Géomètri

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Permukaan Calabi–Yau

Géomètri (saka basa Yunani γεωμετρία; geo = bumi, metria = pangukuran) kanthi barès tegesé pAngukuran ngenani bumi, iku cabang saka matématika sing nyinaoni gayutan ing sajeroné ruang. Saka pengalaman, utawa manawa kanthi intuitif, wong bisa mangertèni ruang saka ciri dhasaré, sing diistilahaké minangka aksioma sajeroning géomètri.

Géomètri wiwitan[besut | besut sumber]

Modhèl papat padhetan Platonik

Cathetan paling wiwitan ngenani géomètri bisa ditelusuri nganti jaman Mesir kuna, peradaban Lembah Sungai Indus lan Babilonia. Peradaban-peradaban iki diweruhi duwé keahlian sajeroning drainase rawa, irigasi, pangendalèn banjir lan ngadegaké yasan-bagunan gedhé. Akèh-akèhé géomètri Mesir kuna lan Babilonia winates mung ing pétungan dawa sègmèn-sègmèn garis, luas, lan volume.

Salah siji téyori wiwitan ngenani géomètri dipratélakaké Plato sajeroning dialog Timaeus (360SM) yèn alam semesta dumadi saka 4 èlemèn: lemah, banyu, hawa lan geni. Bab mau dimaksudaké kanggo nggambaraké kondhisi material padhet, cuwèr, gas lan plasma. Bab iki andhasari bentuk-bentuk géomètri: tetrahedron, kubus(hexahedron), octahedron, lan icosahedron ing ngendi saben wangun utawa wujud mau nggambaraké èlemèn geni, lemah, hawa lan banyu. Bentuk-bentuk iki banjur kondhang kanthi jeneng Platonic Solid. Ana panambahan wujud kalima yaiku Dodecahedron, sing miturut Aristoteles kanggo nggambarakè èlemèn kalima yaiku èther.

Deleng uga[besut | besut sumber]

Cithakan:Babagan matematika