Menyang kontèn

Garis luwur

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Garis luwur yaiku pangukuran vertikal antarané barang sing diukur tumprap datum sing dadi pathokan.

Garis luwur, utawa altitudo, yaiku pangukuran let-letan (jarak) sing biasané menyang vertikal utawa "munggah", antarané datum pathokan lan barang sing diukur. Teges pesthiné lan datum pathokan bisa séjé maknané miturut babagané (kaya ing pamaburan, geometri, survei geografis, ulahraga, utawa pidihan atmosfer). Sanajan tetembungan 'altitude' utawa garis luwur lumrah piguna kanthi makna dhuwur sadhuwuring lumah sagara (height above sea level), ing geografi istilah 'elevation' utawa kadhuwuran luwing asring piguna.

Ing pamaburan, garis luwur biasane diukur adhedhasar rata-rata lumah sagara (permukaan laut) utawa ndhuwur lumah lemah (permukaan tanah) kanggo mesthèkaké navigasi lan operasi pamaburan tansah aman. Ing geometri lan survei geografis, garis luwur mbiyantu yeyasan pepethan topografi kanthi tlesih lan bisa mangerteni kadhuwuran medhan (terrain elevation) kanthi cetha. Ing babagan ulah raga ing garis luwur dhuwur kaya jlajah alam (trekking) nyumurupi lan nyesuaiaké marang garis luwur wigati kanggo daya tahan awak lan kaamanan. Garis luwur dhuwur tegesé oksigen saya suda, sing bisa nyebabaké lelara yen ora nglakoni tumindak sing cocog.

Pangukuran let-letan menyang "ngisor" umumé karan jejeru (depth).