Menyang kontèn

Hari Sabarno

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Hari Sabarno
Mantri Larasgawé Babagan Pulitik lan Kaamana
ad-interim
Linggih
12 Maret 2004  20 Oktober 2004
PrésidhènMegawati Soekarnoputri
Kang sadurungéSusilo Bambang Yudhoyono
Kang sawiséWidodo Adi Sutjipto
Mantri Jero Praja Indonésia ke-24
Linggih
10 Agustus 2001  20 Oktober 2004
PrésidhènMegawati Soekarnoputri
Kang sadurungéSoerjadi Soedirdja
Kang sawiséMohammad Ma'ruf
Rerincèn dhiri
Lair(1944-08-12)12 Agustus 1944
Jepang Sala, Jawa Tengah, Pendudukan Jepang ing Indhiya Nèderlan
Pati31 Mèi 2019(2019-05-31) (umur 74)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
BangsaIndonésia

Jenderal TNI (Purn) Hari Sabarno (lair ing Sala, Jawa Tengah, 12 Agustus 1944  pati ing Jakarta, Indonésia, 31 Mèi 2019 ing umur 74 taun) inggih punika Mantri Jero Praja Indonésia ing Kabinèt Gotong Royong taun 2001-2004.[1] Nalika taun 1967, saampunipun lulus saking pendidikan militér kanthi pangkat Létnan Kalih panjenenganipun pikantuk promosi kapisan minangka Komandhan Peleton lan Kasi-2 Brigade Infantri ing Kodam Brawijaya ing antawisipun taun 1968-1975.[1]

Hari Sabarno naté njabat dados Komandhan Batalyon (Danyon) lan Komandhan Korem (Danrem) ing Kodam Siliwangi saking pangkat Letkol ngantos Kolonel ing wekdal 11 taun (1982-1993).[1] Sasampunipun punika panjenenganipun dipunpromosikaken njabat Wakasospol lan Asospol Kosospol ABRI ing Mabes ABRI, nalika taun 1994-1995.[1] Salajengipun Hari pinitados njabat dados wakilipun ABRI ing lembaga lègislatif saking taun 1995 lan langsung dados Pendhéganipun Fraksi ABRI. Panjenenganipun naté kapilih dados Wakil Ketua MPR/DPR saking Fraksi TNI/Polri ngantos taun 2001 kanthi pangkat pungkasan Letjen TNI.[1] Nalika tanggal 12 Maret 2003, déning Megawati Soekarnoputri, Hari Sabarno dipundadosaken Mantri Koordinator Pulitik lan Kaamanan ad interim minangka gantosipun Susilo Bambang Yudhoyono ingkang mandhap saking jabatanipun.[1]

Hari dados tersangka kasus korupsi pamundhutan mobil pamadam kobongan ing 22 laladan. Panjenenganipun dipuntetepaken dados tersangka nalika tanggal 29 September 2010.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 Hari Sabarno[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2011)
  2. Hari Sabarno Diperiksa sebagai Tersangka dipunundhuh tanggal 5 Oktober 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Hari Sabarno[pranala mati permanèn]