Menyang kontèn

Gedhong Apotek Sputnik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Gedhong Apotek Sputnik yaiku bangunan sing kanggo panggonan Apotek Sputnik. Bangunan iki manggon ing Dalan Pandanaran No.55, Kalurahan Randusari, Kecamatan Semarang Selatan, Kota Semarang. Gedhong iki ana monumen kapal mabur ruang angkasa Sputnik. Bangunan iki nandaake gaya bangunan ing masa peralihan Perang Adhem sakwise Perang Donya Kapindo.[1]

Monumen kapal mabur ruang angkasa Sputnik kepasang ing ngarepe Apotek. Bangunan iki dirancang nganggo monumen kapal mabur sputnik amergo kanggo mangeti buka e apotek pas tahun1967. Wektu iku pas nembe peluncuran kapal mabur sputnik nduweke Uni Soviet. [2] Gedhong iki wis ditetepake kanggo cagar budaya Kota Semarang.[3]

Nganthi saiki, awakdewe isih isa tuku obat lan oleh-oleh khas semarang, khusus e bandeng presto ing apotek iki[4].

Monumen Kapal Sputnik

[besut | besut sumber]
Gedhong Apotek Sputnik. Kapal Sputnik ketutupan wit.

Ing ngarepe toko iki, ana tironan kapal sputnik gawenan Uni Soviet. Kapal iki wernane biru enom. Dhuwure monumen kapal sputnik ana bunderan sing koyo planet-planet. Tironan kapal sputnik iki iso dideleng langsung nanging ketutupan ambek godhonge wit.

Ornamen lawang mlebune uga nganggo werna biru lan putih. Ana modelan ornamen sing lingguk-lingguk ora simetris. [4]

Cathetan Suku

[besut | besut sumber]
  1. Kompas, Tim Harian (2018-09-15). "Indonesia di Sebuah Masa Peralihan". Kompas.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-16.
  2. Topsfield, Jewel (2018-01-06). "Like biting into a durian: Indonesia's weird architecture of the '50s and '60s". The Sydney Morning Herald. Dibukak ing 2025-12-16.
  3. cagarbudaya.semarangkota.go.id https://cagarbudaya.semarangkota.go.id/page/halaman/149. Dibukak ing 2025-12-16. {{cite web}}: Missing or empty |title= (pitulung)
  4. 1 2 Aditya, Fahreza (2018-04-03). "Arsitektur Jengki: Simbol Kebebasan dan Kemewahan di Indonesia era 1950-an". VICE (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-24.