Jantran banyu

Jantran banyu kuwi jantraning urip-tanah-kimiya kang nyakup ingêr-ingêr manggêhè banyu, ing ndhuwur lan ing ngisor lumahing bumi ngliwati pabanyon kang beda-beda. Gunggunè banyu ing Bumi têtêp ajêg sajronè wektu masiya têrus dipigunakakè. [2] Nanging, misahè banyu dadi pabanyon kayata es, banyu tawa, banyu asin lan banyu têtawangan iku maneka warna lan gumantung marang rupaning iklim . Banyu pindhah saka siji pabanyon mênyang liyane, kayata saka kali mênyang sêgara, utawa saka sêgara mênyang tawang-panawang amarga macêm-macêm prakara wadhag lan kimiya. Prakara sing marakkè banyu ngingêr yaiku nguwab, ngriwe, ngawun, udan, nambayang ,ngirig, mbêdah saka palumahan, lan mili ngisor palumahan. Kanthi mêngkono, banyu ngliwati macêm-macêm wujud : cuwèran, padhêt ( es ) lan uwab . Samudra nduwèni piguna wigati ing jantraning banyu amarga minangka sumbêr 86% nguwabè banyu sak jagat.[3]
Jantraning banyu katundung dening ijol-ijolan gandra ing wujud malihè panas antaranè wangun kang beda. Gandra sing kasêrot utawa rumangsuk sajronè owah-owahing wujud banyu uga isa marakkè ngowah-ngowahi suhu . [4] Panas rumangsuk minangka malihè banyu saka cuwèran menyang wujud uwab liwat panguwaban. Panas iki uga dikênal minangka panas sêlaping panguwaban. [5] Kosok baline, nalika banyu ngawun utawa ajêr saka es padhêt, mula ngêculakè gandra lan panas.[6]
Pratèlan
[besut | besut sumber]Jantraning banyu ditundhung dening gandra kang dimulyarakkè srêngenge. Ana sawêtara cara kanggo nindakake iki, salah siji saka cara pisanan liwat panguwaban, yaiku nalika gandraning srêngenge manaskè banyu ing sêgara, tlaga, kali, blumbang, lan sapiturutè, banjur kuwi banyu malih wujud dadi uwab banyu sing munggah mênyang tawang-panawang bumi. Rong cara liya banyu mlêbu ing tetawangan yaiku liwat hima lan es kang nambayang dadi uwab banyu lan karo mêtu saka riwèn-riwèn tanduran lan nguwab saka palêmahan.
Mega kabentuk amarga kêdhik-kêdhik banyu nduwèni êmblèg sing luwih cilik tinimbang bebakal gas utama ing tawang-panawang bumi. Êmblèg kêdhik-kêdhik kang cilik iki marakkè banyu nduwèni kapadhêtan sing luwih jarang lan amarga kuwi kêdhik-kêdhik banyu isa gampang munggah ményang tawang-panawang . Nanging, nalika kêdhik-kêdhik banyu kuwi saya munggah, pêpêdan hawa mudhun lan marakkè suhu banyu dadi mudhun . Suhu sing saya atis mêksa uwab banyu ngliwati owah-owahan wujud liyanè, iki malihkè banyu dadi awun lan ngumpul munggah; yen ana cukup awunè iki ngumpul dadi amba, iki dianggêp minangka mega. Ngawunè uwab banyu sing cêdhak karo palemahan diarani limut.
Referensi
[besut | besut sumber]- ↑ "The Water Cycle (PNG) | U.S. Geological Survey". www.usgs.gov. 13 October 2022. Dibukak ing 2024-04-24.
- ↑ "Water may change phases, but the amount always remains constant". ny1.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-05-01.
- ↑ "Water Cycle | Science Mission Directorate". science.nasa.gov (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2018-01-15. Dibukak ing 2018-01-15.
- ↑ "Endothermic and exothermic processes | EBSCO Research Starters". www.ebsco.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-05-01.
- ↑ Kirkham, M. B. (2014-01-01), Kirkham, M. B. (èd.), "Chapter 3 - Structure and Properties of Water", Principles of Soil and Plant Water Relations (Second Edition), Boston: Academic Press, kc. 27–40, doi:10.1016/b978-0-12-420022-7.00003-3, ISBN 978-0-12-420022-7, dibukak ing 2025-05-01
- ↑ "Ocean currents - Atmosphere and climate - Edexcel - GCSE Geography Revision - Edexcel". BBC Bitesize (ing basa Inggris Karajan Manunggal). Dibukak ing 2025-05-01.