Hunggul Yudono Setio Hadi Nugraha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Hunggul Yudono Setio Hadi Nugraha, bisa dijuluki pepadhang kanggo wong liyané, Hunggul bisa gawé uwong kang ana ing njero alas ngrasakaké teranging jagad ing wektu wengi. Dhèwéké mbangun mikrohidro kang saiki diangge masarakat ing Kampung Kayubiranga, Dusun Borongropoa, Bulukumba Sulawesi selatan nguripaké listrik.[1]

Biografi[besut | besut sumber]

April 2018 kepungkur, Hunggul panaliti saka Balai Penelitian saha Pangembangan Lingkungan Hidup saha Kehutanan dipunwastani (BP2LHK) Makasar—unit kerja— ing sangisoré Kementrian Lingkungan Hidup saha Kehutanan kaliyan Kompas bebarengan napaki dedalanan kang kiwa tengené wit kopi ing Kampung Kayubiranga, Dusun Borongropoa, Bulukumba Sulawesi Selatan kangge bukti panalitené.

Hunggul saha kanca-kanca liyané saka BP2LHK Makasar ngewangi anggoné gawé PLTMH saka alirane banyu wonten ing Kampung Kayubiranga. Saka kene mau kasil listrik 15.000 MW, seprana seprene wis ana 47 kulawarga kang bisa ngrasakaké padhang ing wayah wengi. Panalitené Hunggul uga bisa dadi wigatiné kampung Na'an kang duwéni pepinginan bangun PLTMH ing kampung.

Ing taun candhake, BP2LHK Makassar nglibatake LSM Balang kanggo garap kelembagaan iki sarta ngrembakakaké manfaat PLTMH kangge PUE (productive use of energy). Kadadean iki isih mlaku nganti seprene banjur nglibataké LSM Oase ganténi LSM Balangan ing taun 2017.

sakliyané kuwi piyambaké uga nyiptakaké Pondok kanggé ngeringaké kopi migunakaké tenaga saka hibrida saha kompor biomassa. Bahané kagawé saka pang-pang kang wis ora kanggo. Iki diciptakaké kanggé ngundhakaké asiling kopi ing désa ngisor gunung Lompobattang kuwi. “Sakwisé mbangun PLTMH, eseming masarakat mbiyené ora tau ngrasakaké listrik dadi ati bungah” kandhané Hunggul. Merga kuwi dadi pengabdiyan Hunggul ing panaliti saha PNS Kehutanan kang kira-kira 10 taun.

Taun 2015 Hunggul sakanca saking BP2LHK Makasar ngewangi gawé PLTMH, masang instalasi jaringan, lan pelatihan teknis kanggo masarakat. Saiki PLTMH kuwi uwis 100 persen dikelola lan dirawat karo masarakat kang per wulan bayar Rp10.000.

Kulawarga[besut | besut sumber]

Hunggul lair ing Yogyakarta 7 November 1967 duwé garwa Yori Tammu kang yuswané 49 taun. Hunggul duwé anak telu, kang pisanan jenenge Marvel Khyas PY umur anaké kang kapisan 20 taun. Anaké kang nomer loro jenengé Aura Khyas Y isih SMA umuré 19 taun, lan kang nomer telu iseh 13 taun Femme Khyas Y.

Pawiyatan[besut | besut sumber]

Hunggul isih cilik cita-citané dadi arsitek. Ananging nalika melu tes ujian ing taun 1985, dhèwéké ketampa ing pilihan ke loro Institut Pertanian Bogor, melbu ing Fakultas Kehutanan. Hunggul S1 kuliah jurusan Konservasi Sumber Daya Hutan ing Fakultas Kehutanan IPB (1985-1992), dhèwéké S2 Pengelolaan DAS, Pascasarjana IPB (1998-2000), S3 Natural Resources Management, Faculty of ITC, University of Twente, The Netherlands (isih ngrampungkaké sekolah).

Pakaryan[besut | besut sumber]

Pagawean/kagiatan Peneliti ing Balai Panalitén saha Pangembangan Lingkungan Hidup saha Kehutanan (BP2LHK) Makassar, Badan Litbang saha Inovasi, Kementerian LHK, Ing Makassar.

Prestasi[besut | besut sumber]

Hunggul éntuk Penghargaan Inovator ATHUS (Alat Takar Hujan Sederhana), “102 Inovasi Paling Prospektif-2010” dari Menristek (2010), dhèwéké uga entuk penghargaan '"Peneliti Berprestasi" saka Kementerian Kehutanan (2011), ing taun 2012 oleh penghargaan Inovator Lestari Hutanku, Terang Desaku (PLTMH) “104 Inovasi prospektif-2012” saking Menristek.[2]

Hunggul boten ngewènéhi patén kanggo temuwané. Pepinginané Hunggul amung supaya karyane bisa diconto karo apa wae kang bisa dienggo ngewangi kauripaning wong-wong sing luwih butuhkake. déné ing wektu longgaré Hunggul sibuk,Hunggul isih nglodhangkaké dianggo nulis buku tentang pembangkit mikrohidrongangge basa sing sederhana lan gampang dipahami karo sapa wae kang maca, supaya kabèh bisa melu gunakaké temuwané kuwi kanthi ora rekasa.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Susanto, Ichwan (2018-05-03). "Humggul, pembawa terang ke desa pinggir hutan".
  2. Suwardi, Suwardi. "Hunggul Yudono: Penyebar Terang di Tepi Hutan".