Franz Kafka

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Franz Kafka
Foto Franz Kafka ing taun 1906
Lair3 Juli 1883
Praha, Ostenrik-Honggari (saiki Céko)
Pati3 Juni 1924
Wina, Ostenrik
PakaryaNovèlis, cerpènis, pagawé asuransi, manajer pabrik,
BangsaYahudi-Bohémia (Ashkenazi) (Ostenrik-Hungaria)
Obahan sastramodèrenisme, èksistènsialisme, suréalisme, palopor dhasar saka réalisme magis

Tandha tangan

Franz Kafka (3 Juli 1883-3 Juni 1924) yaiku salah siji panitra basa Jerman kang wigati. Kafka lair saka kulawarga Yahudi kelas manengah ing Praha, Ostenrik-Honggari (saiki ing Céko). Karya-karya wigatiné kalebu Die Verwandlung ("Owah-owahan" 1915), Der Process ("Prosès Pangadilan" 1925) lan Das Schloss ("Kastil" 1926).

Nalika dhèwèké urip, kang ndunungi Praha akèhé nuturaké basa Céko, nanging uga ana kang ndunungi kang nuturaké basa Jerman. Pamilahan antarané kang ndunungi kang nuturaké basa Céko saka kang ndunungi kang nuturaké basa Jerman iku kadadèn, jalaran rong golongan iki padha-padha ndhedhesaké jatidhiri nasionalé dhéwé-dhéwé. Komunitas Yahudi kerepé posisiné ana antarané komunitas Céko lan komunitas panutur basa Jerman. Prakara iki temtuné ngakibataké Wong Yahudi lan mligi Kafka dadi kerep mikiraké posisi awaké dhéwé. Kafka dhéwé bisa baud nuturaké basa Jerman lan basa Céko, nanging basa Jerman dianggep basa ibuné.

Kafka kuliah minangka siji pangacara. Sawisé lulus studi ukum, dhèwèké olèh pagawéan ing siji perusahaan asuransi. Banjur dhèwèké nulis cerkak manawa préi. Salawasé urip, dhèwèké ngomèl genéya wektuné kanggo nglakoni klangenané kurang nyukupi. Dhèwèké getun pagawéyané kanggo golèk pangan utawa apa kang diarani Brotberuf (pagawéan golèk roti) iku nguras akèh wektuné. Kafka senengé nggegayut karo sanak saduluré saha kanca-kancané mawa nulis layang. Dhèwèké nulis atusan layang marang saduluré lan kanca-kanca wadoné kang raket. Sing tau nampa layangé ya iku bapakné, tunangané Felice Bauer lan adhiné wadon kang bontot, Ottla. Gegayutané marang bapakné rada njlimet lan prakara iki bisa dititèni ing karya tulisé. Dhèwèké uga ngalami kasangsaran batin déné idhèntitas Yahudiné. Dhèwèké rumangsa manawa prakara iki ora ana gandhèng-cènèngé karo awaké, sanadyan para kritikus padha débat apa latar wuriné minangka Wong Yahudi mangaribawani karya tulisé.

Babad slira[besut | besut sumber]

Sangkaning kulawarga Kafka[besut | besut sumber]

Manuk kavka
Saduluré wadon Franz Kafka saka kiwa: Valli, Elli, Ottla
Franz Kafka, nalika limang taun umuré

Kafka lair ing siji kulawarga kelas manengah Yahudi kang mituturaké basa Jerman ing Praha, kutha krajan Bohémia. Bapakné, Hermann Kafka (1852–1931), diarani siji "wong dagang utawa bisnis kang gedhé awaké, égois lan dominan"[1].

Jeneng Kafka iku dijupuk saka basa Céko kavka utawa basa Polski (basa Polen) kawka lan tegesé siji manuk kang mèmper gagak..[2] Wong tuwané Franz Kafka, Hermann Kafka (1852–1931) lan Julie Kafka-Löwy (1856–1934) asalé saka siji kulawarga dagang Yahudi kelas manengah.[3] Bapakné asalé saka Désa Wosek ing Bohémia Kidul, ing endi dhèwèké tumuwuh ing swasana prasaja. Minangka siji bocah, dhèwèké kudu ngeteraké dagangané bapakné (Jakob Kafka (1814-1889)) ing tlatah pradésan sakiwa-tengené. Jakob Kafka iku siji tukang jagal Yahudi. Ing dina tembé Hermann Kafka banjur nggolèk dhuwit minangka dagang keliling, sawisé iku dhèwèké dadi grosir wiraswastawan kang ngedol barang-barang pahésan ing Praha. Julie Löwy asalé saka kulawarga kang nduwé saka Poděbrady, lan pawiyatané luwih dhuwur tinimbang bojoné. Ing tokoné bojoné dhèwèké uga ndarbèni hak bisa mèlu ngatur, lan saben dina Julie nyambut gawé nganti rolas jam.

Kajaba sadulué lanang Georg lan Heinrich kang wis tilar donya minangka bocah, Franz Kafka uga ndarbèni adhi wadon telu. Telu-teluné nanging ing tembé bakal dideportasi manyang mbokmanawa kamp konsèntrasi utawa ghetto. Sawisé iku dunungé ora kinawruhan manèh. Seduluré ya iku Gabriele, apeparab Elli (1889–1941?), Valerie, apeparab Valli (1890–1942?), lan Ottilie „Ottla“ Kafka (1892–1943?). Amerga wong tuwané loro-loroné sadina-dinané kudu nyambut gawé, mula bocah-bocah diurusi para réwang wadon. Kafka iku anggota kaum minoritas warga Praha kang mituturaké basa Jerman. Sanajan mangkono, Franz uga bisa nuturaké basa Céko, kaya déné wong tuwané.

Sauntara Kafka ing layang-layangé, buku padinan, lan tèks-tèks prosa dijlèntrèhaké gegayutané marang bapakné, ibuné mèh ora diomongaké. Sanajan mangkono, sanak saduluré saka ibuné uga ana kang dadi paraga ing carita-caritané Kafka,[4] kaya ta si nimpuna Talmud kang nyèntrik lan njomblo.[5] Contoné ya iku pak ciliké, Siegfried Löwy kang dadi tuladhané dhokter désa ing carita Ein Landarzt ('Sawijining Dhokter Désa).

Mangsa cilik lan pawiyatané[besut | besut sumber]

Ing Dům U Minuty Kafka manggon karo kulawargané antara taun 1889 lan 1896. Adhiné telu lair ing kéné kabèh.[6]

Saka taun 1889 nganti 1893, Kafka sekolah ing die Deutsche Knabenschule ing Fleischmarkt ing Praha. Sawisé lulus, Franz nurut dhawuhé bapakné lan banjur sekolah ing Gymnasium Negeri Humanistis ing punjer kutha Praha ing Puri Goltz-Kinsky. Toko wong tuwané uga ana ing gedhong iki.[7] Kanca-kancané nalika jamané sekolah manengah ya iku Rudolf Illowý, Hugo Bergmann, Ewald Felix Příbram, lan Paul Kisch saha Oskar Pollak, kang uga dadi kancané kuliah ing universitas. Ing tembé Kafka bakal nyambut gawé ing kantor asuransiné bapakné Ewald Felix Příbram.

Sanadyan Kafka iku siji siswa kang baud, dhèwèké ngalami masalah atychiphobia nalika isih sekolah lan mangaribawani wijiné.[8]

Kafka minangka siswa (sadurungé 1900)

Nalika dadi siswa sekolah, Kafka wis seneng marang kasusastran. Nanging corètan karyané kang mbiyèn wis ora ana manèh, mbokmanawa wis disirnakaké, kaya ta uga buku-buku dinané kang awal.

In taun 1899, Kafka kang umuré 16 taun dadi katarik marang sosialisme. Sanajan kancané lan guru pulitiké Rudolf Illowy metu saka sekolah déné aktivitas konspirasi sosialisme, Kafka panggah setya marang kapercayané lan nganggo kembang anyelir ing bolongan beniké.[9] Sawisé lulus ujian ing taun 1901 mawa wiji kang maremaké, bocah umur 18 taun, kanggo kapisan ing uripé ninggal Bohémia lan lelungan karo pakliké, om Siegfried Löwy menyang Norderney lan Helgoland.

Kafka miwiti kuliah wiwit taun 1901 nganti 1906 ing Universitas Karl Ferdinand ing Praha. Kapisan dhèwèké nyoba kuliah kimia, nanging ora suwé manèh dhèwèké ganti dadi kuliah kukum. Sawisé iku dhèwèké ora seneng lan nyoba kuliah basa lan sastra Jerman lan sajarah seni sasemèster suwéné. Banjur nalika semèster taun 1902, Kafka ngrungokaké ceramahé Anton Marty ngenani "dhasar psikologi dèskriptif".[10] Nalika iku Kafka nimbang-nimbang arep nerusaké kuliahé ing München. Pungkasané dhèwèké panggah nerusaké studi kukum. Banjur sawisé limang taun, dhèwèké bisa ngrampungaké studiné ing sajeroning wektu kang ditemtokaké mawa promosi karo Alfred Weber. Sawisé iku dhèwèké kudu magang tanpa dibayar, sataun suwéné ing pangadilan nagari lan pangadilan tindak pidana.[11]

Pagawéyané[besut | besut sumber]

Sawisé nyambut gawé ora nganti sataun ing maskapé asuransi swasta Assicurazioni Generali (Oktober 1907 nganti Juli 1908) Kafka banjur saka taun 1908 nganti 1922 nyambut gawé ing siji badan usaha kang saparo darbéné pamaréntah Arbeiter-Unfallversicherungs-Anstalt für das Königreich Böhmen ('Maskapé Asuransi Kacilakan Buruh kanggo Karajan Bohémia') ing Praha. Dhèwèké ngarani pagawéyané minangka "gawéan kanggo golèk roti" (Brotberuf).

