Menyang kontèn

Jagad rekan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pepetha Tanah Oz, jagad rekan sing dadi latar kanggo seri buku Oz anggitan L. Frank Baum

Jagad rekan, utawa jagad fiksi yaiku latar rekan sing tansah ajeg sadawa crita sajeroné wistara (narasi) utawa ing karya kagunan. Gagasan iki lumrahé digayutaké marang karya-karya kayal (fantasi) lan rekan èlmiah. Gagasan iki bisa ditepungi ing manéka wujud kaya ing novèl, komik, filem, acara télévisi, gim vidéo, uga karya-karya kreatif liya.[1] [2]

Ing rekan èlmiah, jagad rekan menawa awujud planit utawa galaksi manca sing mung ndarbé gegayutan sathithik tumprap jagad sunyata (kaya sing ana ing Star Wars). Ing crita kayal, jagad iki minangka planit Bumi sing diowah-owahi utawa gagrag Bumi ing mangsa ngarep utawa kapungkur adoh sing direkayasa (kaya sing ana ing The Lord of the Rings ).[1]

  1. 1 2 Schult, Stefanie; Tolkien, J. R. R.; Pratchett, Terry; Williams, Tad (2017). Subcreation: fictional-world construction from J.R.R. Tolkien to Terry Pratchett and Tad Williams. Ernst-Moritz-Arndt-Universität Greifswald. Berlin: Logos Verlag Berlin GmbH. ISBN 978-3-8325-4419-5.
  2. Pavel, Thomas G. (1986). Fictional Worlds. Harvard University Press. ISBN 9780674299665.