Menyang kontèn

Gendon Subandono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gendon Subandono (lair ing Magelang, 25 Mei 1962), ya iku salah setunggaling pelopor Paralayang ing Indonesia lan pelatih Kepala Timnas Paralayang Indonesia. [1] Gendon kondhang minangka tokoh pelopor berkembange wisata paralayang ing Indonesia. Saliyané iku, dhèwèké uga kondhang minangka dadi pilot tandem ing Indonesia taun 1994. Gendon Subadono kang biasa kaceluk Get, duwe ciri khas rambut lan jenggot cemeng ireng putih dawa. Sakjane dhèwèké kepincut ning gantole lan paralayang ananging ora iso terlaksana amarga mbiyen isih larang lan ora mampu. Awal mulane ora nyinauni paralayang nanging jajal nyinauni lewat terjun payung sing arep pada karo paralayang lan bisa ngembangake paralayang ning Indonesia nganti saiki. Nalika arep kejuaraan Asia Games 2018 musuh sing paling abot ya itu saka Thailand, RRC, Korea Kidul, Nepal, lan Jepang.Paralayang minangka pertama kaline cabang olahraga sing ditandingke ning Asia Games 2018 lan ana 18 negara sing melu.[2] Gendon nargetake Indonesia entuk emas saka cabang paralayang amarga ndeleng ana potensi sing gede. Akhire Gendon Subandono minangka Pelatih Kepala Tim Paralayang Indonesia tanding wonten ing Asia Games 2018 karo pelatih liyane bisa gondol 2 medali emas, 1 perak dan 3 perunggu ing Asia Games 2018.

Kauripan

[besut | besut sumber]

Gendon Subandono duwe garwa asmanipun dr Susantri lan gadah tigang putri ya iku Nur Bening Langit sing umure 19 taun, Airi Muara Nurani sing umure 18 taun, lan Bunga Hati Kita sing umure 15 taun. Dhèwèké lulusanan saka Universitas Gadjah Mada jurusan S1 Sastra Arkeologi aun 1989. Gendon ya iku “anak kolong”, putra saka anggota TNI Sudarsono Sugiono (alm) lan Saudarijah,  nanging dhèwèké ora gelem melu Resimen Mahasiswa ing kampuse. Akibate Gendon ora bisa melu jajal nyinauni terjung payung sing arep pada karo paralayang. Gendon nyemplung ing kegiatan paralayang akhir taun 1989, sakwise melalang buana ing kegiatan olahraga outdoor, munggah gunung, panjat tebing lan arung jeram kaliyan Mapagama (Organisasi pecinta alam Universitas Gadjah Mada). Ing akhir taun 1989, Gendon ndue kanca cedek sing pada pecinta alame jenenge yaiku Lody Korua. Kanca cedeke iku tuku parasut, nanging amarga durung ngerti cara nganggone, parasute kuwi disilihake Gedon. Nyinaunine saka manual sing dikirim karo parasute. Nanging manuale nganggo Bahasa Prancis, dhèwèké sinau lewat gambar-gambare. Carane sinau yaiku bareng-bareng karo kancane almarhum Dudy Arief Wahyudi. Dhèwèké sinau wiwit ground handling, terus jajal mabur saka perbukitan pasir ing sekitare Parangtritis, Bantul DI Yogyakarta. Akhire sitik saka sitik gendon bisa jalakke parasute kuwi.

Gendon nyebar luasake lan ngembangke paralayang ing komunitas, dhèwèké ora ngarahake utawa kepingin dadi atlet nanging dhèwèké nglewuangake wektune kanggo mbina sing kepingin dadi pilot paralayang lan melu-melu kejuaraan paralayang. Gendon malah ora sering melu kejuaran, seringe dadi ketua panitia ing kejuaraan Indonesia. Kejuaraan paralayang sepisan ing Indonesia taun 1994, arupa eksebisi ketepatan mendarat ing puncak sing pesertane cacahe 23 wong. Gendon ngadopsi aturan-aturan sing digunakake ing Prancis lan Amerikah Serekat. Ing taun 1995 dhèwèké ning pegunugan Pirenia, pegunungan sing ana ning Prancis lan nyinauni babagan paralayang karo ngematake peraturan-peraturan sing ning kana kanggo diterapake ning Indonesia. Ing taun 1995 kuwi pertama kaline dhèwèké tanding paralayang ana ing acara PON 2000 Jawa Timur, mula paralayang bisa berkembang nganti saiki. Ana sekitar 95% atlet paralayang sing manut aturan organisasi dadine sing manut bisa melu kejuaraan paralayang amarga kanggo ndukung keslametane masyarakat. Gendon duwe cara sing ampuh kanggo nyatukake lan mbangkitke semangat para atlet nalika tanding mbela negara, kunci ampuhe yaiku lagu “Indonesia Raya”, bendera Merah Putih, lan himne sing biasane dinyanyiake Korps Kopassus sing sebagian lirike diganti. Pengembangan pariwisata dirgantara, njedul 5-10 taun mbiyen, pengembangan iku bisa gawe paralayang sansaya urip lan maju. Paralayang uga bisa ngasilake devisa kanggo nyukupi para pelaku olahraga lewat pariwisatane. Gendon ngembangke paralayang nganggo telung pilar ya iku paralayang dadi hobi, paralayang dadi olahraga wisata prestasi lan paralayang dadi olahraga wisata dirgantara. Saka telung anake, Gendon seneng banget amarga sing mbarep lan kelorone wis gelem ngewiwiti anjlok ing paralayang, sanadyan nembe ngrewangi ing organisasine.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. kompas.id (2018-09-12). "Gendon Subandono, Sosok di Balik Perkembangan Paralayang Indonesia". Kompas.Id (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2019-05-08. Dibukak ing 2019-05-08.
  2. "Temui Atlet Paralayang di Istana Negara, Menpora Tanyakan Soal Honor hingga Fisioterapi". kemenpora (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2018-10-29. Dibukak ing 2019-05-19.