Joglo Singadikara

Pangerten
[besut | besut sumber]Dalem Singadikaran (carakan: ꦢꦭꦺꦩ꧀ꦱꦶꦔꦢꦶꦏꦫꦤ꧀) manggon ana ing Padukuhan Kadisana, Kelurahan Margoreja, Kapanewan Tempel, kawujud omah kayu bentukè joglo didirikkè ana ing loro tahapan. bagyan mburi ngadek taun 1790 M lan bagian ngarep kabangun taun 1800 M dening Demang RM Sentani Singadikara sing isih nduweni getih garit turun temurun saking Kanjeng Sultan Hamengku Buwono II. [1]
Isi panggonan
[besut | besut sumber]griya joglo diwangun saking kayu jati, kanthi struktur tanpa paku, nanging ndamel sambungan kayu lan pasak. bagiyan- bagiyan wigati ing griya Joglo antawisipun:
1.Saka Guru: sekawan tiyang utama ing tengah-tengah griya, minangka pondhasar utami kang ndhukung atap
2. Tumpang Sari: Lapisan kayu kang ngundhak ing langit-langit, kasimbol sesrawungan antarane manungsa kaliyan Gusti
3. Pendhapa: Tlatah ngarep griya kang mbukak, kagem nampi tamu utawi adicara adat
4. Pringgitan: Sekang antarane pendhapa lan omah njero, asring kangge pagelaran wayang
5. Senthong: Papan panggonan nyimpen pusaka utawi ngibadah, kabagen ana 3 panggon: Senthong tengah ingkang paling suci, senthong kiwa, lan senthong tengen.
Festival Dhalem Singadikaran
[besut | besut sumber]Festival Dhalem Singadikaran (carakan: ꦥ꦳ꦺꦱ꧀ꦠꦶꦮ꦳ꦭ꧀ꦝꦭꦺꦩ꧀ꦱꦶꦔꦢꦶꦏꦫꦤ꧀)Ing panggonan kuwi, dhalem Singadirakan saben taun ngadakaké Féstival dolanan bocah. Festival kuwi ngewéhi pertunjukan lan prakték dolanan bocah jaman biyen, kayata, macanan, égrang, bethikan, jamuran, lan sapanunggali. Uga saben wulan Dhalem Singadikaran ngundang bocah-bocah kanggo dulinan dolanan-dolanan jaman biyén kuwi. [2]
Sejarah Dhalem Singadikaran
[besut | besut sumber]Miturut penjaluké R. Chairul Wardana, Pemangku Dalem Singadikaran sing isih keturunané Demang RM sentani, nalika ditemuni dina Senin, (4/9/2023), taun 1885, HB V séda nalika umuré 34 taun, lan wektu kuwi Permaisuri pisanan GKR Kencono durung duwèni putra. Déné permaisuri kapindho, GKR Sekar Kedaton, wektu kuwi lagi meteng tuwa. Sekar Kedaton banjur ngelairakè putra lanang 14 dina sakwisé bapaké séda. Putrané Sekar Kedaton kuwi dijenengi RM Timur Muhammad utawa Pangeran Suryaningalaga. Sawisé RM Muhammad mlebu Babagan kawula enom, dhéwèkè bareng karo ibuné lunga saka kraton lan sempat ndhelik ing panggonan iki. "Nanging loro-lorone ketangkep dening Walanda lan diasingke menyang Manado nganti seda. Kedadeyan iki dingerteni karo jeneng Prastawa Suryongelangan." terange Chaerul. Chaerul nyeritaake, wiwit taun 2012, bangunan iki wis ditetapake dadi cagar budaya lan dening Paguyuban Putra Putri Wayah Trah Mentaram Indonesia (PUWATRAMA) uga wis ditetapake dadi Situs Pesanggrahan Monumen Kulawangga "SURYONINGALOGO" sing dikukuhake ing akta notaris taun 2016.[3]
Pungkasan
[besut | besut sumber]Joglo Singadikaran ora mung panggonan, nanging cagar budaya sing mesti dijaga bebarengan. Joglo singadikaran dados perangan penting saking cagar budaya Yogyakarta. Palestarian griya punika migunani kangge nglestantunaken kabudayan, nambah kawruh generasi enom, lan dados sumber sinau arsitektur tradisional. Kajaba saking arsitekturipun, Griya singadikaran ugi dipunsebat menangka cagar budaya dening pemerintah kabupaten Sleman, tegesipun griya punika dipunlindhungi saha dipunrawat supados mboten musnah utawi rusak. Status cagar budaya punika maringi pangayoman tumrap eksistensi panggonan joglo punika, lan dados inspirasi tumrap generasi enom supados tetep ngajeni lan nguri-uri budaya lokal.
Miturut punika, Joglo Singadikaran dados saksi bisu sajarah lan budaya bangsa Jawa. Pangayoman saha pelestarian griya punika dados tanggung jawab bebrayan, supados generasi sabanjure saged sinau, ngajeni, lan nesrani warisan budaya bangsa piyambak. Lestaripun Joglo Singadikaran ugi dadosake wujud nyata saka tresna dhateng budaya lokal lan kebannggaan dados warga Jawa.