menang medhali pérak ing Tetandhingan Éropa. Dhèwèké wiwit senam nalika umur telung taun karo ibuné, sing dadi pelatih kapisané. Salawasé karir nalika isih junior, dhèwèké tau menang medhali prunggu ing kategori palang tingkat ing Olimpiadhe Usum Panas kanggo Para Anom 2010. Ing taun kapisané minangka ahli senam sénior, dhèwèké menang medhali telu ing Tetandhingan Éropa Lor taun 2011. Dhèwèké bisa kwalifikasi lan mèlu Olimpiadhe 2012. Jonna dadi gimnas wadon Swèdhen kaping 3 sing bisa mèlu tetandhingan ing Olimpiadhe. Nalika dhèwèké menang medhali pérak ing palang tingkat ing Tetandhingan Éropa 2013, dhèwèké dadi wong Swèdhen kapisan ing gimnas wadon sing bisa menang medhali ing luwih saka 50 taun.
Adlerteg ora bisa mèlu Olimpiadhe Usum Panas 2016 déné dhengkulé tatu. Dhèwèké banjur bali tetandingan manèh lan menang medhali emas ing palang tingkat nalika Tetandhingan Nordik 2018 lan menang medhali pérak nalika Tetandhingan Éropa 2018.
Ing Tetandhingan Donya 2018, dhèwèké dadi gimnas wadon Swèdhen pisan sing lolos menyang ing acara final Tetandhingan Gimnastika Artistik Donya wiwit 1958, dadi nomer wolu ing palang tingkat. Dhèwèké dadi cadangan nomer loro kanggo final palang tingkat Olimpiadhe Usum Panas 2020. Acara iki dadi kompetisi pungkasan kariré sadurungé wara-wara pènsiun ing taun 2022.
Urip awal
[besut | besut sumber]Adlerteg lair tanggal 6 Juni 1995 ing Västerås.[1] Jonna wiwit latihan gimnastika nalika umuré telung taun, dhèwèké dilatih déning ibuné minangka pelatihé kapisan.[2] Nalika awaké wiwit SMA, Jonna pindhah menyang Eskilstuna golèk pelatik anyar, awit dhèwèké kerep padu karo ibuné minangka pelatih.[3]
Sajarah kompetisi
[besut | besut sumber]Gladri
[besut | besut sumber]- Veronica Wagner lan Jonna Adlerteg, Berlin (2011)
- Christopher Soós lan Jonna (2013)
- Jonna Adlerteg (2010)
- Jonna Adlerteg (2011)
- Jonna Adlerteg (2011)
- Pelatih Ida Gustafsson lan Jonna Adlerteg (2013)
Pranala njaba
[besut | besut sumber]| Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Jonna Adlerteg. |
- ↑ "Jonna Adlerteg". Swedish Olympic Committee. Diarsip saka sing asli ing 12 December 2012. Dibukak ing 13 October 2012.
- 1 2 "Adlerteg Jonna". International Gymnastics Federation. Dibukak ing 13 June 2023.
- ↑ Tejre, Sofie (11 May 2019). ""Gymnastiken har alltid varit på liv och död för mig"" ["Gymnastics has always been life and death for me"]. Västerås Tidning . Dibukak ing 30 September 2024.
- ↑ Masalah sitiran: Tenger
<ref>ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng2010euro - ↑ "Jonna Adlerteg". Olympedia. Dibukak ing 5 January 2025.
- ↑ "Jonna Adlerteg". The Gymternet. Dibukak ing 28 December 2024.