Gereja Santo Antonius Purbayan Surakarta
Gereja Santo Antonius Purbayan Surakarta inggih menika salah satunggaling Gereja Katolik ingkang madeg wonten ing salebeting kitha Surakarta ingkang sampun ginanjar yuswa 109 taun ing taun 2025 punika.[1]
Sujarah
[besut | besut sumber]Gereja Santo Antonius Purbayan Surakarta inggih menika salah satunggaling wangunan tetilaran sujarah ingkang wigatos mliginipun lampah sumebaring agami Katolik wonten ing Kitha Surakarta. Madeg wiwit wulan Nopember taun 1916 lan kalebet Gereja ingkang sampun sepuh.
Pamadegipun gereja punika kaprakasan dening Romo Cornelis Stiphout, SJ, minangka dados pastor sepisanan. Kawontenanipun gereja menika sanes kangge papan panggenan pangibadah mirungganipun kangge bebrayan agung ingkang ngrasuk agami Katolik, nanging ugi dados punjer sumebaring agami Katolik ingkang anggadhahi ayahan salebeting amangun iman Katolik miturut wulangan ingkang sampun kasebar dening piyayi Walandi.
Mlebetipun agami Katolik tumuju wonten Surakarta, para misionaris utawi piyayi ingkang gadhah ayahan kangge nyebar agami boten kagungan siti kangge amangun gereja. Pakubuwana IX, duk rikala taksih jumeneng wiwit taun 1861-1893 kagungan krenteg kangge maringaken Dalem kagunganipun Raja inggih menika Pakubuwana VII dening para misionaris.[2]
Papan Panggenan
[besut | besut sumber]Panggenanipun Gereja Santo Antonius Purbayan wonten ing pinggiring ratan Arifin. No 1, kalebet wewengkon Kampung Baru, Pasarkliwon, Surakarta kanthi kode pos 57111. Utawi mapan wonten ing saleripun Balaikota Surakarta.
Panyuluh Misa
[besut | besut sumber]- Misa Jumuwah sepisan 05:30 WIIK lan 12:00 WIIK
- Misa Jumuwah sepisan (Adorasi Pentahtaan,Sakramen Mahakudus) 18:00 WIIK
- Misa Setu 16:30 WIIK lan 18:00 WIIK
- Misa Minggu 05:30 WIIK lan 07:00 WIIK lan 08:30 WIIK lan 16:30 WIIK lan 18:00 WIIK
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Pratama, Yogi (2025-01-27). "Menelisik Keindahan dan Sejarah Gereja Santo Antonius Purbayan, Warisan Katolik Tertua di Solo". Good News From Indonesia. Dibukak ing 2025-09-13.
- ↑ Liputan6.com (2024-05-22). "Sejarah Singkat Gereja Santo Antonius Purbayan, Gereja Katolik Pertama dan Tertua di Solo". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-09-13.
- ↑ Liputan6.com (2024-05-22). "Sejarah Singkat Gereja Santo Antonius Purbayan, Gereja Katolik Pertama dan Tertua di Solo". liputan6.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-09-13.