ISBN

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

ISBN (International Standard Book Number) ya iku kodhe pangidhèntipikasi utawa tata baku katalogisasi indeks buku kang asipat unik.[1] ISBN lumrahé awujud 13 angka kang nggampangaké panggolèkan lan pamasaran buku.[2] ISBN ngemot informasi bab irah-irahan, panerbit, lan golongan panerbit.[1] Amarga iku, antarané buku siji lan liyané bakal béda nomer ISBN.[1] ISBN diwènèhké saka Badan Internasional ing London, néng Indonésia ISBN diwènèhké saka Perpustakaan Nasional Republik Indonesia RI.[2]

Guna ISBN[besut | besut sumber]

ISBN duwé guna kanggo:[1]
1. Maringi idhèntitas kanggo salah sawiji irah-irahan buku kang diterbitake panerbit;
2. Mbiyantu ngalancaraké distribusi buku amarga kena nyegah klèru-klèru ing pamesenan buku;
3. Srana promosi kanggo panerbit amarga informasi pancantuman ISBN disebaraké saka Badan Nasional ISBN Indonésia ing Jakarta, uga Badan Internasional kang ana ing London.

Struktur ISBN[besut | besut sumber]

Nomer ISBN madeg saka 13 angka lan dikèki huruf ISBN nèng ngarepé.[1] Nomer iku madeg saka 5 pérangan.[1] Saben pérangan dicithak kanthi dipisah tandha hyphen (-).[1] Kelompok pambagéyan nomer ISBN ditemtokaké kanthi struktur kaya mangkéné:[1]

tuladha : ISBN 978-602-8519-93-9

1. Angka pangenal produk terbitan buku saka EAN (Prefix identifier) = 978
2. Kode kelompok (group identifier) = 602 (Default)
3. Kode panerbit (publisher prefix) = 8519
4. Kode irah-irahan (title identifier) = 93
5. Angka pamariksa (check digit) = 9

Terbitan kang dikèki ISBN[besut | besut sumber]

Terbitan-terbitan kang bisa dikèki ISBN, ya iku:[1]
1. Buku kacithak (monografi) lan pamphlet;
2. Terbitan Braille;
3. Buku péta;
4. Film, vidéo, lan transparansi kang asipat édukatif;
5. Audiobooks ana kasèt, CD, utawa DVD;
6. Terbitan èlèktronik (kaya ta machine-readable tapes, disket, CD-ROM lan publikasi ing internèt);
7. Salinan digital saka cithakan monograf;
8. Terbitan microform;
9. Software édukatif;
10. Mixed-médhia publications kang ngemot tèks.

Déné terbitan kang ora bisa dikeki ISBN, ya iku:[1]
1. Terbitan kang terbit kanthi tetep (kalawarta, buku, lsp.);
2. Iklan;
3. Printed music;
4. Dokumèn pribadi (kaya ta biodata utawa profil personal elektronik);
5. Kertu ucapan;
6. Rekaman musik;
7. Software saliyané kanggo édukasi kalebu game;
8. Buletin èlèktronik;
9. Surat èlèktronik;
10. Dolanan.

Panyantuman ISBN[besut | besut sumber]

ISBN ditulis nganggo huruf cithak kang jelas lan gampang diwaca.[1] Singkatan ISBN ditulis nganggo huruf gedhé, ndhisiki panulisan angka pangenal golongan, pangenal panerbit, pangenal irah-irahan, lan angka pamariksa.[1]
Kanggo terbitan cithak, ISBN dicantumké ing:[1]
1. Pérangan ngisor sampul mburi (back cover);
2. Verso (ing walike kaca irah-irahan) (kaca copyright);
3. Geger buku (spine) kanggo buku kandhel, nèk bisa.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m "Info ISBN". Perpusnas. Dijupuk 9 January 2016. 
  2. ^ a b "Cara Mudah Mengurus ISBN Buku". Nyonya Buku. Dijupuk 9 January 2016. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]