Joglo Subardjo
Joglo Subardjo (carakan: ꦗꦺꦴꦒ꧀ꦭꦺꦴꦱꦸꦧꦂꦗ) menika salah sawijining wangunan cagar budaya ing kapanewon Sèyègan, kabupaten Sléman. Joglo menika kagunganipun Bapak Subardjo ingkang dipun damel wanci kolonial (1800 M - 1900 M). Sakmenika dalem menika tasih dipun ginaaken minangka griya pribadi.
Wangunan menika kagungan corak arsitektur tradisional Jawa inggih menika Joglo[1] Joglo inggih menika griya tradisional saking Jawa tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta ingkang umumipun dipun damel saking kayu. Ciri Omah Joglo saged dipun tingali saking bentuk payonipun ingkang kadosta candi. [2]

Ciri-ciri Joglo
[besut | besut sumber]Joglo Subardjo
[besut | besut sumber]Wonten ing dalem Joglo Subardjo migunaaken payon gendhèng ingkang dipun damel saking lemah abang. Ing plafon migunaaken empring kanggé nutupi usuk ing inggilipun. Empring ingkang dipun tatamenika tambahan saking ingkang kagungan dalem. Bentuk saking tatanan empring menika bentuk susunan ri gerèh, inggih menika bentuk sejajar lan mboten kedah sejajar setunggal titik. Ugi wonten sekawan saka guru kanggé nyangga payon. Wonten ing bagian tàgel tasih migunaaken tègel plèster semèn. Wonten ing pendapa wonten setunggal lawang utama lan kalih jendela ing sisih tengen lan kiwa.
Joglo umum:
[besut | besut sumber]Arsitektur lan payon wangunan Joglo
[besut | besut sumber]Payon Joglo bentukipun istimewa. Amargi, wonten sekawan cagak ing tengah wangunan ingkang langkun dhuwur kangge nyonggo payon. Sekawan cagak menika dipun wastani Soko Guru, ingkang nggadahi teges gambaran kekiatan saking sekawan penjuru mata angin (lor, kidul, wètan, lan kulon). Para masyarakat yakin menawi griya Joglo saged nebéhaken saking bebaya.
Bahan ingkang dipun ginaaken ndamel payon biasanipun dipun damel saking gendhèng lempung. Ananging sakderengipun dipun sukani gendhèng ngandhapipun dipun sukani alang-alang anyaman.
2. Lawang utama wonten ing tengah griya
[besut | besut sumber]Lawang griya Joglo menika wonten tiga, inggih menika lawang utama ing tengah, lan lawang saklajengipun wonten ing sisih tengen lan kiwa griya.
Anggenipun nata lawang menika kadosta kupu-kupu ingkang nembé berjuang wonten ing kaluarga ingkang ageng. Lawang meniks ugi dados pralambang hubungan ingkang kagungan griya kalian tamu menika raket lan prasaja.
3. Nggadahi teras jembar
[besut | besut sumber]Teras ingkang jembar menika dipun ginaaken kanggé silaturahim ingkang kagungan griya kalian masyarakat sanèsipun.
4. Jendela ingkang ageng
[besut | besut sumber]Wonten ing griya joglo menika wonten kathah sanget jendela ingkang ageng. Bentuk jendela kados menika salah satunggaling warisan akulturasi budaya londo. Ananging ing griya Joglo dipun tambahi ornamen-ornamen khas.
5. Pendopo
[besut | besut sumber]Pendopo menika wonteng ing ngajeng griya Joglo, papan menika dipun ginaaken kanggè nampa para tamu, nggelar rapat penting, lan kegiatan sosial sanesipun.[3]
6. Paringgitan
[besut | besut sumber]Paringgitan inggih menika wangunan ingkang ngubungajen wangunan pendopo kalian wangunan omah. Umumipun, wangunan menika dipunginaaken kangge nampa tamu ingkang nggadahi hubungan langkung cerak utawi sedulur ingkang kagungan dalem. Wangunan menika ugi saged dipun ginaaken minangka papan kanggé nyimpin tinggit utawi wayang.
7. Senthong
Umumipun wonten ing sisih wingking griya Joglo menika nggadahi tiga senthong. Pambagianipun wonten kamar sare, gudhang kangge nyimpen manika warni dhaharan, lan ing bagian tengah dipun ginaaken kangge nyimpen barang-barang ingkang nggadahi aji kekiatan utawi sakti.
Kahanan dalem
[besut | besut sumber]Kahanan Joglo sakmenika tasih sae anangin wonten bagian ingkang prelu dipun renofasi. Wonten ing ngajeng Dalem Joglo menika wonten plataran ingkang dipun tanduri suket.
Joglo
[besut | besut sumber]Joglo menika saking tembung Tajug Loro (Juglo) ingkang nggadai teges kalih gunung. Kalih gunung menika saget dipun tingali saking bentuk payonipun ingkang mirip bentuk gunug. Sakmenika istilah Juglo dados Joglo.
Joglo menika griya tradisional ingkang biasanipun dipun damel kalian masyarakat ingkang nggadahi pangkat inggil ing masyarakat, kadosta lurah, priayi, juragan, golongan bangsawan lan sakpiturute, amargi merlokaken biaya ingkang awis. Sakmenika griya joglo asring dipun ginaaken kangge gedung pemerintahan utawi perkantoran. Archived 2024-06-04 at the Wayback Machine.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-27.
- ↑ Media, Kompas Cyber (2022-01-17). "Sejarah dan Filosofi Rumah Joglo". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-27.
- ↑ Brilian, Almadinah Putri. "Mengenal Rumah Joglo yang Unik dan Penuh Makna". detikproperti (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2024-06-04. Dibukak ing 2025-06-02.