Aktivitas Kafka merlokaké kawruh kang mumpuni ngenani produksi lan tèhnik indhustri. Kafka kang umuré 25 taun iki ngusulaké aturan kanggo menggak kacilakan pas prosès produksi. Banjur manawa dhèwèké ora nyambut gawé, Kafka solidèr kanthi pulitik marang para buruh. Manawa ana démonstrasi, dhèwèké mèlu lumaku lan bolongan beniké ditancepi kembang anyelir abang. Pisan-pisanané dhèwèké nyambut gawé ing pérangan kacilakan, nanging sawisé iku dhèwèké dipindhah lan ditugasi ing pérangan asuransi tèhnik.

Wiwit taun 1910 Kafka dadi calon punggawa sajeroning babagan ing perusahaané, sawisé Kafka nyinaoni pagawéan iki déné olèhé mèlu kuliah prakara tèknologi mékanis ing Pawiyatan Luhur Tèknik ing Praha. Dhèwèké banjur kang nulis lan ngirim dokumèn sarta ngasuransèkaké perusahaan-perusahaan kang dipérang dadi sawatara kelas rawan kacilakan. Saka taun 1908 nganti 1916, dhèwèké kerep dikirim tugas menyang Bohémia Lor, kerepé menyang Reichenberg (saiki Liberec). Ing kana dhèwèké nuwèni lan ninjo perusahaan, mriksa sèrtifikasi perusahaan lan nekani sidhang pangadilan. Minangka panulis asuransi, dhèwèké nulis lapuran taunan pertanggung-jawaban sawatara perusahaan.

Minangka pangaji prestasiné, Kafka dipromosèkaké nganti ping papat, ing taun 1910 dadi calon punggawa, ing taun 1913 dadi wakil sekretaris, ing taun 1920 dadi sekretaris lan in taun 1922 dadi sekretaris jendral. Perkara pagawéyané, Kafka nulis ing siji layang: "Aku ora patiya sesambat prakara gawéyanku, kaya prakara kakesètaning wektu kang ora lumaku". Tekanan jam makarya, menthelengi jam kang andayani kabèh lan menit-menit pungkasan dina makarya minangka "watu pancolotan lelucon", ya mangkono iku gagasané Kafka prakara pagawéyané. Dhèwèké tau nulis marang Milena Jasenská: "Tugasku iku anèh banget lan ènthèng banget [...] aku nganti ora mudheng genéya aku olèh dhuwit".

Kafka ngrasakaké manawa sumbangsihé ing perusahaan wong tuwané kang dikarepaké kulawargané iku nggawé sesek. Wiwit taun 1911, dhèwèké kudu nyambut gawé ing pabrik asbès darbéné ipéné. Ing pabrik iki dhèwèké ora bisa tumuwuh, kamangka kafka iku digawé dadi salah siji peséro. Saliyané iku lakuné Kafka kang grapyak marang para buruh, béda banget karo tumindhaké bapakné kang mrebawani.

Perang Donya I banjur nggawa pangalaman anyar, manawa èwonan pangungsi Yahudi kepéngin menyang Praha. Minangka tetulungan marang para wadya, Kafka ngurusi réhabilitasi lan pawiyatané wong-wong kang tatu abot.[12] Dhèwèké diwajibaké déning perusahané. Sadurungé perusahaané ngandharaké manawa Kafka iku siji "tenaga kang ora bisa diganti", dadi Kafka kareksa lan ora perlu mèlu perang, sawisé Kafka ing taun 1915 dianggep layak kanthi militèr lan bisa dikerahaké. Ing sisih liyané, Kafka dadi lara TBC rong taun engkas. Kafka banjur njaluk dipènsiyun. Nanging perusahaan ora mènèhi pènsiyun, pas ing tanggal 1 Juli 1922 dhèwèké pungkasané bisa bébas.

Gegayutan karo bapakné[besut | besut sumber]

Kaca kapisan saka Brief an den Vater ('Layang marang kang Rama') kang ora dikirim saka taun 1919, mawa tilas tulisan tangané

Gegayutan Franz Kafka marang bapakné, Hermann Kafka, kang kebak karo konflik iku dadi punjering motif ing karyané lan motif utama.

Franz Kafka dhéwé olèhé nggambaraké bapakné iku minangka priyayi kang sènsitif, ngati-ati, lan malahan isin saha sok ngengen-engen. Bapakné iku bisa nyambut gawé akèh saha tlatèn lan dadi wong nduwé kamangka asalé saka kalangan kulawarga mlarat. Nanging bapakné iku bisa dadi wong déné wateké kang kasar, kerep mbengok nèk ngomong, golèk menang dhéwé lan ndarbèni watek dagang kang dèspotik. Bapakné ajeg sesambat lan muni-muni kasar ngenani mangsa ciliké kang rekasa lan anak-anak sarta pegawéné kang luwih kepènak, kang namung bisa dijamin déning awaké karo ngangsa banget.

Ibuné kang asalé saka kalangan kulawarga alus, sajatiné bisaa dadi kosok baliné bapakné kang kasar, nanging ibuné nuruti paugeran, wanti-wanti, norma lan kaputusané sang Patriark iki kanthi loyal.

Ing Layang marang kang Rama Franz Kafka nglèhaké bapakné kang nrapaké kakuwasan otoritèr: "Bapak mung bisa ngrengkuh anak, kaya déné wateké bapak dhéwé, nganggo kakuwatan gedhé, mbengok lan duka, lan ing prakara iki, Bapak pancèn cocog, amarga Bapak kersa ngwujudaké dalem dadi bocah lanang kang kuwat lan kendel."

Ing carita-caritané Kafka, paraga sang bapak ora arang digambaraké kuwasa, nanging uga ora adil, kaya ta ing novèl Die Verwandlung. Sajeroning novèl iki, sang paraga baku, Gregor, kang wis owah dadi kéwan gegremetan, dibalangi apel déning bapakné nganti tatu lan banjur lampus. Ing cerkak Das Urteil, siji bapak kang dominan lan nggegirisi nibani vonis marang anaké, Georg Bendemann, paukuman "pati déné keblebekan banyu". Si anak ing carita iki banjur ya nuruti bapakné lan mencolot saka kreteg lumebu ing banyu.

Kanca-kancané[besut | besut sumber]

Ing Praha Kafka nduwé golongan kanca-kanca kang klangenané padha, klompoké iki kawujudaké ing taun-taun kapisan nalika dhèwèké kuliah ing universitas (uga diaranai Prager Kreis ing basa Jerman). Saliyané Max Brod, kanca-kancané ya iku Felix Weltsch, kang ing tembé dadi filsuf, sarta padha-padha panulis Oskar Baum lan Franz Werfel.

Brod iku kang kapisan lan wis awal bisa nitèni kawasisané Kafka. Dhèwèké uga kang ngakon kancané mbabaraké bukuné ing panerbit anyar, Rowohlt Verlag kang dumunung ing Kutha Leipzig.[13] Minangka wakilé Kafka sawisé Kafka tilar donya, Max Brod menggak supaya karya-karyané kang awujud fragmèn-fragmèn roman kang durung rampung diobong.

Antara kanca-kancané uga ana siji tokoh kang jenengé Jizchak Löwy. Dhèwèké iku juru main sandhiwara lan asalé saka siji kulawarga Yahudi Hasidut, ing Warsawa. Dhèwèké iku bisa nges banget marang Kafka déné sipaté kang ora nduwé kompromi. Löwy iku ora diwèhi pangèstu wong tuwané kang ndarbèni kapitayan Yahudi Ortodoks, yèn dhèwèké kapéngin dadi seniman. Löwy iku muncul dadi siji paraga ing sawijing fragmèn caritané Kafka Vom jüdischen Theater.

Kafka olèhé gegayutan karo kulawargané raket dhéwé karo adhiné Ottla. Dhèwèké iku kang tansah nulung kangmasé manawa lara parah lan perlu pitulung sarta panglipur.

