Héctor Bellerín
|
Bellerín pemain klub Arsenal ing 2015 | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Héctor Bellerín Moruno | ||
| Tanggal lair | 19 Maret 1995 | ||
| Papan lair | Barcelona, Spanyol | ||
| Dhuwur | 1.78 m (5 ft 10 in)[1] | ||
| Posisi main | Bék tengen | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Arsenal | ||
| Angka | 24 | ||
| Karir nom | |||
| 2003–2011 | Barcelona | ||
| 2011–2013 | Arsenal | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 2013– | Arsenal | 111 | (5) |
| 2013–2014 | → Watford (loan) | 8 | (0) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| 2011 | Spain U16 | 6 | (1) |
| 2012 | Spain U17 | 6 | (0) |
| 2013–2014 | Spain U19 | 9 | (0) |
| 2015–2017 | Spain U21 | 14 | (0) |
| 2016– | Spain | 3 | (0) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 22:31, 4 January 2018 (UTC). | |||
Héctor Bellerín Moruno (lair 19 Maret 1995) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Spanyol ingkang main dados bèg ing Liga Primér Inggris klub Arsenal lan Tim Nasional Bal-balan Spanyol.[2]
Bellerín miwiti karir minangka panyerang sayap kanggé FC Barcelona.[3] Bellerín gabung ing Arsenal taun 2003 saking Akadhemi Bal-balan La Masia, ingkang kalebet akadhemi gadhah klub FC Barcelona.[3] Bellerin dipunpromosikaken dhateng tim sènior ing taun 2013, nanging sadèrèngipun main régulèr, piyambakipun dipunampilaken dhateng klub Watford.[3] Bellerin namung semusim main ing Watford, lan namung tampil ping wolu kemawon, sadèrèngipun dipuntimbali wangsul dhateng Arsenal.[3] Bellerin ngawiti dhebut kaliyan tim sènior Arsenal ing taun 2013, wekdal pertandhingan kaping tiga piala liga mengsah West Bromwich Albion, wekdal samanten piyambakipun mlebet nggantosaken Mikel Arteta ing menit 95.[3]
Dhebut Bellerin ing Liga Champions Éropah wekdal wulan Sèptèmber 2016, wekdal samanten Arsenal kalah mengsah Borussia Dortmund. Bellerin sampun nyithak 66 pertandhingan lan nyithak tigang gol kanggé Arsenal.[3] Karir Bellerin Timnas Senior Spanyol dipunwiwiti taun 2016, Bellerin sampun tigang ambalan mbéla timnas La Furia Roja.[3]
Pranala njawi
[besut | besut sumber]- Hector Bellerin Profil Hector Bellerin (ing Basa Inggris)
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Barclays Premier League Player Profile". Premier League. Dibukak ing 18 January 2018.
- ↑ Hector Bellerin(dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)
- ↑ a b c d e f g Hector Bellerin Archived 2018-01-12 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Januari 2018)