Hoé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Hoe)
Hoe
Jeneng Koréa
Hangul
Hanja
Alihaksara sing Disampurnakaké hoe
McCune–Reischauer hoe

Hoé (pocapané [hø~hwe]) inggih punika istilah umum ingkang dipun-ginakaken kanggé nyebat manéka jinis dhaharan Koréa ingkang arupi tugelan ulam seger paling saé utawi daging ingkang boten dipunmasak. Saengseon hoe (생선회,生鮮膾) punika irisan tipis daging ulam seger utawi dhaharan segara sanèsipun (kados sashimi). Yukhoe (육회,肉膾) punika daging sapi mentah ingkang dipunparingi bumbu kecap asin, gochujang, lenga wijen, lan arak beras. Gan hoe (간회,肝膾) punika ati sapi mentah ingkang dipunparingi bumbu lenga wijen lan sarem. Hongeohoe (홍어회, 洪魚膾) punika irisan daging iwak pari ingkang sadèrèngipun dipunsimpen wonten ing sajeroning guci dumugi nglampahi fermentasi.

Saos cocol kanggé saengseon hoe ingkang dipunwastani chogochujang (초고추장) punika dipundamel saking gochujang lan cuka. Sadèrèngipun dipundhahar, hoe saged dipunparingi wasabi utawi dipuncocol dhateng saos chogochujang utawi ssamjang (쌈장), lan dipunbungkus kaliyan godhong perila utawi godhong selada. Nalika dipunsajekaken, hoe dipunsukakaken ing priring kanthi isi dangmyeon supados katingal langkung saé. Wonten ing griya dhahar nalika bibar dhahar saengseon hoe, lajeng kathah tiyang ingkang mesen maeuntang (sup ulam ingkang dipundamel saking kepala ulam lan pérangan ulam ingkang boten saged dipundamel hoe).

Sajarah[besut | besut sumber]

Tradisi dhahar daging lan ulam mentah ing Ujung Koréa dipunprakirakaken dipuntepangaken déning tiyang Cina nalika wiwitan periode Tiga Kerajaan Koréa (57 SM—668 AD). Saking kitab Analek karyanipun Kong Hu Cu asal abad kaping 1 SM dipunserat , "Ampun dhahar dumugi nelasaken ingkang alus. Ampun dhahar dumugi nelasaken tugelan ingkang paling saé (食不厭精,膾不厭細).[1] Istilah kuai (膾) wiwitanipun ateges irisan ulam mentah utawi irisan daging kados daging sapi lan daging wedhus. Ananging saking jaman Dinasti Qin lan Dinasti Han, istilah punika namung ateges ulam mentah. Bibar Buddhisme mekar wonten ing Koréa wiwit saking periode tengahan Tiga Kerajaan Koréa dumugi pungkasan Dinasti Goryeo (918–1392), matèni kéwan kanggé dipundamel dhaharan punika kalebet pérangan ingkang kedah dipunsingkiri Awit saking punika, rakyar nilaraken kabiasaan dhahar hoe sesarengan lan boten malih konsumsi daging. Dhaharan punika dipunsajèkaken malih bibar lunturipun prabawa Buddhisme ing pungkasan periode Goryeo. Nalika ing masa Dinasti Joseon, kraton njunjung kanthi inggil piwulang Konfusianisme, saéngga hoe kondhang malih minangka dhaharan tiyang Koréa.[2]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ http://www.confucius.org/lunyu/indonesian/indonesian_nd1008.htm Lun Yu Bab 10 Ayat 8
  2. ^ Kim Hak-min (김학민) (16 Juli 2003). "공자 사모님 힘드셨겠네" (ing basa Koréa). The Hankyoreh.