Menyang kontèn

Hostèl Vogels

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Hostèl Vogels (Carakan: ꦲꦺꦴꦱ꧀ꦠꦺꦭ꧀ꦮ꦳ꦺꦴꦒꦼꦭ꧀ꦱ꧀) dibangun watara taun 1926 déning Sultan Hamengkubuwana VIII nalika pas didadèkaké padépokan, sawisé iku dituku déning Perdana Mentri kapisan Indonesia yaiku Dr. Soekiman sing bakal digunakaké dadi panginepan watara taun 1950. Ing taun 1950-1980 gedhong iki digunakaké dadi mèss perwira AAU nalika AAU durung nduwèni mèss ing laladan Kaliurang.[1]

Gedhong Utama Hostel Vogels

Hostèl Vogels mapan ana ing Jl. Astamulya RT 07/ RW 19, Hargobinangun, Pakem, Sléman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Gedhong iki mapan ana ing koordinat géografis S 7, 59892 º lan E 110,4268 º élevasi 900 mdpl. Hotel Vogels iki nduwèni fasad kang madhep arah wétan lan cedhak karo dalan Kaliurang.[1]

Gagrag Gedhong

[besut | besut sumber]

Gedhong Hostèl Vogels duwèni gaya arsitèktur Indis sing ana tower cilik ing dhuwur gedhong. Gunané tower ing gedhong sing ana ing Indonesia dadi modé sing disenengi déning arsitèktur Kolonial Walanda ing wiwitaning abad 20. Gedhong iki uga ana hiasan arupa plèster watu marmer ing pérangan njaba gedhong. Kahanan gedhong nganti wektu saiki isih apik lan karawat, mèh sakkabèhé komponen gedhong iku asli, saka jogan, usuk, jendhéla lan lawang, namung pérangan kaca sing diganti amarga pecah lan pengecatan menèh karo werna sing cocok kaya ing awal dibangun. Pérangan jogan migunakaké marmer werna abang, gedhoing iki uga migunakaké ornamèn kaca sing cukup akèh. Utamané ing jendhéla kang ngebaki tembok ing sawijining pérangan ruwangan. Gedhong iki uga ana werna emas sing dadi penghias ing sakpinggiré plafon sing ditekakaké saka India.[1]

Sujarah

[besut | besut sumber]

Kaliurang yaiku sawijining laladan kang mapan ana ing Kalurahan Pakem, Kabupaten Sléman, Daerah Istimewa Yogyakarta. Kanthi dideleng saka sujarahé, tlatah iki yaiku pérangan saka lemah apanage Kasultanan Yogyakarta. Adhedhasar laporan Residèn Yogyakarta (Gegevens Over Djokjakarta 1925 lan 1926) kang diserat dening L. F. Dingemans, lemah ing Kalurahan Pakem ing masa pamaréntahan Sultan Hamengkubuwana II dikuwasani dening Pangeran Puger. Ing abad 1830-an, Tlatah Vorstenlanden ngalami perkembangan sektor pakebonan kang mbutuhaké lahan jembar lan subur. Lemah-lemah apanage banjur diséwakan dening para pemegang hak (apanagehouder) marang perusahaan-perusahaan pakebonan. Ing Pakem, lemah apanage digunakaké kanggo pembangunan pakebonan nila kang diurus dening Pangeran Adipati Mangkubumi wataraning taun 1880. Status lemah apanage ing jabaning tlatah inti Yoggyakarta diilangi liwat kebijakan Pamaréntah Kolonial ing taun 1912–1913, karo Versteeg kacathet dadi pengelola pungkasan lemah apanage ing Pakem.[1]

Ing wiwiting abad kaping-20, Pamarentah Hindhia Walanda wiwit ngembangaké sektor pariwisata ing tlatah kolonine, kalebu Yogyakarta. Pembentukan Vereeniging voor Toeristen-Verkeer (VTV) ing taun 1908 nandhani diawiti promosi Yogyakarta kang dadi destinasi wisata, karo atraksi budaya kaya Kraton Yogyakarta ( Carakan:​​ ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ​), Candhi Prambanan​ (Carakan: ꦕꦤ꧀ꦝꦶꦥꦿꦩ꧀ꦧꦤꦤ꧀), Kotagede (Carakan: ꦏꦺꦴꦠꦒꦺꦢꦺ), sarta kerajinan batik lan perak, lan atraksi alam kaya kawasan panté (Parangtritis (Carakan: ꦥꦫꦁꦠꦿꦶꦠꦻꦱ꧀), Samas (Carakan: ꦱꦩꦱ꧀), Baron (Carakan: ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀) lan pegunungan, kalebu Kaliurang (Carakan: ꦏꦭꦶꦲꦸꦫꦁ.)[1]

Pemanfaatan Kaliurang dadi papan pasaréyan diwiwiti ing taun 1885, nalika Pangeran Adipati Mangkubumi mbangun pesanggrahan ing tlatah kasebut ing masa pamaréntahan Sultan Hamengkubuwana VII. Tlatah iki banjur ditetepaké dadi kawasan hunian liwat keputusan Rèsiden Yogyakarta nomer 927/42 tanggal 22 Januari 1919. Ing ngisor kepemimpinan Residen Jonquière, tlatah lor lan kuloning dalan Pakem tekan Kaliurang ditetepaké dadi lemah mardika (vrijdomein), mungkinaké pengalihan fungsi lahan kanggo kaperlon pembangunan. Perbaikan infrastruktur dalan lan anané pesanggrahan duwéné sultan nyurung patuwuhan Kaliurang dadi kawasan wisata. Ing taun 1925, kacathet ana 12 bungalow ing kawasan iki, lan cacah kasebut munggah dadi 14 ing taun sabanjuré. Ing 1930-an, bebrayan Walanda mbangun sawatara 30 bungalow pribadi sarta jaringan dalan semi permanèn kanggo nunjang aktivitas wisata.[1]

Perbaikan infrastruktur dalan lan anané pesanggrahan duwene sultan nyurung patuwuhan sawisé kam ardikan Indonesia, bungalow lan omah pasaréyan kang sadurungé diduwèni Kolonial dijupuk alih déning pandhudhuk lokal, kalebu pejabat saka sektor pakebonan kopi lan tebu. Salah siji gedhong bersejarah ing kawasan iki yaiku Hostèl Vogels, kang diwangun wataraning taun 1926 déning Pamarentah Kolonial Walanda. Gedhong iki banjur diduwèni déning Patih Danurejo VII, sadurungé dituku déning dr. Soékiman Wiryosanjoyo, kang tau njabat dadi Perdana Menteri Indonesia. Gedhong kasebut sempet digunakaké dening TNI AAU dadi papan pasaréyan nganti taun 1980.[2] Ing taun 1980-an, vila iki dituku déning Hisa Tanaka Abdul Rosyid, sawijining wong nagara Jepang, lan diowah dadi hostèl sarta réstoran.[1]

Riwayat Panduwe Gedhong

[besut | besut sumber]

Taun 1980, gedhong iki dituku déning Bapak Abdul Rosyid sing digunakaké dadi panginepan umum nganti saiki diwarisaké kanthi turun-temurun déning anake. Pengelola Hotel Vogels wektu iki ya iku kulawarga saka Abdul Rosid yaiku Bapak Cristian Awuy wiwiting taun 1983.[1]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 "JOGJACAGAR | Sistem Informasi Cagar Budaya". jogjacagar.jogjaprov.go.id. Dibukak ing 2025-05-27.
  2. Prasetyo, Himawan (2015-02-14). "Hostèl Vogels". kebudayaan.kemdikbud.go.id. Dibukak ing 2025-05-31.