Menyang kontèn

Gréja Kristen Jawa Pakem Taman Lansia Ceria

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gereja Kristen Pakem

Gréja Kristen Jawa Pakem Taman Lansia Ceria kalebet peranganing komplèks sanatorium Pakem, ingkang dipunadegaké minangka tanggapan dhumateng mundaking kasus tuberkulosis wonten ing Hindia-Belanda ing awal abad kaping 20, nalika obat lan vaksin tumrap penyakit punika taksih dèrèng kapanggih. Sanatorium punika dipunbangun kanggé ngasingaké para tiyang ingkang kaserang tuberkulosis supados boten nyebaraké dhumateng tiyang sanès. Kawontenan sanotarium ing Indonesia dipunwiwiti taon 1900-an kanthi gambaran minangka tubercolosis jarang ing negara tropis[1].[2] Pendeta pisanan ing gereja iki yaiku Rekso Subroto saka Salatiga, kang ditahbiskan taun 1955. Nalika semana, panjenengané manggon ana ing omahé Martowiyoto (saiki dadi duwé Tri Yunondro), kang digunakaké dadi pastori sementara. Suwé-suwé, saya akèh warga sekitar kang mèlu katekisasi lan dibaptis déning panjenengané. Pelayanan jemaat lan penginjilan mau uga didhukung déning Pranotohadi, kang sadurungé tugas ana ing GKJ Jepitu, Gunungkidul. Saliyane kuwi, Rekso Atmojo dipindhah tugas menyang GKJ Pugeran Semin, Gunungkidul.[3][4]

Panggènan punika dipunpilih amarga udara seger lan adoh saking ramé kutha, cocok kangge ngibadah. Amargi krisis ekonomi 1930-an pembangunan dipunlampahi bertahap lan Geréja dados bangunan pungkasan ingkang dipunbangun. Peletakan watu kapisan geréja dipuntandhani tanggal 11 April 1940 dèning Maria Marta Groot putri saking dokter K. P. Groot. Komplèk Panti Asih Pakem ingkang dumunung ing Padukuhan Panggeran, Désa Hargobinangun, Kapanèwon Pakem, Sléman, sapunika ngemu bangunan kados: pavilium-pavilium, ruang isolasi, griya dokter, binatu, dapur, lan geréja. Kompleks Panti Asih Pakem ingkang dumunung ing Padukuhan Panggeran, Désa Hargobinangun, Kapanewon Pakem, Sléman, sapunika ngému bangunan kados: paviliun-paviliun, ruang isolasi, griya dokter, binatu, dapur, lan gereja. Ruang utama greja dawané timur-kulon, umat lungguh ngadhep wétan, lan wonten ruang pitepangan ing wingking mimbar. Mimbar lan kursi kayu saking jaman pambangunan isih dipunginakaké nganti sapunika. Ruang utama geréja dawane timur-kulan, umat lungguh ngadep wétan, lan wonten ruang pertemuan ingkang wingking mimbar. Mimbar lan kursi kayu saking jaman pembangunan tasih dipunginakaken nganti sapunika. GKJ Pakem piyambak punika bangunan satunggal lantai kanthi denah persegi ngadhep kulan, lan ngagem gaya arsitèktur tropis modern: atap gambrel (limas-pelana), témbok bata, lantai tègel semèn, plafon anyaman bambu, lawang papan, lan jendéla kaca bingkai kayu. Ing ndhuwur lawang wonten tulisan Kitab 1 Petrus 2:21, déné ing sanding lawang wonten inskripsi peletakan watu kapisan taun 1940.

Geréja Kristen Jawa Pakem sanajan asalé minangka péranganing komplèk sanotarium sapunika dados pusat pangibadah umat Kristen Jawa ing wewengkon Pakem lan sakidulipun bagunan greja punika boten kagungan nilai arsitèktual nanging ugi ngèmu sejarah lan rohani kang jero. Saindhenging wekdal, geréja punika lestari lan tansah dipunkaji, dados saksi bisu umat Kristen nalika jaman penjajahan lan krisis kasehatan.[5]

Wiwit taun 1948/1949, para nom-noman lan karyawan RS. Sanatorium miwiti pambangunan geréja ing Ngangkruk (Kertodadi). Sawisé pirang-pirang taun, kathah nom-noman sanès ing sakitar sanatorium mlebu kataksasi lan dipunbaptis déning Pendeta kapisan GKJ Pakem, inggih punika Bapak Pendeta Resa Subroto saking Salatiga. Panjenenganipun manggon wonten pastori seméntara ing griya Bapak Martowiyoto ing Purworejo (saiki kagunganipun Bapak H. Tri Yunondro).[6][7]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Harris, Mochamad. "Pengertian Iklim Tropis ,Ciri dan Persebaran" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-03.
  2. "Gereja Kristen Jawa Pakem".[pranala mati permanèn]
  3. web.jogjatimur (2017-03-07). "Paroki St. Maria Asumpta Pakem". Keuskupan Agung Semarang (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-06-03.
  4. "Gereja Kristen Jawa Pakem".[pranala mati permanèn]
  5. "Tentang – Gereja Kristen Jawa Pakem" (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2025-05-31. Dibukak ing 2025-06-03.
  6. "Sejarah GKJ Pakem". Gereja Kristen Jawa Pakem (ing basa Indonesia). 2010-01-03. Dibukak ing 2025-06-03.
  7. "Gereja Kristen Jawa Pakem".[pranala mati permanèn]