Hidroponik

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tomat asil hidroponik

Hidroponik asalé saka tembung Yunani yaiku hydro kang tegesé banyu lan ponos kang tegesé daya utawa kerja.[1] Dadi hidroponik tegesé mbudidayakaké tanduran kanthi mupangataké banyu dadi médhia kanggo nandur utawa kena diarani soilles.[1] Hidroponik ora nggunakaké lemah kanggo nandur.[1] Tanduran kang dibudidayaké kanthi cara hidroponik yaiku tanduran kang larang regané, tanduran iki biyasané cepet payu nalika didol ing pasaran.[1] Tanduran kang ditandur kanthi cara hidroponik umpamané paprika, tomat, timun jepang, melon, térong jepang, seladha.[1] Saliyané jinis tanduran ing dhuwur uga ana jinis tanduran liyane kang dibudidayakaké kanthi cara hidroponik ananging biyasané mung kanggo hobi.[1]

Nandur tanduran kanthi sistem hidroponik ing donyaning tetanèn wis ora dadi sistem kang anyar manèh.[1] Ananging nganti saiki akèh masarakat kang durung ngerti kanthi cetha piye carané nandur kanthi sistem hidroponik lan apa waé kauntungané.[1] Hidroponik luwih mentingaké nutrisi kanggo tanduran nalika ditandur.[1] Tèknik nandur hidroponik digawé amarga manungsa ngerti wigatiné rabuk kanggo tanduran.[1]

Ing endi waé panggonané tanduran bisa thukul kanthi subur yèn kabèh nutrisi utawa unsur hara kang dibutuhaké dicukupi.[1] Ing kontèks iki fungsiné lemah yaiku kanggo nyangga tanduran lan banyu kang ana dadi dat kang nglarutaké unsur hara utawa nutrisi kang dibutuhaké saéngga bisa disesep tanduran.[1] Saka pola pikir iki akiré digawé tèknik nandur kanthi sistem hidroponik, déné sistem iki luwih ngutamakaké kabutuhan nutrisi utawa unsur hara kang dibutuhaké tanduran.[1]

Bahan kang dibutuhaké nalika arep nandur kanthi sistem hidroponik yaiku pot kang ukuran lan gedhéné dicocokaké karo tanduran kang dadi maskot.[2] Tanduran maskot iki bisa arupa janganan kayata térong lan liyané kayata tanduran taunan kayata dhondhong, jambu, utawa kembang-kembangan.[2] Pot kang digunakaké luwih becik pot kang tingkat lan ana wadhah kanggo nampung banyu ing ngisoré.[2] Bahan saka pot uga digawé saka lemah lempung lan plastik, loro-loroné nduwèni kaunggulan lan kakurangan dhéwé-dhéwé.[2] Pot kang digawé saka lemah lempung nduwèni kaunggulan bisa njaga stabilitas suhu medhia, ananging luwih cepet lumuten lan cepet rusak.[2] Déné pot kang digawé saka plastik luwih awèt ananging ora bisa dirembesi banyu saka témbok pot saéngga stabilitas medhia ora stabil.[2] Sawisé iku banjur digunakaké medhia tandur kayata pasir, watu apung putih, watu zeolit, pecahan bata, watu kali dan kawat kasa nilon.[2] Kanggo njaga sterilitas bahan, luwih becik kabèh bahan digodhog dhisik sadurungé dadi medhia kanggo nandur.[2] Déné tandurané dijupuk saka tanduran kang wis thukul ing njero polybag lan wis siap direplanting ing njero pot.[2]

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m (id)sabah.org.my(diundhuh tanggal 1 Juli 2011)
  2. ^ a b c d e f g h i (id)scribd.com(diundhuh tanggal 1 Juli 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Hidroponik&oldid=830878"