Menyang kontèn

Gedhong Kavallerie Artillerie

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gedhong Kavallerie Artillerie Sadurunge Didandani

Gedhong Kavallerie Artillerie yaiku gedhong kang manggon ing karangan Pura Mangkunegaran Surakarta. Gedhong Kavallerie-Artillerie diyasa taun 1874 nalika jamané KGPAA Mangkunagara I (Raden Mas Said) lan gunané minangka barak lan pamedan minangka papan latihan pasukan legiun Mangkunegaran.[1] Gedhong Kavallerie-Artillerie dumunung ing sisih wetan plataran ngarep Kraton Mangkunegaran.[2] Gedhong Kavallerie Artillerie dadi seksi bisu Pura Mangkunegaran ing jaman kencana rukmine minangka kraton kang bisa ngemonah kakuwatane dhewe-dhewe kanthi mardika saka paprentahan kang luwih gedhe yaiku Kraton Kasunanan Surakarta jaman semana. Kamardikan ngemonah paprentahan saka Kraton Kasunanan Surakarta, ndadekake Pura Mangkunegaran duwe wadyabala dhewe kanggo njaga saka bebaya. Gegaman lan jaran perang dikandhangake ing gedhong Kavallerie Artillerie. Kajaba iku, papan iki uga dadi markas bregada. Senadyan jaman wis owah, bangunan Kavallerie Artillerie isih tetep teguh kaya jaman kuncarane. Gedhong iki yen miturut Paugeran babagan cagar budaya nomer 11 taun 2010 kelebu dadi bangunan cagar budaya kang kudu dilestarekake. Nanging, tumeka bangunan iki ora ilang kolonial minangka wujud peradaban ing jaman kasebut.[3][4]

Wujud Wewangunan

[besut | besut sumber]

Gedhong Kavallerie Artillerie yen sinawang kanthi cetha duweni tembok kang kandele 40 cm memper beteng kraton. Desain lawang digawe dhuwur banget, kira-kira 400 cm saka kayu jati. Cengkorongane kasebut diljangkapi tralis saka waja kang nambah kesan sing kuat. Mlebu ing jero, ditmokake akeh panggonan kanggo bregada gegaman lan kavaleri kang saiki dienggoni dening bebrayan minangka omah. Kajaba kuwi uga akeh gadhogan utawa kandhang jaran kang kagawe saka kayu jati kandel lan saperangan gadhogane yaiku kandhang jaran kang isih bisa dideleng. Sadurunge didandani, bangunan iki katon asli banget kanthi swasana kang kebak perbawa, kaya-kaya durung luntur dening jaman.[3]

Saliyane kanggo markas Legiun Mangkunegaran, gedhong iki uga kanggo pamedan. Ngrembakane bregada dadi Legiun Mangkunegaran, KGPSS Mangkunagoro II diilhami dening bregada Grande Armee duweke Napoleon Bonaparte. Pola gladhen bregada Legiun Mangkunegaran padha karo kang dilakokake dening militer Eropa, utamane ing Prancis. Gegladhen iki duwe ancas supya bregada Legiun Mangkunegaran bisa ngadhepi perang kang lumaku suwe saarta perang gerilya. Bregada kang ana ing Legiun Mangkunegara ora mung wong lanang. Nanging uga ana wanita ing bregada iki. Anane wadya bala wanita, saliyane digladhi supaya bisa nggunakake gaman, uga nduweni kabisan nembang lan nabuh piranti musik. Saliyane uga kanggo ngiringi rawuhe para tamu agung kang ana ing Pura Mangkunegaran.[5]

Kondhang Kaloka

[besut | besut sumber]

Minangka gedhong cagar budaya, gedhong iki wis misuwur ing donya amarga tau dadi latar kanggo pagelaran Solo International Performing Art (SIPA) ing taun 2010. Dene ing taun 2012, gedhong iki digunakake maneh minangka latar pagelaran Musik Etnik Internasional Solo kanthi pencahayaan sing dianggep spektakuler banget.[6]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Hartanto, Putut (2023-01-25). "Gedhong Kavallerie Artillerie Mangkunegaran Solo Bakal Didandani (saka Basa Indonesia)". Espos. Dibukak ing 2025-04-26.
  2. Wahyuning Asih, Restu (2023-02-02). "Nepungi Gedhong Kavallerie Artillerie (saka Basa Indonesia)". Lifestyle Bisnis. Dibukak ing 2025-04-26.
  3. 1 2 Kurniasari, Kholidah (2023-09-15). "Ngungak Kavallerie Artillerie Gedhong kang Ngemu Sujarah ing jaman Mangkunagara IV kang Isih Sentosa Tumeka Saiki (saka Basa Indonesia)". Solo Trust. Dibukak ing 2025-04-26.[pranala mati permanèn]
  4. "UU Nomer 11 Taun 2010 Babagan Cagar Budaya (saka Basa Indonesia)". Kemendikbud. Dibukak ing 2025-04-26.
  5. Aprilia, Ninda (2023-09-03). "Gedhong Kavallerie Artillerie Biyene Markas Bregada Legiun Mangkunegaran kang Saiki Dadi Wangunan Cagar Budaya (saka Basa Indonesia)". Solo Balapan Jawa Pos. Dibukak ing 2025-04-26.
  6. Bramantya, Agung (2023-02-01). "Gedhong Kavalerie Solo Wangunan Sejarah ing Pura Mangkunegaran Umure 174 Taun (saka Basa Indonesia)". Cakrawala. Dibukak ing 2025-04-26.[pranala mati permanèn]