Menyang kontèn

Gloria Steinem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gloria Steinem (1977)

Gloria Marie Steinem (25 Maret 1934 – 2 Sèptèmber 2026) iku wartawan lan aktivis gerakan sosial Amérika Sarékat sing dadi pesirah feminisme gelombang kapindho ing Amérika Sarélat ing pungkasané dasawarsa 1960-an lan wiwitan 1970-an. Dhèwèké uga panggah wigati ing dasawarsa 1980-an lan awal 1990-an.[1][2][3][4]

Steinem iku kolumnis kanggo kalawarti New York, lan salah siji pangadeg kalawarti Ms. Ing taun 1969, Steinem mbabar artikel, "After Black Power, Women's Liberation," sing ndadèkaké awaké misuwur ing kancah nasional minangka pesirah feminisme. Ing taun 2005, Steinem, Jane Fonda, lan Robin Morgan ngadegaké Women's Media Center, sawijiné organisasi sing makarya "kanggo nggawé wanita katon lan kuwat ing médhia."[9]

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. ↑ "Gloria Steinem Fast Facts". CNN. September 6, 2014. Diarsip saka asliné ing November 9, 2014. Dibukak ing November 9, 2014.
  2. ↑ "Gloria Steinem". Encyclopedia of World Biography. 2004. Diarsip saka asliné ing November 9, 2014. Dibukak ing November 9, 2014.
  3. ↑ "Gloria Steinem". historynet.com. Diarsip saka asliné ing October 4, 2014. Dibukak ing November 8, 2014.
  4. ↑ Ishak, Natasha (May 9, 2020). "How Gloria Steinem Went From Going Undercover At Playboy To Being The World's Most Famous Feminist". All That's Interesting (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka asliné ing January 14, 2026. Dibukak ing January 14, 2026.