Menyang kontèn

James Peace

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
     
James Peace ing Wiesbaden

Kenneth James Peace lair wonten ing Paisley, tanggal 28 Sèptèmber 1963. Panjenenganipun punika satunggaling komponis, pianis konser, lan seniman visual saking Sekotlan.       

Biografi

[besut | besut sumber]

James Peace lair wonten ing Paisley, Sekotlan, tanggal 28 Sèptèmber 1963.[1][2][3] Piyambakipun nglampahi agengipun wekdal alit wonten ing Helensburgh, satunggaling kutha pesisir ing sisih kulon Sekotland. Kulawarganipun kathah ingkang dados seniman (kados ta John McGhie), lan piyambakipun ugi kagungan hubungan kulawarga kaliyan Felix Burns, satunggaling komponis misuwur saking musik dansa ing separo kapisan abad kaping 20.[1][4]

Piyambakipun wiwit sinau piano nalika yuswa wolung taun, lan pagelaran umum kapisanipun lumampah nalika yuswa sekawan welas taun kanthi mainaken musik saking Scott Joplin.[3] Nalika yuswa nem belas taun, piyambakipun ditampi dados siswa paling enom ing Royal Scottish Academy of Music and Drama (ingkang sakmenika sinebat Royal Conservatoire of Scotland) minangka siswa penuh wekdal.[1][2][4][5] Ing taun 1983 piyambakipun lulus saking Glasgow University kanthi gelar B.A. ing pangajaran piano.[4][5] Setahun salajengipun, piyambakipun pikantuk diploma ing babagan penampilan musik sasampunipun mainaken Piano Concerto No. 1 anggitanipun Felix Mendelssohn sesarengan kaliyan orkestra RSAMD.[1][6]

James Peace - Idylls Op.4b

Sasampunipun rampung sinau formal, piyambakipun dados pianis ingkang kathah dipun jaluk, lan gesang wonten ing Edinburgh antawisipun taun 1988–1991.[1][2]

James Peace lajeng manggen wonten ing Bad Nauheim, Jerman (basa Jerman: Bundesrepublik Deutschland) wiwit taun 1991 dumugi 2009.[7][8] Wiwit taun 1998 piyambakipun miwiti sinau babagan Tango, lan ngasilaken CD Tango escocés (Tango Skotlandia) ingkang ngemot komposisi piano anggitanipun piyambak piyambak.[9][10][11] Ing taun 2002 piyambakipun dados anggota kehormatan Victoria College of Music.[4][9][10][11][12] Ing taun ingkang sami, piyambakipun nglaksanani tur konser solo wonten ing sisih lor Jerman (September–Oktober) lan dhateng wetan adoh (ing november), ing pundi piyambakipun maringi pagelaran kapisan Tango XVII anggitanipun piyambak piyambak wonten Hong Kong.[9][10][11][12][13][14]

Tango Milonga op. 26
Tango XVIII by James Peace (James Peace, piano)

Sasampunipun punika, kathah pagelaran piyambakipun dipusataken wonten ing Eropa. Piyambakipun sampun nate nampilaken karya tango anggitanipun piyambak piyambak wonten ing kitha-kitha krajan kados ta Amsterdam, Athéna,[15] Berlin,[16] Brussel, Helsinki,[17] Lisabon[3][18] London, Madrid,[3][19] Oslo,[20] Reykjavík,[21] lan Wènen.[22]

Ing taun 2008 piyambakipun pikantuk pangajeng-ajeng dados anggota kehormatan London College of Music minangka pangalembana tumrap jasa-jasanipun ing jagad tango.[23][24][25]

Sasampunipun manggen sekedhap ing Edinburgh, piyambakipun wangsul dhateng Jerman ing wulan Februari 2010 lan manggen ing Wiesbaden.[1][2] Lelampahan punika maringi inspirasi enggal tumrap karya kreatifipun, saha piyambakipun damel film-film cekak adhedhasar komposisi anggitanipun piyambak piyambak. Salah satunggaling karyanipun punika film dokumenter James Peace in Wiesbaden.[23][24][25]

Hadiah lan Pangajeng-ajeng

[besut | besut sumber]

●     Hadiah kapisan, Agnes Millar kompetisi. Glasgow, 1983[5]

●     Hadiah kapisan, Dunbartonshire EIS kompetisi. Glasgow, 1984[5]

●     Hadiah kapisan, Sibelius Essay Prize. Glasgow, 1985[5]

●     Diploma pakurmatan, TIM kompetisi. Roma, 2000[1][2][6]

●     Diploma pakurmatan, IBLA Foundation. New York, 2002[1][2][6]

●     Medhali pangeling, International Piano Duo Association. Tokyo, 2002[26]

●     Medhali emas, Académie Internationale de Lutèce. Paris, 2008[1][2]

