Menyang kontèn

Jessica Brown Findlay

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jessica Brown Findlay (2017)

Jessica Rose Brown-Findlay (lair 14 September 1987[1][2]), uga ditepungi kanthi profèsional minangka Jessica Brown Findlay, iku aktris Inggris. Dhèwèké kawentar olèhé maragakaké Lady Sybil Crawley (2010–2012) ing sérial drama historis ITV Downton Abbey lan olèhé maragakaké Emelia Conan Doyle film kumidhi drama Albatross (2011).[3]

Ing taun 2014, dhèwèké main minangka Beverly Penn ing adhaptasi film roman Mark Helprin, Winter's Tale.[4] Ing taun 2015, dhèwèké mbintangi Victor Frankenstein karya Paul McGuigan minangka Lorelei, akrobat sing mèmper kaya Esmeralda saka romané Victor Hugo Notre Dame de Paris.[4] Ing taun 2016, dhèwèké nggabung karo para paraga film biopik England is Mine, babagan urip awal lan karir penyanyi Inggris Morrissey, sing dadi salah sijiné pangadeg band rock indie The Smiths..[5] Jessica maragakaké Charlotte Wells, anaké wadon nyonya lan wanita tanpa susila, ing telung mangsa Harlots (2017–2019), sérial télévisi drama périodhe sing wiwitané ditayangaké ing ITV Encore ing Inggris lan ing Hulu Plus ing AS. Ing taun 2020, dhèwèké dadi paraga utama sérial Brave New World.

Urip pribadi

[besut | besut sumber]

Jessica Brown Findlay ujaré tau dadi korban juru retas komputer sing nyolongi foto lan vidhéoné sing intim ing taun 2014.[6] Dhèwèké pacaran karo aktor Ziggy Heath ing pungkasané taun 2016. Banjur padha rabi ing 12 Sèptèmber 2020.[7][8][9] Ing 5 Novèmber 2022, anaké lanang kembar lair.[10]

Filmografi

[besut | besut sumber]
Taun Irah-irahan Paraga Cathetan
2011 Albatross Emelia Conan Doyle
2014 Winter's Tale Beverly Penn
Lullaby Karen Lowenstein
The Riot Club Rachel
2015 Victor Frankenstein Lorelei
2016 This Beautiful Fantastic Bella Brown
2017 England Is Mine Linder Sterling
Monster Family Fay (swara)
2018 The Guernsey Literary and Potato Peel Pie Society Elizabeth McKenna
2020 The Banishing Marianne
2021 Munich: The Edge of War Pamela Legat
Monster Family 2 Fay (voice)
2022 Iris Warriors Miss Shaw
The Hanging Sun Lea
2025 Downton Abbey: The Grand Finale Lady Sybil Branson (née Crawley) Namung rekaman arsip waé
2026 Mother Mary TBA Pasca-prodhuksi

Télévisi

[besut | besut sumber]
Taun Irah-irahan Paraga Cathetan
2009, 2011 Misfits Rachel E4 2 episodes
2010–2012 Downton Abbey Lady Sybil Branson (née Crawley) ITV Main role; 20 épisodhe (seasons 1–3)
2011 Black Mirror Abi Khan Channel 4 Épisodhe : "Fifteen Million Merits"
2012 Labyrinth Alaïs Pelletier du Mas Sat 1 Miniseries (2 épisodhe )
2014 Jamaica Inn Mary Yellan BBC One Miniseries (3 épisodhe )
2015 The Outcast Alice Aldridge BBC One 2 épisodhe
2017–2019 Harlots Charlotte Wells ITV Encore Main role (seasons 1–3)
2018 Hamlet Ophelia BBC Two TV film; taped stage production
2020–2021 Castlevania Lenore (voice) Netflix Main role; 12 épisodhe (seasons 3–4)
2020 Brave New World Lenina Crowne Peacock Main role
2022 Life After Life Izzie Todd BBC Two Miniseries (3 épisodhe)
The Flatshare Tiffany "Tiffy" Moore Paramount+ Main role
2025 Playing Nice Lucy Lambert ITVX Paraga pokok

Téater

[besut | besut sumber]
Taun Irah-irahan Paraga Papan
2015 Oresteia Electra Almeida Theatre
Trafalgar Studios
2016 Uncle Vanya Sonya Almeida Theatre
2017 Hamlet Ophelia Almeida Theatre
Harold Pinter Theatre
2024 An Enemy of the People Katharina Stockmann Duke of York's Theatre

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Celebrity birthdays for the week of Sept. 12–18". Associated Press. 7 September 2021.
  2. GRO Index
  3. Pols, Mary. "Albatross: Just Call Her Emilia Bad-Elia". Time. Dibukak ing 12 December 2017 lumantar entertainment.time.com.
  4. Fleming, Mike (3 February 2013). "Star In 'Winter's Tale'". Deadline Hollywood.
  5. "Victor Frankenstein: James McAvoy and Daniel Radcliffe's mug show". Independent.co.uk. 3 December 2015. Diarsip saka asliné ing 8 June 2022. Dibukak ing 12 December 2017.
  6. "Former Downton star 'distressed and embarrassed' by nude photograph leaks" (ing basa Inggris). The Telegraph. 2 September 2014. Dibukak ing 24 August 2023.
  7. Harvey, Chris (26 September 2020). "Jessica Brown Findlay interview: 'The first female Bond? Go on then!'". The Telegraph (ing basa Inggris Karajan Manunggal). ISSN 0307-1235. Diarsip saka asliné ing 12 January 2022. Dibukak ing 28 September 2020.
  8. "JBF on Instagram: "♥️wins every time. A weekend of dreams. Small celebrations felt HUGE. And now what a birthday! X I love you. ♥️"". Instagram (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 26 December 2021. Dibukak ing 14 September 2020.
  9. Watts, Halina (18 February 2017). "Downton Abbey's Jessica Brown Findlay met new man in sexy circumstances". mirror. Dibukak ing 13 September 2020.
  10. "Downton Abbey's Jessica Brown Findlay announces birth of twin boys" (ing basa Inggris). Ilford Recorder. 1 December 2022. Dibukak ing 2 December 2022.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]