Pribadi[besut | besut sumber]

Felice Bauer

Kafka nalika urip ora tau omah-omah. Miturut Max Brod, Kafka iku "disiksa" déning kadrengan asmarané lan panulis biografi Kafka, Reiner Stach ngandharaké manawa sadawané uripé iku, Kafka "tansah ngoyak wong wadon" lan dhèwèké wedi manawa "gagal kanthi sèksual".[14] Nalika wis diwasa, Kafka kerep nekani bordhil[15][16][17] lan dhèwèké uga nduwé klangenan marang pornografi.[18] Saliyané iku dhèwèké uga ndarbèni rélasi karo sawatara wong wadon. Ing tanggal 13 Agustus 1912, Kafka ketemu karo Felice Bauer, saduluré Brod, kang nyambut gawé ing Berlin minangka wakil siji perusahaan diktafpn. Sawisé ketemu Felice ing omahé Brod, Kafka nulis ing buku padinané:

Mbak FB. Nalika aku teka ing ngomahé Brod tanggal 13 Agustus, wong wadon iku lungguh cedhak méja. Aku ora kepéngin ngerti wektu iku, sapa dhèwèké, nanging ora perduli waé. Ceking mawa rai kosong kang cetha nuduhaké kakosongan kapribadèné. Guluné ora ditutupi. Nganggo blus. Rupané lugu banget nganggo gauné, nanging tibakné ora babar belas. (Aku nggawé jarak sesithik srana olèhku nitèni awaké). Irungé kaya tugel. Rambuté pirang warnané, rada lurus, ora menarik, daguné kuwat. Nalika aku lungguh, aku nuwèni dhèwèké kanggo kapisan. Lan nalika aku wis lungguh kepénak, aku wis nduwé panemuku kang ora bakal gigrig.[19][20]

Sawisé prastawa iki, Kafka nulis carita Das Urteil ing namung sawengi waé sarta bakal mroduksi roman Der Verschollene lan Die Verwandlung. Olèhé Kafka lan Felice Bauer komunikasi, kerepé nganggo srana layang ing wanci limang taun sawisé iki. Wong loro iki uga sok-sokan tetemon lan malahan tau tunangan ping loro.[21] Layang-layangé Kafka marang Felice dibabar minangka Briefe an Felice (Layang-layang marang Felice); nanging layang-layangé Felice ora ana kang lestari.[19][22][23]

Miturut panulis biografi Kafka, Stach lan James Hawes, ing sakiwa-tengené taun 1920, Kafka tunangan manèh kaping telu, saiki karo Julie Wohryzek, siji réwang kamar hotèl kang mlarat lan ora sekolahan.[21][24] Sanajan wong loro iki banjur nyéwa kamar bebarengan lan ngrencanakaké tanggal mantènan, mantènané ora tau kalaksanan. Bapakné Franz Kafka ora sarujuk yèn dhèwèké rabi karo Julie, amarga Julie iku nganut faham Zionisme. Sadurungé tanggal mantènané kang wis direncanakaké, dhèwèké pacaran karo wong wadon liya manèh.[25] Sanajan Kafka merlokaké wong wadon lan sèks sajeroning uripé, dhèwèké iku nduwé rasa minder saha nduwé panemu yèn sèks iku nistha. Saliyané iku, dhèwèké sok isin, mligi isin marang awaké dhéwé.[26]

Stach and Brod ngandharaké manawa salawaé Kafka tepungan karo Felice Bauer, dhèwèké uga pacangan karo kancané Felice, kang jenengé Margarethe "Grete" Bloch,[27] siji wanita Yahudi saka Berlin. Brod banjur kandha manawa Bloch nglairaké anak lanang katurunané Kafka, sanadyan Kafka ora tau ngertèni lan tepung karo anak iki. Anak iki, kang jenengé ora ana kang ngerti, lair ing taun 1914 utawa 1915 lan banjur tilar inga taun 1921 ing München.[28][29] Nanging, panulis biografi Kafka liyané, Peter-André Alt ngandharaké manawa sanadyan Bloch nduwé anak lanang, Kafka iku dudu bapakné lan Bloch saha Kafka iku ora tau raket nganti intim.[30][31] Stach uga ngandharaké manawa sanadyan Bloch nduwé anak lanang, ora ana bukti kuwat yèn Kafka iku bapakné, malahan ana bukti yèn Kafka iku dudu bapakné bocah iki.[32]

Kafka olèh diagnosis manawa dhèwèké iku lara TBC ing sasi Agustus 1917. Banjur dhèwèké pindhah menyang Désa Zürau (Siřem ing basa Céko) ing Bohémia. Ing kana, adhiné, Ottla nyambut gawé ing pertaniané ipéné, Hermann. Kafka seneng ana ing kana lan rumangsa kepénak. Ing tembé dhèwèké bakal nulis manawa wayah iki, mobokmanawa wayah sajeroning uripé kang kepéna dhéwé, amarga Kafka ora nduwé beban tanggung jawab babar belas. Dhèwèké nulis buku padinan lan Oktavheft. Saka cathetan ing buku-buku iki, Kafka njupuk 109 lembar dluwang tèks kang dinomeri lan banjur kanthi acak dibabar Die Zürauer Aphorismen oder Betrachtungen über Sünde, Hoffnung, Leid und den wahren Weg (Aforisme Zürau utawa Réflèksi marang Dosa, Pangarepan, Kasangsaran lan Dalan kang Bener).[33]

Ing taun 1920 Kafka miwiti gayutan kang raket karo Milena Jesenská, siji wartawati lan panulis Céko. Layang-layangé marang Milena ing tembé dibabar minangka Briefe an Milena.[34] Nalika liburan ing sasi Juli 1923 ing Graal-Müritz, cedhak Sagara Baltik, Kafka ketemu karo Dora Diamant, sawijing guru TK umur 25 taun saka kulawarga Yahudi Ortodoks. Kafka kang nduwé pangarep lumayu saka pangaribawané kulawargané dhéwé supaya bisa konsèntrasi nulis, banjur pindhah menyang Berlin lan manggon karo Diamant. Diamant dadi pacaré lan dhèwèké dadi sebabé Kafka katarik marang Talmud.[35] Kafka banjur nulis patang carita kang bakal dibabar minangka Ein Hungerkünstler (Sawijining Seniman Pasa).[34]

Kapribadèn[besut | besut sumber]

Franz Kafka, gorèsan ètsa déning Jan Hladík, 1978

Kafka wedi manawa dhèwèké medèni wong liya kanthi mèntal lan fisik. Nanging, wong-wong kang wis tau nemoni dhèwèké nduwé panemon manawa Kafka iku wongé kalem lan adem, pinter, lan nduwé rasa humor kang 'garing', lumrahé Kafka uga dianggep bagus kaya bocah enom, sanadyan panampilané prasaja.[36][37][38] Brod madakaké Kafka karo Heinrich von Kleist, loro-loroné bisa nggambaraké siji kaanan kanthi réalistis lan persis.[39] Brod nganggep manawa Kafka iku salah siji wong kang nyenengaké kang tau ditemoni; Kafka uga seneng guyonan karo kanca-kancané, nanging uga nulungi lan ngandhan-ngandhani kanca-kancané manawa lagi susah.[40] Miturut Brod, dhèwèké iku siji tukang carita kang pinter, wasis wicara kaya déné musik. Brod ngrasa manawa loro saka sipat-sipaté Kafka kang nonjol iku kajujurané sarta setiti banget.[41][42] Kafka iku bisa njajaki détail kang ora digatèkaké wong kanthi jero mawa rasa asih lan persis nganti prakara-prakara kang sadurungé ora katon lan semu anèh nanging bener bisa muncul.[43]

Sanajan Kafka ora patiya katarik latihan ulah raga nalika isih cilik, dhèwèké sawisé seneng marang dolanan lan aktivitas fisik,[44] sarana nunggangi jaran, nglangi, lan melah utawa ndhayung.[41] Ing pungkasaning minggu, dhèwèké lan para kancané lumaku-lumaku adoh, kang direncanakaké déning Kafka dhéwé.[45] Klangenan liyané ya iku pangobatan alternatif, sistim pawiyatan modèn kaya ta Montessori,[41] lan panemon-panemon tèhnik anyar kaya ta montor mabur lan filem.[46] Nulis iku wigati kanggo Kafka, dianggep "sajinising cara dedonga".[47] Dhèwèké sènsitif banget marang swara ribut lan luwih seneng manawa swasané sepi lan suwung manawa lagi nulis.[48]

Pérez-Álvarez naté kandha manawa Kafka katoné nandhang gangguan kapribadèn skizoid.[49] Gaya panulisané, mituruté, ora mung ing "Die Verwandlung" ("Métamorfosis"), nanging uga ing sawatara tulisan liyané, katoné nudhuhaké ciri-ciri wong kang nandhang gangguan skizoid ing tahap asor nganti tengah. Ciri-ciri iki bisa nrangaké akèh karya panulisané.[50] Rasa kawedèné bisa dideleng ing èntri buku padinané saka tanggal 21 Juni 1913:[51]

Die ungeheure Welt, die ich im Kopfe habe. Aber wie mich befreien und sie befreien, ohne zu zerreißen. Und tausendmal lieber zerreißen, als in mir sie zurückhalten oder begraben. Dazu bin ich ja hier, das ist mir ganz klar.-Donya dahsyat kang ana sajeroning sirahku. Nanging kepriyé carané mbébasaké awakku tanpa mbedhah. Lan luwih becik kaping sèwu mbedhahaké tinimbang nahan utawa mendhem kabèh iku. Mulané aku ana ing kéné, prekara iku cetha kanggoku.[52]

lan ing Die Zürauer Aphorismen nomer 50:

Der Mensch kann nicht leben ohne ein dauerndes Vertrauen zu etwas Unzerstörbarem in sich, wobei sowohl das Unzerstörbare als auch das Vertrauen ihm dauernd verborgen bleiben können. Eine der Ausdrucksmöglichkeiten dieses Verborgenbleibens ist der Glaube an einen persönlichen Gott.-Wong ora bisa urip tanpa kapitayan tetep kanggo saterusé ing sajeroning awaké dhéwé, kamangka apa kang ora bisa dirusak lan kapercayané dhéwé panggah kasingidaké. Salah siji cara ngungkapaké prekara kang kasingidaké iki carané percaya marang Allah kang Pribadi.[53]

