Menyang kontèn

Gègèr sastra 1968

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Gègèr Sastra 1968)

Gègèr Sastra 1968 ya iku prastawa sepisanan karya kagunan ana Indonesia diadili ing pengadilan pidana.[1] Prastawa iki mangkat saka diemoté cerkak Langit Makin Mendung karyané Ki Pandji Kusmin ing kalawarti Sastra ing Agustus 1968.[2][3][4]

Hans Bague Jassin minangka kepala kalawarti Sastra, nolak ngungkap jeneng asli panganggit cerkak kang isiné dianggep ngina Gusti iku.[1][4] Amarga iku, dhèwèké dikèki ukuman ora olèh nerbitaké apa waé kang mambu sastra sasuwéné setaun.[1] Kasus iki banjur nuwuhaké pitakonan peran kritik kagunan kang dadi médhiator antarané publik karo seniman.[3]

Sajatiné cerkak iku ngritik Soekarno lan Partai Kuminis Indonesia (PKI).[3] Nanging émané, imajinasiné kebablasen, saéngga dhèwèké dituding ngina Islam.[3][5]

Prosés Perkara

[besut | besut sumber]

Kejaksaan Tinggi Sumatra Utara ana Medan nyita kalawarti Sastra ing tanggal 12 Oktober 1968.[2] Kajaba iku, kantor kalawarti Sastra ana Jakarta didemo déning saklumpukan wong.[2]

Para pengarang lan seniman Jakarta, sawisé éntuk warta saka Medan tanggal 12 Oktober 1968, nggawé pernyataan protés ngenani larangan perédharan kalawarti Sastra.[2] Kalawarti KAMI, tanggal 14 Oktober 1968, ana tajuk rencanané ngulas pelarangan iku.[6] Ana tajuké iku karan yèn kasusastran mung bisa tuwuh angger ana kamardikan nyipta; kasusastram bisa dadi kredil utawa mati yèn kamardikan diwatesi.[6]

Tanggal 22 Oktober 1968, Ki Pandji Kusmin gawé layang njaluk pangapuraning pamaca kalawarti Sastra lan njipuk cerkaké kanthi ujar cerkak iku dianggep ora tau ana.[6] Dhèwèké ora maksud ngina Islam. mung péngin nggeguyu jaman pamaréntahané Soekarno.[6]

Prosés pengadilan prakara iku ana Jakarta antarané taun 1969-1970.[6] H. B. Jassin dicekel pulisi lan diadili ana 4 Fèbruari lan 11 Fèbruari 1970.[3] Jaksa nuduh dhèwèké nglanggar Pasal 156 j.o. Pasal 55 ayat (1) sub c. KUHP.[3] Tanggal 28 Oktober 1970, hakim nibakaké vonis.[5] H. B. Jassin ditibani ukuman setaun kunjara kanthi masa percobaan rong taun.[5]

Pungkase, Heboh Sastra 1968 dadi salah sawijining bukuné H. B. Jassin kang terbit taun 1970.[5] Buku iku isi karangan Jassin karo rekaman pambelané ana prastawa sing marai gègèr iku.[5]

Tanggepan

[besut | besut sumber]

Saka kaum ulama iya ana tanggepan, antarané saka Mantri Agama Republik Indonesia lan Hamka.[6] Hamka ngrasa kesinggung lan nganggep panganggité gawé dosa gedhé lan patut dipatèni.[5]

Bahrum Rangkuti ora sarujuk karo Hamka.[5] Dhèwèké ujar yèn kakarepan panganggité ya iku ngresiki Islam saka racun-racun Nasakom.[5]

Achdiat Karta Mihardja duwé gagasan yèn nulis ing Indonesia durung duwé démokrasi, sing artiné apa waé dirembug blak-blakan lan toleransi.[5] Ngenani kalawarti Sastra, apike dirembug ing papan terbuka antarané sastrawan, ahli agama, ahli ukum, ahli ngèlmu jiwa, ahli pendhidhikan, ahli kemasyarakatan, lan ahli-ahli liyané supaya masarakat ngerti adheg-adhegé para ahli lan njipuk dudutan dhéwé-dhéwé.[5]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 Dwiana, Ignatius (2013). Yan Chrisna Dwi Atmaja (èd.). "Pameran Sidang Hans Bague: Heboh Sastra 1968". Satu Harapan. Diarsip saka sing asli ing 26 April 2017. Dibukak ing 8 August 2016.
  2. 1 2 3 4 Dendy Sugono 2003, kc. 129.
  3. 1 2 3 4 5 6 Noer, Nurdin M. (25 June 2016). "Heboh Sastra 1968 – "Langit Makin Mendung" Ki Pandji Kusmin". Cirebontrustcom. Dibukak ing 8 August 2016.
  4. 1 2 Sarathan, Indra (2007). "Heboh Sastra 1968: Kontroversi Cerpen "Langit Makin Mendung" Karya Kipandjikusmin (Sebuah Telaah Estetika Resepsi)". Academia.edu. Dibukak ing 8 August 2016.
  5. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 Dendy Sugono 2003, kc. 131.
  6. 1 2 3 4 5 6 Dendy Sugono 2003, kc. 130.

Bibliografi

[besut | besut sumber]
  • Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]