Gajah-Gajah
Praèn
Gajah-Gajah (Carakan: ꦒꦗꦃꦒꦗꦃ; basa Indhonésia: Gajah-Gajah) yaiku tembang dolanan, ya iku jinis tembang kang prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, mligi ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah kawanuhaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetuwuhan, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.[1]
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana sajeroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Lirik
[besut | besut sumber]Surasa tembang Gajah gajah kaya tinulis ing ngisor iki:
Gajah, gajah, mréné tak kandhani jah
mripat kaya laron, siung loro, kuping gedhé
kathik nganggo tlalé
buntut cilik, tansah kopat-kapit
sikil kaya bumbung
mung mlakumu mégal mègol
Uga delengen
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Ki Demang: Tembang dolanan wonten ing satengahing globalisasi". Diarsip saka sing asli ing 2009-09-21. Dibukak ing 2010-02-08.