Menyang kontèn

Gertrude Ederle

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gertrude Ederle

Gertrude Caroline Ederle (23 Oktober 1905 – 30 Novèmber 2003) iku juru nglangi kompetitif Amérika Sarékat, médhalis Olimpiadhe, lan panyekel rékor donya ing limang prastawa. Ing tanggal 6 Agustus 1926, dhèwèké dadi wong wadon kapisan sing bisa nglangi nyebrang Selat Dover. Salah siji peparabé iku "Ratuning Ombak" (Queen of the Waves).

Film biografi Young Woman and the Sea, adhedhasar buku mawa irah-irahan sing padha déning Glenn Stout, diprodhuksi déning Walt Disney Pictures lan Jerry Bruckheimer, disutradarani déning Joachim Rønning, lan dibintangi déning Daisy Ridley minangka Ederle. Film iki dirilis tanggal 31 Mèi 2024.[1]

Karièr amatir

[besut | besut sumber]

Gertrude tumuwuh ing Manhattan, ing kana bapané nduwé toko daging ing Amsterdam Avenue, lan Gertrude sinau nglangi ing Highlands, New Jersey.[2] Sawisé iku dhèwèké latihan ing kumpulan WSA (Women's Swimming Association), sing didegajé déning Charlotte Epstein. WSA iku organisasi historis sing kepemimpinan lan anggotané ngampanyekaké kak pilih wanita, lan kerja keras kanggo nggawé luwih akèh acara nglangi sing kabuka kanggo para wanita lan nambah partisipasi ing Olimpiadhe. Ederle nggabung karo klub iku nalika umuré lagi rolas taun lan langsung sinau gaya nglangi American crawl, sing dikembangaké ing WSA déning trainer pesirah Louis Handley. Ing taun sing padha, dhèwèké olèh nyetel rékor donya sing kapisan ing gaya bébas 880 yard, dadi sing nyekel rékor donya enom dhéwé ing nglangi. Dhèwèké nyithak wolung rékor donya manèh sawisé kuwi, pitu ing antarané ing taun 1922 ing Brighton Beach.[3] Gunggungé, Ederle nyekel 29 rékor nasional AS lan donya saka 1921 nganti 1925.[4]

Menang medhali ing Olimpiadhe Paris 1924

[besut | besut sumber]

Ing Olimpiadhe Musim Panas 1924 ing Paris, Ederle menang medhali emas minangka anggota tim A.S. sing dadi juwara pisan ing èstafèt gaya bébas 4 × 100 meter. Bebarengan karo kanca sa-tim èstafèt Amérika Sarékat Euphrasia Donnelly, Ethel Lackie lan Mariechen Wehselau, dhèwèké nyithak rékor donya anyar 4:58.8 ing final acara iku.[3] Tim Olimpiadhe A.S. éntuk arak-arakan confetti (ticker-tape parade) nalika mulih ing tahun 1924.[5]

Karièr profésional

[besut | besut sumber]

Ing taun 1925, Ederle dadi profésional. Ing taun sing padha dhèwèké nglangi 35 km saka Battery Park menyang Sandy Hook ing 7 jam lan 11 menit, rékor sing lagi bisa dipatahaké 81 taun sawisé déning juru nglangi Ostrali Tammy van Wisse. Kaponakané Ederle, Bob, ing tembé nyritakaké menawa olèhé tantené nglangi iku mung "klithih wayah wengi" waé lan "pamanasan" kanggo olèhé nyabrang Selat Dover.

Upaya nyebrang Selat Dover

[besut | besut sumber]

Ing taun 1925, kumpulan nglangi wanita Women's Swimming Association sponsor Helen Wainwright lan Gertrude Ederle kanggo nyoba nglangi nyebrang Selar Dover. Helen Wainwright kudu batal amarga tatu, dadi Ederle mutusaké lunga dhèwèkan menyang Prancis.

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. Fleming, Mike Jr (December 9, 2020). "Disney Takes Plunge on 'Young Woman and the Sea'; 'Star Wars' Daisy Ridley, 'Kon-Tiki's Joachim Rønning Team on Tale of First Woman to Swim English Channel". Deadline.
  2. Dahlberg, Time; Ward, Mary Ederle (2009). America's Girl: The Incredible Story of How Swimmer Gertrude Ederle Changed the Nation. St. Martin's Press. ISBN 978-0-312-38265-0.
  3. 1 2 Sports-Reference.com, Olympic Sports, Athletes, Gertrude Ederle Archived April 24, 2014, at the Wayback Machine.. Retrieved March 16, 2015.
  4. "Gertrude Ederle (USA)". International Swimming Hall of Fame. Diarsip saka sing asli ing September 23, 2019. Dibukak ing March 16, 2015.
  5. "The History of New York's Ticker-Tape Parades", Downtown Alliance. Accessed September 12, 2023. "In the 1920s, with ticker tape seen as a modernization of the ancient ritual of strewing flowers before conquerors, it became routine to hail arriving heads-of-state with a paper shower. The city started a tradition of recognizing champion athletes with the ticker-tape parade for the American Olympic team in 1924."

Pranala njaba

[besut | besut sumber]