Sanajan Kafka ora tau omah-omah, dhèwèké ngajèni palakraman. Pacaré akèh.[54] Mbokmanawa Kafka iku nduwé lelara angèl mangan. Dhoktor Manfred M. Fichter saka klinik psikiatris, Universitas München, mbabar "bukti kanggo hipotésa manawa panulis Franz Kafka nandhang gangguan anorèksia nèrvosa kang ora lumrah",[55] lan uga manawa Kafka iku ora mung kasepèn lan dèprèsif nanging uga "sakala-kala kepara arep nglalu".[37] Ing buku Franz Kafka, the Jewish Patient (Franz Kafka, si Pasièn Yahudi 1995), Sander Gilman nglakoni invèstigasi "genéya siji wong Yahudi bisa dikira 'hipokondris' utawa 'homosèksual' lan kepriyé Kafka nrapakaké aspèk-aspèk cara mangertèni Wong Yahudi lanang sajeroning tulisan lan citra awaké dhéwé".[56] Kafka lau nggagas arep nglalu paling ora pisan, ing pungkasan taun 1912.[57]

Pulitik[besut | besut sumber]

Sadurungé Perang Donya I,[58] Kafka tau nekani sawatara pasemon Klub Mladých, siji organisasi anarkis, anti-militèr lan anti-agama Céko.[59] Hugo Bergmann kang padha sasekolah SD lan SMP/SMA karo Kafka, dadi padu karo Kafka nalika taun kuliah pungkasan(1900–1901) amarga "Paham sosialismené [Kafka] lan paham Zionismeku bédané kakèhan".[60][61] "Franz dadi wong sosialis, aku dadi wong Zionis ing taun 1898.[61] Sintèsis antara Zionisme lan sosialisme durung ana".[61] Bergmann ndhedhes manawa Kafka nganggo kembang anyelir abang menyang sekolah kanggo nuduhaké simpatiné marang sosialisme. Ing siji kaca buku padinané, Kafka ngrujuk sang filsuf anarkis kang mangaribawani awaké, Pangéran Peter Kropotkin: "Aja lali Kropotkin!"[62]

Nalika ing jaman kuminis, warisan karya sastrané Kafka kanggo Blok Wétan sengit didebataké. Panemuné béda-béda, ana kang kandha manawa dhèwèké nggawé satire saka birokrasi Kakaisaran Ostenrik-Honggari kang lagi ambruk, utawa ana kang percaya manawa Kafka iku éjawantahing sosialisme kang lagi ngembang.[63] Titik sabanjuré iku téyori aliénasi Karl Marx. Sementara panemuné kang lumrah iku manawa gambarané Kafka kang magepokan karo aliénasi wis ora rélévan manèh kanggo siji masarakat kang wis mbusak aliénasi, siji konferènsi 1963 ing Liblice, Cékoslowakia kanggo mbalèni nuwèni kawigatèné gambarané Kafka ngenani birokrasi.[64] Apa Kafka iku siji panulis pulitik utawa dudu, nganti sapréné isih dadi bahan débat.[65]

Agama Yahudi lan Zionisme[besut | besut sumber]

Déné klompk kekancané lan déning kiprahé Max Brod marang Zionisme, Kafka kerep diadhepaké marang panemuné lan sikapé marang Yudaisme saha kontrovèrsi ngenani asimilasi Wong Yahudi Wétan. Simpatiné marang Budaya Yahudi wétan iku wis akèh didokumentasi. Minangka siji panulis, dhèwèké mikiraké kabèh aspèk Yahudi... karo siji tabu, tembung iki ora muncul ing kabèh karya sastrané.[66] Ing wektu kang padha, Reiner Stach, panulis biografiné nafsiraké Asu-asu Udara ing caritané Kafka Forschungen eines Hundes ('Panlitèn siji Asu') minangka Bangsa Yahudi ing diaspora.[67] Kafka wis nau mutusaké arep pindhah menyang Palèstina lan wis sinau basa Ibrani kanthi intènsif. Nanging kaséhatan awaké kang sangsaya ala, ngalangi rencanané pindhah ing taun 1923. Reiner Stach ngringkes: "Palèstina mung panggah impèn waé, kang awaké nggawé impèn iki dadi sirna."[68]

Tilar donya[besut | besut sumber]

Sawijining watu kijing kang mratélakaké jenengé wong telu: Franz, Hermann, lan Julie Kafka. Saben jeneng ana fragmèn tèks sangisoré ing basa Ibrani, ing Pakuburan Yahudi ing Praha-Žižkov.

TBC tenggorokan Kafka dadi saya parah lan ing sasi Maret 1924, dhèwèké mulih menyang Praha saka Berlin,[21] ing kana dhèwèké banjur diurusi anggota kulawargané, mligi Ottla adhiné. Banjur dhèwèké lunga menyang sanatoriumé Dr. Hoffmann ing Kierling cedhak Wina supaya dirawat, ing tanggal 10 April,[34] lan tilar donya ing kana tanggal 3 Juni 1924. Panyebabé katoné déné kaliren, amarga kondisi tenggorokané Kafka dadi nggawé lara kanggo ngulu panganan, lan ing wektu iku durung ana infus, dadi dhèwèké ora bisa diwèhi nutrisi.[69][70] Kafka nalika tilar donya lagi nyunting "Sawijining Seniman Luwét", olèhé nganggit wis wiwit sadurungé nandhang lara TBC tenggorokan iki lan ora bisa ngulu panganan.[71] Kunarpané banjur digawa bali menyang Praha, ing kana banjur dikubur ing tanggal 11 Juni 1924, ing Kuburan Yahudi Anyar ing Praha-Žižkov.[16] Kafka nalika isih urip iku ora kawentar, nanging dhèwèké dhéwé ora nganggep iku wigati. Sawisé tilar donya, dhèwèké bakal kondhang.[47]

Karya sastra[besut | besut sumber]

Kabèh karyané Kafka kang wis dibabar kabèh ditulis ing basa Jerman, kajaba sawatara layang marang Milena Jesenská kang ditulis mawa basa Céko. Apa kang dibabar nalika urip namung sithik gunggungé. Kafka ora ngrampungaké novèl lan romané kang dawa sarta ngobong 90% tulisané,[72][73] akèhé nalika dhèwèké manggon ing Berlin karo Diamant, kang mèlu ngréwangi ngobong tulisané.[74] Ing taun-taun awal, Kafka dipangaribawani déning Von Kleist, ing siji layang menyang Bauer, karyané dianggep nggegirisi lan Kafka rumangsa luwih raket karo Von Kleist tinimbang karo kulawargané.[75]

Carita[besut | besut sumber]

Karya Kafka kang paling awal dibabar, ya iku wolung carita cekak kang terbit ing taun 1908 ing édisi perdana jurnal Hyperion mawa irah-irahan Betrachtung (Kontèmplasi utawa Renungan). Dhèwèké uga nulis carita "Beschreibung eines Kampfes" ("Paparan siji pangudi") ing taun 1904; dhèwèké nuduhaké carita iki marang Brod ing taun 1905. Brod banjur ngandhani Kafka supaya panggah nulis lan bisa ngyakinaké awaké ngirimaké naskahé menyang Hyperion. Kafka mbabar siji fragmèn ing taun 1908[76] lan rong pérangan ing mangsa semi taun 1909, kabèh ing München.[77]

Ing taun 1912 Kafka nulis carita "Das Urteil" ("Kaputusan"), lan carita iki diaturaké marang Felice Bauer. Carita iki dibabar ing Leipzig taun 1912.

Isih ing taun 1912, Kafka uga nulis "Die Verwandlung" ("Métamorfosis", utawa "Transformasi"),[78] lan dibabar ing taun 1915 ing Leipzig. Die Verwandlung nyaritakaké siji tukang dagang anduk kang nuju siji dina rumangsa manawa awaké tangi turu lan owah dadi siji ungeheuren Ungeziefer, hama utawa kéwan gegremetan kang nggegirisi. Tembung Ungeziefer ing basa Jerman iku, sajatiné istilah umum kanggo kéwan reged lan kéwan kang disingkiri. Para kritikus nganggep karya iki minangka salah siji karya inovatif ing abad kaping 20.[79][80][81]

Carita "In der Strafkolonie" ("Ing Tanah Padendhan"), iku ngandharaké siji piranti panyiksan lan èksékusi kang canggih lan ditulis ing sasi Oktober 1914,[34] banjur dirévisi ing taun 1918, lan dibabar ing Leipzig ing sasi Oktober 1919. Carita "Ein Hungerkünstler" ("Sawijining Seniman Pasa"), dibabar ing kalawarti Die neue Rundschau ing taun 1924, carita iki ngandharaké siji paraga kang dadi kurban lan rumangsa manawa kasenengané sangsaya kurang marang katrampilan: pasa kanthi wektu suwé.[82] Caritané kang pungkasan, "Josefine, die Sängerin oder Das Volk der Mäuse" ("Josephine sang Penyanyi, utawa Rakyat Tikus"), uga ngandharaké gegayutan antara siji seniman lan para pamirsané.[83]

Das Urteil[besut | besut sumber]

Ing wayah wengi antara tanggal 22 nganti 23 September 1912, Kafka bisa olèh gawé nulis carita Das Urteil ing wayah wolung jam, olèhé nulis ora mandheg-mandheg. Ngèlmu kasusastran ing tembé bakal ngwiji upaya Kafka iki manawa dhèwèké nalika iku bisa nemu gaya pribadiné. Kafka lir kesetrum listrik awit sadurungé durung tau dhèwèké bisa nulis nganti intènsif kaya mengkéné iki. Uga dayaning carita marang awaké dhéwé, sawisé bola-bali diwaca, sangsaya mrebawani Kafka lan nggawé awaké sadhar manawa dhèwèké iku panulis sajati.

