Menyang kontèn

Galeri Seni Kontemporer Semarang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Galeri Seni Kontemporer Semarang iku salah siji panggonan seni kang majang lukisan-lukisan utawa gambar-gambar kontemporer saka tukang gambar kontemporer Asia ing Indonesia. Galeri iki dibangun ing taun 2001. Maneka warna pameran seni rupa saka seniman saka tlatah Indonesia utawa manca wis tau dipamerake ing galeri seni iki.

Galeri seni Semarang (Semarang Gallery)

Galeri seni kontemporer Semarang mapan ing dalan Taman Srigunting Nomor 5-6, Tanjung Mas, Kecamatan Semarang Utara, Kota Semarang. Kira-kira 160 meter saka Gréja Blendhuk lan 400 meter saka Gedhong Marabunta.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Galeri seni kontemporer iki dibangun dening Chris Dharmawan. Dhèwèke iku kolektor lan filantropi ing bidang seni kontemporer. Diadekna gedhong galeri seni kontemporar iki minangka panggonan kanggo nyimpen lan mamerake asil gambar seni kontemporer seniman-seniman saka kutha Semarang.

Chris Dharmawan nggawe konservasi ing gedhong seni kontemporer Semarang ing taun 2007.[1] Sawisé nganakake konservasi gedhong, galeri iki diresmekake minangka gedhong galeri Semarang ing taun 2008.[2] Tekan seprene, gedhong galeri seni iki isih dibuka lan majang gambar-gambar kang nyeni.

Sadurunge dibangun sacara resmi minangka Galeri Seni Kontemporer Semarang, gedhong iki raket karo sajarah. Ing taun 1882, gedhong iki dadi papan panggonan kanggo Rama L. Prinsen lan uga dadi papan pangibadah pasamuwan Katulik. Ananging sawise pirang-pirang taun, gedhong iki diambrukake lan dibangun maneh taun 1918.

Modhel gedhong iki nganggo modhel Spanish Colonial, tegese ana taman kang digunakake baris dening para prajurit Walanda lan nganakake parade ing jaman biyen. Banjur, ing taun 1937, gedhong iki dienggoni dening Oei Tiong Ham Concern, sing duwe usaha asuransi kapisan ing Indonesia. Jenenge De Indische Lloyd.

Ananging, suwe-suwe gedhong iki diduweni dening wong Jawa sing misuwur lan disewakake dadi gudhang, diler motor, lan kantor usaha obat-obatan Tempo. Nganti taun 1998 gedhong iki pungkasane dadi pabrik sirop Fresh.

Sawise sawetara suwe, Chris Dharmawan ngusulake dianakake konservasi tumrap gedhong iki lan diresmekake minangka Galeri Semarang ing taun 2008.[3] Nganti seprene, gedhong iki isih ngemot samubarang kang sesambungan karo sajarah bangsa Indonesia, mligine sajarah kang kelakon ing Semarang. Sakiwa tengene gedhong iki uga akeh gedhong-gedhong tinggalane Walanda, kaya ta Gereja Blendhuk lan taman Srigunting.

Arsitektur

[besut | besut sumber]

Gedhong galeri seni kontemporer iki dibangun tingkat loro. Sing ngisor dinggo meja tuku tiket lan buku-buku sarta olèh-olèh ing sisih ngarep, dene ing sisih buri dinggo majang 7 gambar. Ing tingkat loro ana 8 gambar kontemporer.

Gedhong galeri iki kalebu gedhong lawas lan arsitekture isih dipengaruhi modhel gedhong kaya Eropah. Gedhonge dhuwur, pyan uga dhuwur saka jubine.

Pameran seni

[besut | besut sumber]

Ing gedhong galeri seni kontemporer Semarang iki kerep dianakake sawetara kegiyatan seni. Maneka warna kegiyatan kang ana sesambungan karo seni sing wis tahu dianakake ing kene, salah siji kegiyatan kang kepungkur yaiku pameran gambar-gambar seni rupa kontemporer. Galeri seni iki duwe kegiyatan sing ajeg dianakake, contone pameran seni kang temane genti genten. Rata-rata dianakake rong sasi pisan. Dene gambar utawa lukisan sing dipamerake utawa dipajang kalebu gambar 2 dimensi, 3 dimensi, lan sapiturute.[4]

Kegiyatan sing dianakake ing museum seni iki duwe tujuwan kanggo ngenalake seni marang wong akeh kang beda-beda asal-usule utawa pagaweane. Kabeh wong saka sing isih enom tekan wong diwasa bisa teka ing galeri seni iki kanggo deleng gambar-gambar kontemporer sing duwe aji dhuwur lan oleh moto kanthi mardhika.

Tekan seprene, Galeri Seni Kontemporer Semarang tetep majang gambar-gambar seni saka tukang gambar lokal. Nanging, akeh uga tukang-tukang lukis saka liya kutha lan liya nagara uga melu nyengkuyung mamerake gambarane ing kene.[5]

Karya seni

[besut | besut sumber]

Galeri Seni Kontemporer Semarang iki nyuguhake maneka gambar sing dikumpulake saka para tukang gambar ing Indonesia. Ananging panci ora akeh banget sing dipajang ing tembok ing dina-dina biasa. Beda kahanane menawa dibandingake nalika ana kegiyatan pameran amarga Galeri Seni Kontemporer Semarang iki uga kerep nganakake pameran kaya ta gambar lukisan, sketsa, arsip, rekaman pertunjukan nganti instalasi.[6] Sawetara pameran seni kang tau dianakake ing kene yaiku:

  • KUNE KUNE
  • Private Purview
  • (F): Space, Time, Movement
  • FORMLESS: on Human Artifice and Natural Order
  • Your Silence Will Not Protect You
  • Renaissance of China (?)
  • Sensing Sensation

Sing paling nengsemake, ana telung gambar gedhe kang dipajang ing sisih ngarep lawang mlebu kang nyaritake babagan sajarah Renaisance nganggo kanvas akrilik lan goretane nganggo aksara Jawa nanging dadi gambar kang peni.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Prafiadi, D., dkk. (Februari 2022). Mandaka, Mutiawati (èd.). Kearifan Lokal Arsitektur Nusantara (PDF). Purbalingga: Eureka Media Aksar. kc. 104. ISBN 978-623-5251-53-0. {{cite book}}: Check date values in: |date= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link) CS1 maint: url-status (link)
  2. "Semarang Contemporary Art Gallery, Spot Wisata di Kota Lama Cocok untuk Penikmat Seni". iNews.ID (ing basa Indonesia). 2023-02-02. Dibukak ing 2023-02-02.
  3. "Semarang Contemporary Art Gallery, Spot Wisata di Kota Lama Cocok untuk Penikmat Seni". iNews.ID (ing basa Indonesia). 2023-02-02. Dibukak ing 2023-02-02.
  4. "Semarang | Contemporary Art Gallery | Indonesia". Semarang Gallery (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-01-10.
  5. Media, Kompas Cyber (2022-03-04). "Semarang Contemporary Art Gallery, Museum Modern di Kota Lama Semarang yang Tak Boleh Dilewatkan Halaman all". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2023-02-01.
  6. "Daftar 7 Tempat Wisata di Semarang yang Hits dan Instagramable, Nomor 5 Penuh dengan Karya Seni". iNews.ID (ing basa Indonesia). 2022-05-13. Dibukak ing 2023-02-02.