Gedhong Pusat Universitas Gadjah Mada

Gedhung Pusat Universitas Gadjah Mada (Carakan: ꦓꦼꦝꦸꦁꦥꦸꦱꦠ꧀ꦈꦤꦶꦮ꦳ꦼꦂꦱꦶꦠꦱ꧀ꦒꦗꦃꦩꦢ; basa Indhonésia: Gedung Pusat Universitas Gadjah Mada) yaiku wangunan modhèren kapisan sing diwangun bangsa Indhonésia dhéwé.[1]
Gedhung iki diresmèkaké déning Présidhèn Soékarno tanggal 19 Dhésèmber 1959 lan wis ditetepaké dadi wangunan cagar budaya déning Gubernur Dhaérah Istiméwa Yogyakarta taun 2012.[1]
Sujarah
[besut | besut sumber]Ana ing mangsa-mangsa wiwitan madegé, kegiyatan akadhemik UGM sumebar ing ngendi-endi amarga tambah akèhé mahasiswa. Kondhisi iki dilaporaké ana ing Diés Natalis kapisan yaiku tanggal 19 Sèptèmber 1950 ana sangarepé Wakil Présidhèn Dr. Moh. Hatta. Kanggo nanggepi babagan kuwi mau, Déwan Kurator lan Sénat Universitas mutusaké kanggo tuku lemah kang jembaré 100 héktaré ing sisih lor Ngayogyakarta kanthi dhukungan béa limalas yuta. Paniti laksana kang ngurusi babagan rega lemah digawé tanggal 9 Juli 1951 lan dipimpin déning K.R.T Honggowongso. Nganti 12 Oktober 1951, kurang luwih 94 héktaré wis isa dibébasaké, sauntara kuwi turahané isih durung isa dibébasaké amarga masalah rega.
Sawise ana pamesthèn lemah, Kementerian Pekerjaan Umum bebarengan karo jawatan gedhung-gedhung ngutus insinyur Soétarjo lan Hadinegoro dadi arsitèk proyèk. Pembangunan gedhung iki diwiwiti kanthi nyumèlèhaké watu wiwitan déning Présidhèn Soékarno ana ing tanggal 19 Dhésèmber 1951, kanthi targèt rampungan ana ing awal sasi Pèbruari taun 1955 lan béa awal Rp16,5 yuta. Ananging, proyek iki ana masalah amarga kangèlan golèk pasokan bahan, saéngga lagi rampung ana ing sasi Dhésèmber taun 1957 kanthi béa pungkasan Rp34 yuta. Gedhung lekas digunakaké tanggal 19 Januari 1958 lan diresmèkaké tanggal 19 Dhésèmber 1959.
Wiwit taun 1972, Balé Sénat ing Gedhung Pusat digunakaké kanggo upacara Diès Natalis nganti taun 1998, sadurungé dipindhahaké ana ing Grha Sabha Pramana. Balairung uga tau dianggo dadi lokasi pendhaptaran mahasiswa anyar nganti taun 1980-an lan dadi papan kanggo wisudha lekas taun 1986 nganti taun 1994.[2]
Kahanan Wangunan
[besut | besut sumber]Gedhung Pusat UGM iki dadi inti saka zona pusat kampus sing kalebu Arborétum, Perpustakaan, Grha Sabha Pramana, lan Lapangan Pancasila. Zona iki diwatesi déning Dalan Kaliurang (kulon), Dalan Bhinéka Tunggal Ika (kidul), Dalan Nusantara (lor), lan Jalan Agro (wétan), kanthi pranatan manut poros imajinèr Kraton Ngayogyakarta.
Wangunan iki bentuké kothak dawa (persegi panjang) kanthi plataran tarbuka ing tengah lan orièntasi madhep ngalor ana ing arah Gunung Merapi, manut karo filosofi Tri Hita Karana: Parahyangan (lor), Pawongan (tengah), dan Palemahan (kidul). Kanggo ngurmati arah nèng Keraton, akses utama digawé saka sisih kidul ngliwati boulévard kampus.
Payon kang bentuké limasan kanthi bagéan lor sing dijangkepi tajuk lan penangkal petir. Wiwité nggunakaké sirap kayu Kalimantan, payon diganti nganggo gendhèng kramik ana ing taun 1994, lan talang kan dianyari manèh ing taun 2012. Pondhasi bagéan lor lan kidul didhuwuraké kurang luwih 1,5 mèter, kanthi témbok sing dilapisi krikil. Akses utama ngliwati undhak-undhakan saka watu bata lan tègel semen.
Balairung ing lanté ngisodr dhéwé sing dhisiké nganggo lanté téraso, saiki nganggo kramik, lan digunakake kanggo upacara pakurmatan pungkasan kanggo guru besar. Ing dhuwuré, Balé Sénat nganggo plafon mlengkung saka téak block. Bagéan ngarep lor nduwèni pitung plengkung sing nopang wolung kolom bunder saka beton kang dilapisi plèster putih rada kuning nganggo ornamèn Jawa kuno.
Gedhung iki nduwèni telung lanté. [3]Kantor ing lanté kapisan dipisah nganggo partisi kayu jati, sauntara ing sisih kulon lan wétan ngubungake karo wangunan tambahan. Undhak-undhakan saben lante digawé saka beton kanthi railing wesi lan gujengan kayu jati, sarta témbok undhak-undhakan saka kaca ès kanggo dalan surya alami. Lanté loro lan telu nduwèni pendhapa nganggo pengaman wesi lan kayu jati.[2]
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ a b "Gedung Pusat UGM – Arsip UGM" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-05-31.
- ↑ a b Kabupaten Sleman, Dinas Kebudayaan. "Gedung Pusat Universitas Gadjah Mada". Dinas Kebudayaan Sleman. Dibukak ing 2025-05-28.[pranala mati permanèn]
- ↑ Administrator (2011-08-14). "Gedung Pusat UGM, Simbol Bangunan Modern Pertama Buatan Indonesia". Universitas Gadjah Mada (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-06-01.