Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Buku kaya Ibnu Qayyim al-Jauziyah

Abu Abdullah Syamsuddin Muhammad bin Abu Bakar bin Ayyoub bin Sa’ad al-Zar’i al-Dimasyqi al-Hanbali utawa luwih kondhange Ibnu Qayyim al-Jauziyah ya iku sawijining tokoh intelèktual kang vokal, cetha panjelasané, jembar ilmuné sajeroning hukum Islam (fiqih), tapsir, hadits, ngèlmu `piranti (nahwu), lan ngèlmu ushul fiqih.[1] Dhèwèké uga tau dadi ketua Madrasah al Jauziyyah lan suwi dadi staf guru ing Madrasah Shadriyyah. Dhèwèké munggah kaji ping pirang-pirang lan netep ing kutha Mekah. Masarakat Mekah akèh kang ngandakake kekhusyu`ane dhèwèké sajeroning ngibadah marang Gusti Allah. Dhèwèké asring thawaf kang ora mungkin bisa dilakokake déning kakehan wong.[2]

Lair[besut | besut sumber]

Jeneng jangkepe ya iku Abu Abdullah Syamsuddin Muhammad bin Abu Bakar bin Ayyoub bin Sa’ad al-Zar’i al-Dimasyqi al-Hanbali. Dhèwèké lair tanggal 7 Safar 691 H (4 Fèbruari 1292 M) ing dhusun Izra ing Hauran, cedhak kutha Damaskus (Syria).[3][7][pranala mati permanèn] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 13 Agustus 2011)</ref>

Nasab[besut | besut sumber]

Nasabe saka pihak bapak ya iku Syamsuddin Abu 'Abdillah Muhammad bin Abubakar bin Ayyub bin Su'ad bin Hariz az-Zar'i ad-Dimasyqi, lan dikenal kanthi sebutan Ibnul Qoyyim.[1]


Keahlian[besut | besut sumber]

Ibnu Qayyim al-Jauziyyah duwé keahlian ing pirang-pirang babagan ngèlmu. Dhèwèké dikenal ahli sajeroning babagan tapsir Al-Qur’an, hadits, ngèlmu kalam, fiqih lan usul fiqih, nanging uga ahli ing babagan astronomi, kimia, psikologi, lan filsafat. Nanging amarga karyané akèh banget, banjur dhèwèké luwih diakoni dadi ‘ahli lelara ati’ lan ngèlmu hadits-fiqih.[2]

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Umur 16 taun Ibn Qayyim sinau marang Ibnu Taimiyah, lan dadi muride kang paling cerdas. Amarga kacerdasane mula dhèwèké bisa nerusaké pamikir-pemikirane gurune. Sakloyane dadi muride Ibn Taimiyyah, dhèwèké uga naté dadi murid sawijining ulama terkanela jamapunika ya iku Zain ad-Dîn Ibrâhîm ibn Muhammad asy-Syairazî.[3][4]

Guru pisanané ya iku bapaké dhéwé, ya iku Abu Bakar, kang mulang ushuluddin (studi dhasar-dhasar agama). Dhèwèké uga sinau marang Shihaab al-’Abir, Taqiyyuddin Sulaiman, Safiyyuddin al-Hindi, Ismail bin Muhammad al-Harrani lan liyané. Nanging guru kang paling kaloka ya iku Syaikhul-lslam Ibnu Taimiyah (661-728 H / 1263-1328 M). Ibnu Qayyim ngancani lan sinau saka Ibnu Taimiyah suwéné enem taun, tekan grune sedo sajeroning kunjara amarga fitnah wong-wong kang ora seneng marang pemahamane.[2]

Dhèwèké uga nyinaoni tasawuf. Babagan iki kang mbedakake karo Ibnu Taimiyah kang madzhab Hambali. Miturut Ibnu Katsir, salah sawijining muride, Ibnu Qayyim seneng ngibadah lan dhèwèké disenengi masarakat.[2]

Karya[besut | besut sumber]

Miturut peneliti Islam Dr. Iwadullah Jad Hijazi, karya Ibnu Qayyim sajeroning ngèlmu kawruh lan agama jumlahe ana 66. Sajeroning babagan tapsir, Ibnu Qayyim nulis Kitab al’Tibyan fi Iqsam Al’Qur’an, Tapsir al-Muuawwizatayn, lan Tapsir Surah al-Fatihah kang ana ing sajeroning kitab Madarijus Salikin.[2]