Das Urteil miwiti siji mangsa kréatif kapisan, mangsa kréatif kapindhoné kira-kira lumaksanan rong taun sawisé. Ing antarané wayah iki, Kafka ora akèh nulis sajeroning karo tengah taun. Ing tembé Kafka ya ora akèh nulis manèh.

Carita Das Urteil dikaturaké marang Felice Bauer. Brod nitèni manawa jeneng paraga baku lan tunangané ana èmperé: Georg Bendemann and Frieda Brandenfeld, to Franz Kafka and Felice Bauer.[84] Carita iki kerep dianggep manawa karya trobosan Kafka. Isiné ngandharaké gegayutan seret antara siji anak lanang marang bapakné kang dominan. Banjur ana kaanan anyar manawa anaké lanang arep tunangan.[85][86] Kafka ing tembé nulis, yèn dhèwèké nulis iku minangka "jiwa lan raga kang dibukak babar pisan" (Nur so kann geschrieben werden, nur in einem solchen Zusammenhang, mit solcher vollständigen Öffnung des Leibes und der Seele.-Aku namung bisa nulis, mawa gegandhèngan mengkéné, mawa jiwa lan raga kang dibukak babar pisan),[87]. Carita iki "ngrembaka kaya déné kalairan sajati, blépotan ayid saha rereged".[88]

Carita iki pisanan dibabar ing Leipzig taun 1912 lan diaturaké marang "Nona Felice Bauer", lan ing édisi sabanjuré marang "F."[34]

Roman (novèl)[besut | besut sumber]

Roman kapisan Kafka ditulis ing taun 1912;[89] irah-irahané bab kapisané ya iku "Der Heizer" ("Juru Pamanas"). Bukuné kang durung rampung diarani Kafka Der Verschollene (Wong Lanang kang Ilang), nanging Brod kang mbabar buku iki sawisé Kafka séda, ngarani buku iki Amérika.[90] Kafka diilhami pangalamané antarané para pamirsa pagelaran téater Yiddish ing taun sadurungé. Dhèwèké wiwit sadhar ngenani warisan budaya leluhuré lan banjur bisa aprésiasi jinis budaya kaya ngéné. Dhèwèké uga wiwit mikir manawa aprésiasi kanggo warisan budaya iku ana sajeroning kalbuné kabèh wong.[91] Buku iki luwih lucu lan réalistis tinimbang akèh-akèhé karya Kafka liyané. Roman iki More explicitly humorous and slightly more realistic than most of Kafka's works, roman iki nyritakaké motif siji sistim kang oprèsif lan ora bisa dipahami sarta kerep nggiring sang paraga tumeka menyang ing kaanan kang anèh-anèh.[92] Bukuné nganggo akèh détail pangalaman para seduluré kang pindhah menyang Amérikah Sarékat[93] lan karya iki siji-sijiné karya Kafka kang ndarbèni pungkasan nyenengaké.[94]

Ing taun 1914, Kafka nulis roman Der Process (Prosès Pangadilan),[77] caritané prakara siji wong lanang kang dicekel péhak wewenang lan banjur dituntut ing pangadilan. Péhak wewenang iki ora bisa dihubungi lan sang paraga baku utawa para pawaca buku ya ora dikandhani apa salahé utawa luputé. Romané iki ora dirampungaké déning Kafka, nanging bab pungkasané ditulis. Miturut pamenang Pangaji Nobel lan ahli Kafka, Elias Canetti, kang dadi fokus utama roman Der Process iku Felice. Kafka dhéwé tau ngandharaké manawa iku "caritané Felice".[95][96] Mula irah-irahan bukuné Canetti iku Kafka's Other Trial ('Prosès Kafka Liyané') kanggo mangertèni gegayutané layang-layangé marang Felice lan roman iki.[96] Ing sajeroning resènsi kanggo koran The New York Times, Michiko Kakutani nulis manawa layang-layangé Kafka iku ndarbèni "ciri-ciri karya fiksiné: kawigatènan kang grayasen kanggo nyathet détail-détail kang anèh, kasadaran paranoid kang padha marang traju kakuwasan, swasana émosional kang nekak — lan kang cukup nggumunaké, iku kabèh dicampur karo wanci-wanci semangat taruna saha kabagyan."[96]

Miturut buku padinané, Kafka wis ngrencanakaké nulis roman Das Schloss (kastil), ing tanggal 11 Juni 1914; nanging bukuné iki ora ditulis nganti tanggal 27 Januari 1922.[77] Paraga mligi iku siji Landvermesser (pangukur tanah) ajeneng K., kang ngudi tanpa dingertèni alesané kanggo golèk aksès marang péhak kang nyekel siji kastil utawa puri kang mréntah désané. Kekarepané Kafka iku manawa kang nyekel kastil bakal ngandhani K. nalika dhèwèké sekarat yèn "klaim kukumé kanggo manggon ing désa iku ora absah, nanging dhedhasar alesan liyané, dhèwèké diidinaké manggon lan nyambut gawé ing kana".[97] Roman iki swasanané surem lan kadhangkala suréalistis, fokusé iku marang aliénasi sosial, birokrasi, frustasi pangudèn wong iki nglawan sistim pamaréntahan kang katoné ora entèk-entèk, lan kekarepan nggayuh siji don kang muspra. Hartmut M. Rastalsky nulis sajeroning tèsisé: Like dreams, his texts combine precise "realistic" detail with absurdity, careful observation and reasoning on the part of the protagonists with inexplicable obliviousness and carelessness. ("Kayadéné impènan, tèks-tèksé iku nggabung détail "réalistis" persis karo absurditas, obsèrvasi kanthi ngati-ngati lan rasionalisasi para paragané mawa kalalèn lan kasembranan kang ora bisa ditrangaké.")[98]

Sajarah pambabaran[besut | besut sumber]

Édisi kapisan Betrachtung ('Kontèmplasi' utawa 'Méditasi'), 1912

Carita-carita Kafka awalé dibabar ing kalawarti kasusastran. Wolung caritan kapisané dicithak ing cithakan perdana kalawarti dwi-sasi Hyperion ing taun 1908.[99] Franz Blei mbabar rong dialog ing taun 1909 kang ing tembé dadi pérangan "Beschreibung eines Kampfes" ("Dèskripsi siji pangudi").[99] Cuplikan saka carita "Die Aeroplane in Brescia" ("Montor mabur ing Brescia"), iku ditulis nalika lagi ngumbara menyang Italia karo Brod, lan dibabar ing koran Bohemia ing tanggal 28 September 1909.[99][100] Ing tanggal 27 Maret 1910, sawatara carita kang ing tembé dadi péranganing buku Betrachtung ('Kontemplasi') dibabar ing édisi Paskah Bohemia.[99][101] Ing Leipzig nalika taun 1913, Brod lan sang panerbit Kurt Wolff mèlu nglebokaké carita "Das Urteil. Eine Geschichte von Franz Kafka." ("Putusan. Sawijining carita déning Franz Kafka.") ing buku taunan kanggo seni geguritan Arkadia. Carita "Vor dem Gesetz}}" ("Ing ngarepé Kukum") dibabar ing édisi Taun Anyar 1915 saka kalawarti minggon Yahudi Selbstwehr; carita iki dicithak bali ing taun 1919 minagka péranganing kompilasi Ein Landarzt (Sawijining Dhokter Désa) lan dadi pérangan roman Der Process. Carita-carita liya kang dibabar ing sawatara publikasi kalebu koran Der Jude, darbèné Max Brod, koran Prager Tagblatt, lan kalawarti Die neue Rundschau, Genius, saha Prager Presse.[99]

Buku Kafka kapisan kang dibabar, Betrachtung (Kontemplasi, utawa Méditasi), iku siji kompilasi saka 18 cerkak kang ditulis antara taun 1904 lan 1912. Nalika mèlu pariwisata mangsa panas menyang Weimar, Brod miwiti patemon antara Kafka lan Kurt Wolff;[102] Wolff banjur mbabar Betrachtung ing panerbit Rowohlt Verlag ing pungkasaning taun 1912 (nanging dicithak taun 1913).[103] Kafka ngaturaké buku iki marang Brod, "Für M.B.", lan nambahaké ing siji èksèmplar pribadi kang dicaosaké kancané "So wie es hier schon gedruckt ist, für meinen liebsten Max — Franz K." ("Amerga wis dicithak kaya ing kéné iki, Max kang budiman").[104]

Carita Kafka "Die Verwandlung" ("Métamorfosis") iku kapisan dicithak ing sasi Oktober 1915 ing kalawarti Die Weißen Blätter, siji kalawarti wulanan lan isiné sastra èksprèsionistis lan panyuntingé René Schickele.[103] Sawijning kompilasi carita liyané, Ein Landarzt (Sawijining Dhokter Désa), iku dibabar déning Kurt Wolff ing taun 1919,[103] lan diaturaké marang Bapakné Kafka.[105] Kafka banjur nyiapaké kompilasi pungkasan kanggo dicithak, Ein Hungerkünstler (Sawijining Seniman Pasa), kang dibabar ing taun 1924 kanthi anumerta, ing panerbit Verlag Die Schmiede. Ing tanggal 20 April 1924, panerbit Berliner Börsen-Courier mbabar ései Kafka's ngenani Adalbert Stifter.[106]