Kaca panutup, Eternal Song (Lagu Abadi) Op.32 dening James Peace (skor sinau)

Pakaryan Pokokipun

[besut | besut sumber]

●     The Waterfall (Grojogan)[27]

●     Idylls (Serenada Énjing)

●     Lento Lacrimoso (Luhing Meneng)

●     Forgotten Leaves (Godhong Kasepéan)

●     Ceremonial March No.1 (Ladrang Upacara no.1)

●     Ceremonial March No.2 (Ladrang Upacara no.2)

●     Autumn Gold (Emas Mangsa Gugur)[28]

●     Eternal Song (Tembang Langgeng)[1][29]

●     "Kangge Georgia" (basa Géorgia: საქართველოსთვის)

         (lirik: Tamari Chikvaidze, Zurabi Chikvaidze lan James Peace)

●     24 Ténggo Kangge Piano Tunggal[1][9][10][11][23][24][25][26][30][31][32]

Pranala Njawi

[besut | besut sumber]

Lento Lacrimoso - youtube

Souvenir de Buenos Aires - youtube

Autumn Gold - youtube

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 Birgitta Lamparth. "Keine ‘stacheligen’ Klänge", Wiesbadener Tagblatt (koran Jerman), 10 Febuari 2011
  2. 1 2 3 4 5 6 7 Julia Anderton. "Tango wie eine süß-saure Geschichte". Wiesbadener Kurier (koran Jerman), 24 Maret 2012
  3. 1 2 3 4 Soledad Carrizo-Araya. "Una entrevista al compositor James Peace". Hoja de Ruta Digital. Disyembre, 2022[pranala mati permanèn]
  4. 1 2 3 4 Sabine Klein. "Meine Musik ist wie ich - sehr romantisch". Frankfurter Rundschau (koran Jerman), 1992, nomer 254, kaca 2
  5. 1 2 3 4 5 G. Müller. "Die Seele des Klaviers tanzt Tango". Kulturspiegel Wetterau (koran Jerman). Maret 2001, pahina 5
  6. 1 2 3 "James Peace". FRIZZ (majalah Jerman), Januari 2001, kaca 5
  7. Manfred Merz. "Virtuose, gefühlsbetonte Welt der Romantik", Wetterauer Zeitung (koran Jerman), 12 Desember 1992, kaca 19
  8. "James Peace". The Tango Times (majalah wonten New York), Édisi 2002/2003 (39), kaca 1–5
  9. 1 2 3 4 National Library of Scotland. Tango escocés
  10. 1 2 3 4 Philharmonie de Paris. Tango escocés
  11. 1 2 3 4 de bibliotheek. Tango escocés
  12. 1 2 "James Peace". La Cadena (majalah Belanda), September 2002, kaca 26
  13. TangoTang (Hong Kong), Newsletter, 8 Oktober 2002
  14. "James Peace". 南華早報 (koran ing Hong Kong), 9 Oktober 2002
  15. Brosur program konser, Athéna {Για σένα Αγγελική}, 27 April 2016
  16. Tangodanza (majalah Jerman), Édisi 1/2002 – 9
  17. Poster konser (tur konser ing Finlandia, 2014)
  18. Poster konser (tur konser ing Portugal, 2016)
  19. Poster konser (tur konser ing Spanyol, ¡Feliz Cincuenta Cumpleaños - 2013!)
  20. "Listen.no. James Peace (flygel). Munch Museet, Oslo, 16 Oktober 2004". Diarsip saka sing asli ing 2020-06-08. Dibukak ing 2025-10-21.
  21. Ríkarður Ö. Pálsson. "Skozkir Slaghörputangoár". Morgunblaðið (koran Islandia), 14 Oktober 2004
  22. Brosur program konser (Wina), 23 Januari 2005
  23. 1 2 3 National Library of Scotland. K. James Peace in Wiesbaden
  24. 1 2 3 Deutsche Nationalbibliothek. K. James Peace in Wiesbaden
  25. 1 2 3 Whittaker Live. "Wiesbadener Highlander K. James Peace - New DVD"
  26. 1 2 "International Piano Duo Association (東京), Daftar para pamenang hadiah, 2002". Diarsip saka sing asli ing 2020-05-27. Dibukak ing 2025-10-21.
  27. Hessisches Staatstheater. Brosur program konser, 12/19 September 2021
  28. "Violine schwebt über das Orchester". Schwäbische Post (koran Jerman), 4 Juni 1994
  29. National Library of Scotland. Eternal Song Op.32, Peace, K. James
  30. British Viola Society, Koran, Agustus 2023
  31. Hoja de Ruta Digital, México. "Una corta historia del tango", 22 Komon, 2024
  32. National Library of Scotland. Tangos op.33, Peace, K. James