Hatsumōde

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Antrian hatsumōde ing Kuil Meiji

Hatsumōde (初詣?) inggih punika sowan kapisan ing kuil Buda utawi kuil Shinto nalika wiwitan taun énggal wonten ing Jepang [1][2]. Sowan punika dipunlampahi kanthi ancas ndedonga nyuwun supados wonten ing taun énggal punika gesangipun tansah tentrem. Hatsumodeugi dipunsebat hatsumairi (初参り?). Wonten ing jaman samangké, hatsumōde wiwit dipunlampahi tiyang bibar gantosing taun. Nalika badhé gantosan taun, kathah tiyang ingkang sampun antri ing ngajeng kuil nalika wiwit wonten santun genta taun énggal (joya no kane).

Sajarah[besut | besut sumber]

Hatsumōde ing Kuil Sumiyoshi, Kobe

Tradisi hatsumōde asalipun saking toshigomori utawi toshikomori (年蘢り?) inggih punika tradisi nyepi wonten ing kuil ujigami. Toshigomori dipunlampahi kepala kulawarga ingkang boten saré kanggé ndedonga ing ngajengipun ujigami. Tradisi nyepi punika sampun kelampahan wiwit saking ōmisoka dumugi énjingipun (dintentaun énggal). Ing dinten salajengipun, toshigomori dipunpérang dados kalih pérangan inggih punika joyamōde (除夜詣?) ingkang dipunlampahi nalika wengi taun éenggal, lan ganjitsumōde (元日詣?) ingkang dipunlampahi nalika dinten kapisan ing taun énggal.

Hatsumōde ingkang dipuntepangi sapunika asalipun saking tradisi ganjitsumōde. Ugi wonten ing jaman sapunika, tiyang ing sapérangan tlatah ing Jepang taksih ngawontenaken sanpai sowan dhateng kuil ujigami nalika dalu taun énggal, kondur ing dalem, lan bibar gantos taun kondur sowan malih dhateng kuil [3]. Tradisi kados makaten dipunwastani ninenmairi (二年参り sowan kalih taun?).

Hatsumōde minangka tradisi Jepang ingkang asalipun saking jaman Meiji. Salah satunggaling asal usul hatsumōde punika ehōmōde inggih punika sowan dhateng kuil ingkang mapan wonten ing mata angin kabegjan. Toshitokujin (salah satunggal Kami mata angin) mapan wonten ing mata angin kabegjan (ehō),lan wonten ing mriku boten mapan tatarigami (ingkang mbeta petaka). Saben taunipun, padeleng angin kabegjan dipuntemtokaken dhedhasar shio (eto) kanggé taun punika. Sanajan makaten, tiyang jaman sapunika sampun boten asring sowan ing kuil kuil ujigami utawi kuil dhedhasar mara angin kabegjan, nanging malah dhateng kuil-kuil ingkang sampun kondhang.

Tradisi ehōmairi (sowan ing kuil mata angin kabegjan) lajeng dumugi ing jaman Meiji. Nanging manéka perusahaan sepur ing kawasan Keihanshin ingkang rutenipun ngliwati kuil-kuil kawéntar sami damel promosi arah mata angin kabegjan ingkang bènten-bènten. Saben perusahaan sepur gadhah kekajengan supados tiyang kersa nitih sepur saking perusahaan mau. Saéngga kathah tiyang ingkang sowan dhateng kuil ingkang boten wonten gegayutanipun kaliyan mata angin kabegjan. Lajeng wonten tradisi énggal anama hatsumōde ingkang wiyar wiwit jaman Meiji. Prinsipipun, tradisi toshigomori boten malih dipunlampahi lan tiyang namung nglampahi ganjitsumōde (sowan taun énggal) dhateng kuil Buda utawi Shinto.

Nalika hatsumōde dhateng kuil Buda utawi Shinto, kathah tiyang ingkang mundhut omamori (jimat), hamaya, kazaguruma (dolanan kincir angin), kumade (sapu pring). Ing satunggal keping ema, tiyang nyerat menapa kekajenganipun. Tiyang-tiyang ugi mundhut omikuji supados nyuwun nasib ingkang saé, lan ugi ngramal kabegjan ing taun énggal.

Kuil-kuil ingkang ramé[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Hari Pertama: “Hatsumode” dan “Fukubukuro”[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013)
  2. Hatsumode, (dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013)
  3. Festival di Jepang, (dipunakses tanggal 12 Fèbruari 2013)

Ugi pirsani[besut | besut sumber]