Max Brod[besut | besut sumber]

Kafka ngwarisaké karyané, kang wis dibabar lan durung dibabar, marang kancané Max Brod mawa instruksi cetha, manawa kabèh kudu dibesmi sawisé patiné Kafka. Kafka nulis: "Max kang budiman, panyuwun pungkasanku: kabèh kang taktinggalaké... awujud buku padinan, naskah, layang-layang (duwèkku dhéwé lan saka wong liya), skètsa, lan sapanjuré kudu diobonga tanpa diwaca.[107][108] Brod mutusaké ora nindakaké panjaluké Kafka lan mbabar roman sarta sawatara kompilasi antara taun 1925 lan 1935. Dhèwèké nggawa akèh dokumèn kang panggah durung dibabar ing koperé menyang Palèstina, nalika dhèwèké ngungsi rana taun 1939.[109] Yang-yangané Kafka kang pungkasan, Dora Diamant (ing tembé Diamant-Lask), uga nglirwakaké panjaluké, dhèwèké ndhelikaké 20 buku sekrip lan 35 layang. Kabèh iku banjur dibeslah déning Gestapo ing taun 1933, nanging para nimpuna isih nggolèki barang-barang iku.[110]

Sauntara Brod mbabar akèh-akèhé karyané Kafka kang saiki didarbèni,[111] karyané Kafka wiwit diwigatèkaké kalangan kang luwih amba lan olèh aprésiasi. Brod rumangsa kangèlan ngatur buku cathetan Kafka srana kronologis. Salah siji masalah iku, Kafka kerep nulis ing pérangan séjé-séjé bukuné, sok-sokan ing tengah, sok-sokan saka mburi menyang ngarep.[112][113] Brod akèh kang ngrampungaké naskah Kafka sadurungé dibabar. Contoné, Kafka ninggal naskah Der Process kang ora dinomeri lan sawatara bab ya durung pepak lan naskah Das Schloss malah sawatara ukara-ukara ora rampung lan isiné isih ambigu;[113] Brod banjur nata bali bab-bab, nyunting tèks lan ngowahi titik. Der Process dibabar ing taun 1925 déning panerbit Verlag Die Schmiede. Kurt Wolff banjur mbabar rong roman liyané, Das Schloss ing taun 1926 lan Amérika in taun 1927. Ing taun 1931, Brod nyunting kompilasi prosa lan cerkak minangka Beim Bau der Chinesischen Mauer ('Nalika Mbangun Témbok Tiongkok'), kalebu cerkak mawa irah-irahan kang padha. Buku iki dibabar déning panerbit Gustav Kiepenheuer Verlag. Kolèksi buku Brod lumrahé diarani Édisi Définitif.[114]

Édisi modhèren[besut | besut sumber]

Ing taun 1961, Malcolm Pasley bisa olèh akèh-akèhé naskah asli Kafka kanggo Kapustakan Bodleian, Universitas Oxford.[115][116] Tèks Der Process ing tembé dituku déning das Deutsche Literaturarchiv (Arsip Sastra Jerman) nalika dilélang lan saiki disinggahaké ing gedhungé ing Kutha Marbach am Neckar, Jerman.[116][117] Sawisé iku Pasley dadi kepala siji tim (kalebu Gerhard Neumann, Jost Schillemeit lan Jürgen Born) kang ngrékonstruksi roman-roman ing basa Jerman; S. Fischer Verlag lan mbabar bali.[118] Pasley iku panyuntingé Das Schloss, kang dibabar ing taun 1982, lan Der Process, kang dibabar ing taun 1990. Jost Schillemeit iku panyuntingé Der Verschollene (Amérika) kang dibabar ing taun 1983. Kabèh babaran anyar iki diarani "Suntingan kritis" (Critical Editions) utawa "Suntingan Fischer".[119]

Naskah-naskah kang durung dibabar[besut | besut sumber]

Barkas:The National Library of Israèl building - Amitay Katz.jpg
Kapustakan Nasional Israèl

Nalika Brod séda ing taun 1968, dhèwèké ninggal naskah-naskah Kafka kang durung dibabar marang sèkrétarisé Esther Hoffe, kang ditaksir cacahé ana èwon.[120] Dhèwèké banjur nglepasaké utawa ngedol sawatara naskah, nanging akèh-akèhé ditinggalaké marang anaké wadon, Eva lan Ruth, kang ora gelem nglepasaké naskah-naskah iki. Prosès pangadilan diwiwiti ing taun 2008 antara anak-anaké iki lan Kapustakan Nasional Israèl, kang nduwé panemu manawa naskah-naskah iki darbèné bangsa Israèl nalika Brod ijrah marang Palèstina Karajan Manunggal ing taun 1939. Esther Hoffe ngedol naskah asli Der Process marang Arsip Sastra Jerman utawa Musiyum Sastra Modèrn ing Marbach am Neckar.[72][121] Ing taun 2012 namung Eva kang isih urip.[122] Kaputusan pangadilan kulawarga ing Tel Aviv ing taun 2010 manawa naskah-naskah iki kudu dilepas, kalebu sawatara naskah kang durung ditepungi sadurungé. Nanging prang tandhing kukum ing pangadilan panggah lumaksana.[123] Kulawarga Hoffe ngeklaim manawa naskah-naskah iku darbèn kulawargané kamangka Kapustakan Nasional kandha manawa naskah iku "asèt budaya darbèné Bangsa Yahudi".[123] Kapustakan Nasional uga ngusulaké manawa Brod ngwarisaké naskah-naskah iki marang Kapustakan Nasional ing testamèné utawa layang wasiyaté. Pangadilan Kulawarga Tel Aviv mutusaké ing Oktober 2012 manawa naskah-naskah iki darbèné Kapustakan Nasional.[124] Sawisé munggah bandhing, Pangadilan Kulawarga Tel Aviv mutusaké ing 2015 manawa Eva Hoffe kudu nyerahaké kabèh naskahé marang Kapustakan Nasional Israèl, kang arep ndokok kabèh iku sajeroning jaringen ing internèt.[125]

Surasa kritis[besut | besut sumber]

Kafka ing taun 1917

Sang pujangga W. H. Auden ngarani Kafka minangka "Dante saka abad kaping 20";[126] sang panulis roman Vladimir Nabokov ndokok Kafka antara para panulis wigati ing abad kaping 20.[127] Gabriel García Márquez nyathet nalika maca romané Kafka "Die Verwandlung" manawa Kafka nudhudi "yèn wong bisa nulis mawa cara liya".[128][129] Sawijining téma utama sajeroning karya-karyané Kafka lan kapisan tinemu sajeroning cerkak "Das Urteil",[130], ya iku konflik antara bapak lan anak: rasa salah kang dilebokaké marang si anak, pungkasané bisa diilangaké mawa kasangsaran lan tobat.[131][130] Téma-téma utama lan arketipe liyané uga kalebu aliénasi, kakerasan fisik lan psikologis, paraga sajeroning pangumbaran nggegirisi lan transformasi mistik.[132]

Gaya Kafka wis kerep dipadhakaké marang gayané Kleist, saawal-awalé ing taun 1916, sajeroning resènsi "Die Verwandlung" lan "Der Heizer" déinng Oscar Walzel ing Berliner Beiträge.[133] Sipaté karyané Kafka bisa marahi surasa kang béda-béda lan para kritikus mérang karyané ing sawatara gaya sekolah kasusastran kang béda-béda.[65] Kaum Marxis, contoné nduwé panemu kang séjé-séjé manawa nyurasani karya Kafka[59][65] Ana kang nyalahaké Kafka manawa dhèwèké muter balik réalita, kamangka uga ana kang nduwé panemu yèn Kafka iku ngritik kapitalisme.[65] Absurditas lan ora anané pangarepan kang kas ana ing karya Kafka iku dideleng minangka simbuling èksistènsialisme.[134] Sawetara buku-bukuné dipangaribawani obahan èksprèsionis, kamangka akèh-akèhé kasil karya sastrané digabungaké marang genre modernis èkspèrimèntal. Kafka uga sithik ndemok téma konflik manungsa nglawan birokrasi. William Burrows ngeklaim manawa karya sastra kaya ngono iku ndarbèni fokus marang pangudi, rasa lara, rasa ijèn lan kabutuhan marang gegayutan karo wong.[135] Wong liya, kaya Thomas Mann, nganggep karya Kafka minangka siji carita pasemon utawa alégor: siji pangumbaran métafisik kanggo nggolèki Allah.[136][137]

Miturut Gilles Deleuze lan Félix Guattari, téma aliènasi lan panguyan-uyan, sanadyan pancèn ana sajeroning karya Kafka, iku kabèh digedhèk-gedhèkaké déning para kritikus. Wong loro iki nduwé panemu manawa karya Kafka iku luwih ngati-ati lan subvèrsif — lan luwih mbungahaké — tinimbang ing tabet pisan. Wong loro iku uga nandhesaké manawa wong nggatèkaké pangudi para paragané kang muspra, nuduhaké carané Kafka mainaké humor, mbokmanawa dhèwèké ora mutlak ngandharaké masalahé dhéwé, nanging luwih mungkin nggambaraké kepriyé wong iku kepara nggawé masalah dhéwé. Sajeroning karyané, Kafka kerep nggawé donya kang ala lan absurd.[138][139] Kafka macakaké draf-draf karyané marang kanca-kancané lan mligi nandhesaké karya gancarané kang humoristis. Sang panulis Milan Kundera nduwé panemu manawa humor suréalis Kafka iku mbokmanawa invèrsi saka para paraga ing karyané Dostoyevsky kang padha dikukum amarga salah. Ing karya Kafka, siji paraga kerep dikukum sanadyan dhèwèké ora salah. Kundera percaya manawa ilham Kafka kanggo nulis kaanan kaya mengkéné iki asalé saka kaanan Kafka dhéwé kang lair sajeroning kulawarga patriarkal lan urip sajeroning nagara totalitèr.[140]

Para nimpuna wis nyoba ngayahi ngidèntifikasi pangaribawa latar wuri kukum Kafka lan peran kukum sajeroning karya fiksiné.[141][142] Akèh surasa kang ngidèntifikasi aspèk-aspèk kukum lan légalitas iku motif wigati,[143] Kakfka nggambaraké manawa sistim kukum iku nindhes lan wong iku dikuya-kuya.[144] Lumrahé kukum sajeroning karya Kafka iku disurasani minangka dudu wakiling sistim kukum tartamtu nanging siji kolèksi kakuwatan anonim lan ora bisa dingertèni. Daya-daya kakuwatan iki ora katon déning wong-wong biyasa nanging ngatur kauripané manungsa, kang dadi kurban ora salah sistim iki lan ora bisa mangaribawani olèhé sistim iki tumindak.[143] Para kritikus kang nyengkuyung surasa absurdis iki, mènèhi sitat saka papan Kafka njlèntrèhaké awaké dhéwé ana ing sajeroning konflik karo siji jagad kang absurd, kaya ta saka siji kaca ing buku padinané:

Kakurung ing antarané patang témbokku dhéwé, aku nemu awakku dhéwé minangka siji wong neneka kang dikunjara ing nagara ngamanca;... I ndeleng kulawargaku dhéwé tembung wong asing, kang padatné, tradisi lan basané ora takngertèni babar belas;... sanadyan aku ora gelem, kabèh padha meksa aku supaya mèlu ritus-ritus kang anèh;... aku ora bisa nglawan.[145]

Nanging James Hawes nduwé panemu yèn akèh gambaran Kafka ngenani prosès kukum ing carita iku Der Process—kaya ngapaa katoné métafisik, absurd, nggumunaké lan nggegirisi, sajatiné dhedhasar dèskripsi informasi akurat ngenani prosès pidana Jerman lan Ostenrik ing jaman iku, kang luwih inquisitoir tinimbang accusatoir.[146] Sanajan Kafka nyambut gawé ing sèktor asuransi, minangka siji pangacara, Kafka "sadhar banget lan ngetutaké débat-débat kukum ing jamané".[142][147] Ing siji publikasi awal abad kaping 21 kang nganggo tulisan-tulisan kantor Kafka minangka titik awalé, [148] Pothik Ghosh ngandharaké manawa kanthi Kafka, kukum "ora nduwé jarwa liya saliyané daya kakuwatan kanggo nguwasani lan nentokaké wong liya".[149]

Pertalan[besut | besut sumber]

Karya Franz Kafka durung ana kang dipertal ing Basa Jawa, nanging sawatara wis ana kang dipertal ing Basa Indonésia. Buku Die Verwandlung wis dipertal bola-bali. Contoné déning Isao Arief mawa irah-irahan The Metamorphosis (2010)[150] lan Herawati Desi mawa irah-irahan Metamorfosa (2000).[151] Banjur Janoary M. Wibowo mertalaké Penghakiman ing internèt.[152]

Pertalan paling awal ing basa Inggris diayahi déning Edwin and Willa Muir, kang nerjemahaké édisi kapisan Jerman Das Schloss ing taun 1930. Pertalan iki dibabar mawa irah-irahan The Castle déning panerbit Secker & Warburg ing Karajan Manunggal lan Alfred A. Knopf ing Amérikah Sarékat[153] Sawijining édisi taun 1941, mawa pakurmatan déning Thomas Mann, nambahi popularitas Kafka ing AS ing pungkasan dasawarsa 1940-an.[154]

Ing Basa Walanda, Der Prozess dibabar minangka Het proces lan pertalané diayahi déning Alice van Nahuys (1953). Karya jangkep Kafka dipertal kanggo kapisan déning Claude Tchou ing basa Prancis (1962).

Masalah manawa mertalaké[besut | besut sumber]

Kafka kerep nrapaké siji ciri kas basa Jerman, kang ngidinaké basa iki nganggo ukara-ukara dawa kang kadhangkala dawané bisa sakaca. Ukara-ukara Kafka iki banjur bisa ngirim pesen kang ora dinuga sadurungé titik, iki kang bakal dadi fokus lan intisarining ukara. Perkara iki déné struktur anak ukara ing basa Jerman kang ngwajibaké dunungé tembung kriya siji ukara kudu didokok mburi dhéwé. Konstruksi kaya mengkéné iki angèl bisa digawé ing basa liyané, upamané basa Inggris, basa Indonésia utawa basa Jawa. Dadi sang pangalihbasa kang kudu nyaosi para pamaos èfèk kang padha utawa paling ora èfèk kang mèmper karo tèks asliné.[155][156] Urutan tetembungan ing basa Jerman kang luwih flèksibel lan prabédan ing tingkat sintaksis, nggawé ukara ing basa Jerman bisa dipertal ing punjul siji ukara padhanan ing basa Inggris utawa basa liyané.[157]

Als/ Gregor/ Samsa/ eines/ Morgens/ aus/ unruhigen/ Träumen/ erwachte/, fand/ er/ sich/ in /seinem/ Bett/ zu /einem/ ungeheuren/ Ungeziefer/ verwandelt. (asliné)

As /Gregor/ Samsa /one /morning/ from /restless /dreams /awoke/, found/ he /himself /in /his /bed /into /an /enormous/ vermin /transformed. (pertalan tembung siji-siji ing basa Inggris)[158]

Manawa / Gregor / Samsa /siji /ésuk /saka /glébagan/ impèn /tangi/, nemu /dhèwèké/ awaké dhéwé/ ing /darbèné/ ambèn/ tekan/ siji /nggegirisi/ sremet /owah


Masalah liyané kang mèh ora bisa dipecahaké ya iku kepriyé kudu mertal sawatara tetembungan kang pancèn dipilih Kafka lan ndarbèni teges punjul siji. Dadi pertalan angèl digawé.[159][160] Salah siji conto iku ana ing ukara kapisan Die Verwandlung. Tembung Jerman Ungeziefer kerep dipertal minangka kéwan gegremetan ing basa Inggris (insect), kamangka ing basa Jerman Tengahan, Ungeziefer tegesé "kéwan kang ora resik dikurbanaké";[161] ing basa Jerman modhèren, tegesé ya sremet. Kafka ora nduwé kekarep apa-apa ngecap Gregor, paraga baku carita dadi kéwan apa, nanging Kafka namung kepéngin nggambaraké olèhé Gregor gila marang transformasi awaké dhéwé.[79][80]

Warisan[besut | besut sumber]

"kafkaesk"[besut | besut sumber]

Tulisan Kafka ngilhami tembung kafkaesk (ing basa Jerman) utawa "Kafkaesque" (ing basa Inggris), kang tegesé absurd lan medèni. Tembung iki ditrapaké kanggo nggambaraké kaanan kang ora bisa digagas mawa nalar, njlimet lan ora logis.[26][162][163][164]

Akèh filem ing bioskup utawa télévisi kang dicap minangka kafkaesk, lan kerepe filem iki filem fiksi ngèlmiah distopis. Contoné kalebu filem Patrick Bokanowski The Angel (1982), filemé Terry Gilliam Brazil (1985), lan filem fiksi ngèlmiah taun 1998 kang ndarbèni gaya filem noir Dark City. Film liya kang uga dianggep kafkaesk ya iku The Tenant (1976) lan Barton Fink (1991).[165] Sérial télévisi The Prisoner uga kerep dianggep kafkaesk.[166][167]

Kapustakan[besut | besut sumber]

Karya-karyané kang dibabar nalika isih sugeng[besut | besut sumber]

Gladri[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Corngold 1973
  2. Reiner Stach: Kafka. Die frühen Jahre. Fischer, Frankfurt am Main 2014, S. 31
  3. Franz Kafka, Lebensdaten, Werk, Regionaler Arbeitskreis Internet am Oberschulamt Karlsruhe
  4. Peter-André Alt: Franz Kafka: Der ewige Sohn. Eine Biographie. Beck, München 2005, S. 28.
  5. Carita ' Das Unglück des Junggesellen ' saka Betrachtungen
  6. "Minute House in Prague". prague.cz. Dibukak ing 2015-05-12.
  7. Peter-André Alt: Franz Kafka: Der ewige Sohn. Eine Biographie. Beck, München 2005, S. 74.
  8. Reiner Stach: Kafka. Die frühen Jahre. Fischer, Frankfurt am Main 2014, S. 97.
  9. Klaus Wagenbach: Kafka Rowohlt, Reinbek bei Hamburg 1964, S. 35f.
  10. Klaus Wagenbach: Franz Kafka. Rowohlt, Reinbek bei Hamburg 2008, S. 50f.
  11. Bodo Pieroth: Das juristische Studium im literarischen Zeugnis – Franz Kafka, in: JURA – Juristische Ausbildung 1993, S. 415f (mit weiteren Angaben zu Studium und Prüfung)
  12. Reiner Stach: Kafka. Die Jahre der Erkenntnis. Fischer, Frankfurt am Main 2008, ISBN 978-3-10-075119-5, S. 78 ff.
  13. Reiner Stach: Kafka. Die Jahre der Entscheidungen. Fischer, Frankfurt am Main 2004, S. 66ff.
  14. Stach 2005, kc. 44, 207.
  15. Hawes 2008, kc. 186, 191.
  16. a b European Graduate School 2012.
  17. Stach 2005, kc. 43.
  18. Hawes 2008, kc. 186.
  19. a b Banville 2011.
  20. Köhler 2012.
  21. a b c Stach 2005, kc. 1.
  22. Seubert 2012.
  23. Brod 1960, kc. 196–197.
  24. Hawes 2008, kc. 129, 198–199.
  25. Murray 2004, kc. 276–279.
  26. a b Steinhauer 1983, kc. 390–408.
  27. Stach 2005, kc. 379–389.
  28. Brod 1960, kc. 240–242.
  29. S. Fischer 2012.
  30. Alt 2005, kc. 303.
  31. Hawes 2008, kc. 180–181.
  32. Stach 2005, kc. 1, 379–389, 434–436.
  33. Apel 2012, kc. 28.
  34. a b c d e Brod 1966, kc. 389.
  35. Hempel 2002.
  36. Janouch 1971, kc. 14, 17.
  37. a b Fichter 1987, kc. 367–377.
  38. Repertory 2005.
  39. Brod 1966, kc. 41.
  40. Brod 1966, kc. 42.
  41. a b c Brod 1966, kc. 49.
  42. Brod 1960, kc. 47.
  43. Brod 1966, kc. 52.
  44. Brod 1960, kc. 14.
  45. Brod 1966, kc. 90.
  46. Brod 1966, kc. 92.
  47. a b Brod 1960, kc. 214.
  48. Brod 1960, kc. 156.
  49. Pérez-Álvarez 2003, kc. 181–194.
  50. Miller 1984, kc. 242–306.
  51. McElroy 1985, kc. 217–232.
  52. Project Gutenberg 2012.
  53. Gray 1973, kc. 196.
  54. Brod 1960, kc. 139–140.
  55. Fichter 1988, kc. 231–238.
  56. Gilman 1995, back cover.
  57. Brod 1960, kc. 128.
  58. Brod 1960, kc. 86.
  59. a b Lib.com 2008.
  60. Bergman 1969, kc. 8.
  61. a b c Bruce 2007, kc. 17.
  62. Preece 2001, kc. 131.
  63. Hughes 1986, kc. 248–249.
  64. Bathrick 1995, kc. 67–70.
  65. a b c d Socialist Worker 2007.
  66. Reiner Stach: Kafka. Die Jahre der Erkenntnis. Fischer, Frankfurt am Main 2011, S. 524.
  67. Reiner Stach: Kafka. Die Jahre der Erkenntnis. Fischer, Frankfurt am Main 2011, S. 528.
  68. Reiner Stach: Kafka. Die Jahre der Erkenntnis. Fischer, Frankfurt am Main 2011, S. 536.
  69. Believer 2006.
  70. Brod 1960, kc. 209–211.
  71. Brod 1960, kc. 211.
  72. a b New York Times 2010.
  73. Stach 2005, kc. 2.
  74. Murray 2004, kc. 367.
  75. Furst 1992, kc. 84.
  76. Pawel 1985, kc. 160–163.
  77. a b c Brod 1966, kc. 388.
  78. Brod 1966, kc. 113.
  79. a b Sokel 1956, kc. 203–214.
  80. a b Luke 1951, kc. 232–245.
  81. Dodd 1994, kc. 165–168.
  82. Gray 2005, kc. 131.
  83. Horstkotte 2009.
  84. Brod 1966114f
  85. Ernst 2010.
  86. Hawes 2008, kc. 159, 192.
  87. Stach 2005, kc. 113.
  88. Brod 1960, kc. 129.
  89. Brod 1960, kc. 113.
  90. Brod 1960, kc. 128, 135, 218.
  91. Koelb 2010, kc. 34.
  92. Sussman 1979, kc. 72–94.
  93. Stach 2005, kc. 79.
  94. Brod 1960, kc. 137.
  95. Stach 2005, kc. 108–115, 147, 139, 232.
  96. a b c Kakutani 1988.
  97. Boyd 2004, kc. 139.
  98. Rastalsky 1997, kc. 1.
  99. a b c d e Itk 2008.
  100. Brod 1966, kc. 94.
  101. Brod 1966, kc. 61.
  102. Brod 1966, kc. 110.
  103. a b c European Graduate School, Articles 2012.
  104. Brod 1966, kc. 115.
  105. Leiter 1958, kc. 337–347.
  106. Krolop 1994, kc. 103.
  107. Kafka 1988, publisher's notes.
  108. McCarthy 2009.
  109. Butler 2011, kc. 3–8.
  110. Kafka Project SDSU 2012.
  111. Contijoch 2000.
  112. Kafka 2009, kc. xxvii.
  113. a b Diamant 2003, kc. 144.
  114. Classe 2000, kc. 749.
  115. Jewish Heritage 2012.
  116. a b Kafka 1998, publisher's notes.
  117. O'Neill 2004, kc. 681.
  118. Adler 1995.
  119. Oxford Kafka Research Centre 2012.
  120. Guardian 2010.
  121. Buehrer 2011.
  122. NPR 2012.
  123. a b Lerman 2010.
  124. Rudoren & Noveck 2012.
  125. http://www.theguardian.com/books/2015/jul/01/rare-kafka-manuscripts-israels-national-library-court-rules The Guardian 1-7-2015, diaksès tanggal 28-10-2015
  126. Bloom 2002, kc. 206.
  127. Durantaye 2007, kc. 315–317.
  128. Kafka-Franz 2012.
  129. Paris Review 2012.
  130. a b Gale Research Inc. 1979, kc. 288–311.
  131. Brod 1960, kc. 15–16.
  132. Bossy 2001, kc. 100.
  133. Furst 1992, kc. 83.
  134. Sokel 2001, kc. 102–109.
  135. Burrows 2011.
  136. Panichas 2004, kc. 83–107.
  137. Gray 1973, kc. 3.
  138. Kavanagh 1972, kc. 242–253.
  139. Rahn 2011.
  140. Kundera 1988, kc. 82–99.
  141. Glen 2007.
  142. a b Banakar 2010.
  143. a b Glen 2011, kc. 47–94.
  144. Hawes 2008, kc. 216–218.
  145. Preece 2001, kc. 15–31.
  146. Hawes 2008, kc. 212–214.
  147. Ziolkowski 2003, kc. 224.
  148. Corngold et al. 2009, kc. xi, 169, 188, 388.
  149. Ghosh 2009.
  150. The Metamorphosis, Isao Arief, Jakarta: Elex Media Komputindo, 2010.
  151. Metamorfosa,Herawati Desi, Yogyakarta: Yeyasan Aksara Indonésia, 2000
  152. http://membacakafka.blogspot.com/
  153. Guardian 1930.
  154. Koelb 2010, kc. 69.
  155. Kafka 1996, kc. xi.
  156. http://membacakafka.blogspot.com/search?updated-min=2007-01-01T00:00:00-08:00&updated-max=2008-01-01T00:00:00-08:00&max-results=6, diaksès tanggal 31-10-2015
  157. Bloom 2003, kc. 23–26.
  158. Prinsky (2002), pamérangan ditambah dhéwé
  159. Lawson 1960, kc. 216–219.
  160. Rhine 1989, kc. 447–458.
  161. Corngold 1973, kc. 10.
  162. Adams 2002, kc. 140–157.
  163. Aizenberg 1986, kc. 11–19.
  164. Strelka 1984, kc. 434–444.
  165. Palmer 2004, kc. 159–192.
  166. O'Connor 1987.
  167. Los Angeles Times 2009.

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Alt, Peter-André (2005). Franz Kafka: Der ewige Sohn. Eine Biographie . München: Verlag C.H. Beck. ISBN 978-3-406-53441-6.
  • Bathrick, David (1995). The Powers of Speech: The Politics of Culture in the GDR. Lincoln: University of Nebraska Press.
  • Bergman, Hugo (1969). Memories of Franz Kafka in Franz Kafka Exhibition (Catalogue) (PDF). Library: The Jewish National and University Library.
  • Bloom, Harold (2003). Franz Kafka. Bloom's Major Short Story Writers. New York: Chelsea House Publishers. ISBN 978-0-7910-6822-9.
  • Bloom, Harold (Spring 2011). "Franz Kafka's Zionism". Midstream. 57 (2).{{cite journal}}: CS1 maint: location (link)
  • Bloom, Harold (2002). Genius: A Mosaic of One Hundred Exemplary Creative Minds. New York: Warner Books. ISBN 978-0-446-52717-0.
  • Bloom, Harold (1994). The Western Canon: The Books and School of the Ages. New York: Riverhead Books, Penguin Group. ISBN 978-1-57322-514-4.
  • Bossy, