Gunung Srandil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Gunung Srandil.

Gunung Srandil ya iku bukit sing ana ing Glémpangpasir, Kacamatan Adipala.[1] Adohé antarané objek wisata iku karo Kutha Cilacap kira-kira 30 km arah lor-wétan (ngalor rada ngetan sithik).[1] Srandil asalé saka tembung srana lan adil, kang duwé teges gunung Srandil iku sarana kanggo golék keadilan urip, panggon kanggo ngasah awak lan golék artiné urip.[2] Akèh wong kang nganggep utawa ngerti gunung srandil lan akèh uga kang nganggep Gunung Srandil iku dadi panggonan kanggo pesugihan.[2] Gunung Srandil iku awujud panggon Ziarah Kubur kang saknjeroné ana makam para leluhur saka tanah Jawa.[2] Gunung Srandil manggon ana ing pasisir pasisir kidul, pasé ana ing Désa Glempang Pasir, Kacamatan Adipala, Kabupatén Cilacap, Jawa Tengah.[2] Lokasi Gunung Srandil sajatiné isih ana ing naungané TNI Angkatan Dharat, kang dikelola déning DENZIBANG (Detasemen Zeni dan Wangunan).[2] Kanggo nguri-uri Gunung Srandil dilakoké kanthi pribadi-pribadi masarakat kono.[2] Konon Présidhèn RI Sukarno Lan Suharto uga sok rawuh ana ing Gunung Srandil Kanggo nglakoni Laku spiritual.[3] Ana ing dina-dina mirunggan, kaya malem Selasa Kliwon lan Jemuwah Kliwon, kompléks Gunung Srandil ramé karo wong-wong saka laladan liya kaya Purwokerto, Sala, Yogyakarta, Surabaya, Semarang, Bandhung, Jakarta nganti tekan Bandar Lampung lan laladan liya saka luar Jawa.[4] Gunung Srandil saksuwéné iki dipercaya dadi pusat lahiré kabudayan Jawa.[4] Ana ing Pesanggrahan Jambé Pitu, dipasang foto Pak Harto kang nganggo busana adat Jawa.[4] Berkain batik, berjas beskap, lan nganggo blangkon, sarta nganggo keris.[4] Ana ing gunung srandil iki uga sok ditindakaké ritual-ritual kang kebak magis.[5] Ritual-ritual mau dikenal karo jeneng suran.[5]

Ziarah Gunung Srandil[besut | besut sumber]

Konon Gunung Srandil dadi titik utama Éyang Semar utawa Kaki Tunggul Sabdo Jati Doyo Amung Rogo.[2] Sakora-orané ana pitung titik pepundèn utawa leluhur kang semayam ana ing Srandil.[2] Pitu titik mau dibagi ana ing rong panggon, ya iku lokasi ngisor kang ana limang titik pepundèn lan rong titik liyané ana ing pucuk Gunung Srandil.[2] Ka-7 titik mau dadi urutan yèn arep ziarah ana ing Srandil.[2]

  • Diwiwiti saka Éyang Guru utawa Éyang Sukmo Sejati utawa Éyang Sukmo Sejati Kunci Sari Dana Sari kang dadi kunci pisanan utawa kunci pambuka Gunung Srandil.[2] Ana ing lokasi iki peziarah nyampekaké apa kang dadi maksud lan tujuané sarta jaluk ijin kanggo ziarah ana ing panggon sabanjuré.[2]
  • Kapindo ya iku Éyang Gusti Agung Sultan Murahidi, iki dadi titik gaib pisana lan tuwa dhéwé, panggoné sisih wétan lokasi pager Gunung Srandil.[2]
  • Katelu ya iku Nini Dewi Tunjung Sekar Sari, iki awujud panggon keramat kang dadi pendamping utawa garwa saka Éyang Semar.[2] Panggoné ana ing sisih kidul pager Gunung Srandil.[2]
  • Kaping papat ya iku Éyang Semar utawa Kaki Tunggul Sabdo Jati Doyo Amung Rogo, panggon iki dadi titik utama Gunung Srandil.[2] Manggoné sisihan karo keramat Nini Dewi Tunjung Sari.[2]
  • Kaping lima ya iku petilasan Éyang Juragan Dampu Awang, utawa Sam Poo Kong, utawa Sunan Kuning.[2] Juragan (saudagar) sugih saka Negeri China kang agamamé Islam.[2] Panggoné ana ing sisih lor saka gerbang mlebu Gunung Srandil.[2]
  • Kang kaping nem ya iku petilasan Éyang Langlang Buana, titisan saka Déwa Wisnu kang isih ana sesambungé karo Karajan Pajajaran, ing Jawa Kulon.[2] Panggoné ana ing pucuk Srandil.[2]
  • Titik kang kaping pitu ya iku Éyang Mayang Koro utawa Hanoman, kang dadi pendamping Eyang Langlang Buana.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b pariwisata.cilacapkab.go.id (Dipuntingali tanggal 25 Mèi 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w tabloidpamor.com (Dipuntingali tanggal 25 Mèi 2011)
  3. www.anneahira.com (Dipuntingali tanggal 25 Mèi 2011)
  4. a b c d www.suaramerdeka.com (Dipuntingali tanggal 25 Mèi 2011)
  5. a b ww.indosiar.com