Sajeroning babagan hadits, Ibnu Qayyim nulis Tahdhib al-Siman karyané Abu Dawud, al-Wabilal Sayyab min al-Kalam al-Tayyib lan liyané.[2]

Sajeroning fiqh lan ushul fiqh dhèwèké nyumbang karya kitab Ilam al-Muwaqqi’in ‘an Rabb al-’Alarum, al-Fawa’id li Ibn Qayyim, al-Turuq al-Hukmiyyah fi al-Siyysah al-Shar’iyyah, lan liyané. Sajeroning babagan tasawuf (tazkiyatun nafs), dhèwèké nulis Madarij al-Salikin, Rawdah al-Muhibbin wa Nuzhah al-Mushtaqin, Kitab al-Ruh, Hadi al-Arwah ila Bilad al-Afrah, Miftah dar al-Sa’adah, lan liya-liyané.[2]

Dhèwèké uga nulis kitab sajeroning babagan ngèlmu kalam, filsafat, lan sajarah.[2]

Guru lan Murid[besut | besut sumber]

Guru-gurune Ibnu Qayyim ang antarané ya iku Ibn Abd al Daim, Isa al Mutha`im, al Qadhi Taqy al Din ibn Sulaiman, Ibn Al Syaraazy, al Syahab al Naabalasy al `Abir, Isma`il ibn Maktum, Fatimah binti Jauhar lan liya-liyané. Dhèwèké sinau basa Arab marang Ibn al Fath lan al Majd al Tunisy. Mergru ngèlmu ushul fikih marang al Shafy al Hindy. Nyinaoni ngèlmu fiqih marang al Majd al Haraany al taqy al Din ibn Taimiyyah.[5]

Murid-muride ing antarané ya iku al Hafidz Zain al Din Abd al Rahman ibn Rajab kang ngarang kitab Thabaqat al hanabilah, Syams al Din Muhammad ibn Abd al Qadir al Nabalasy kang nulis kitab Mukhtashar Thabaqat al hanabilah li Abi Ya`la, Ibn Katsir kang nulis kitab al Bidayah wa al Nihayah, ibn Abd al Hadi lan liyané.[5]

Cobaan[besut | besut sumber]

Ibnu Qayyim duwé prinsip, manawa urip ing donya iki mung ujian lan cobaan saka Allah Ta’ala. Meturute, ujian kanggo manungsa iku dhasaré anugerah Allah, amarga kanthi lan anugerah iku Allah Ta’ala ngetokaké tresnane.[2]

Amarga sikape kang kritis, pamaréntah menjarakake Ibnu Qayyim karo gurune, Ibnu Taimiyah. Dhèwèké uga dihina lan diarak mubeng sarta didera kanthi cambuk ing dhuwur onta. Sawisé gurune sedo, nembé Ibnu Qayyim ditokake.[2]

Sanajan wis ditokake, nanging dhèwèké kerep kritis lan nyekel kenceng marang ijtihad sarta ngadohi taqlid. Dhèwèké njupuk istinbath hukum saka Al-Quran, Sunat Nabawiyah, lan fatwa-fatwa shahih para sahabat.[6]

Mula akèh tokoh kang dadi muride, kaya ta Syarafuddin Abdullah lan Ibrahim, uga Ibnu Katsir ad-Dimasyqi lan Ibnu Rajab al-Hambali al-Baghdadi.[2]

Wafat[besut | besut sumber]

Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah sedo nalika umur 60 taun, ing wengi 13 Rajab 751 H (23 September 1350), lan dimakamke ing sacedhake makame bapake ing Pemakaman Al-Bab as-Saghir (Damaskus).[2] Dhèwèké disalati ing Masjid Jami` al Umawy banjur dislati ing Masjid Jami` Jarrah.[7]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [1] Archived 2011-09-09 at the Wayback Machine. Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 13 Agustus 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l [2][pranala mati permanèn] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 12 Agustus 2011)
  3. a b 1)
  4. [3][pranala mati permanèn] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 13 Agustus 2011)
  5. a b [4] Archived 2011-04-29 at the Wayback Machine. Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah(diaksés tanggal 12 Agustus 2011)
  6. [5][pranala mati permanèn] Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 12 Agustus 2011)
  7. [6] Archived 2011-03-07 at the Wayback Machine. Ibnu Qayyim Al-Jauziyyah (diaksés tanggal 13 Agustus 2011)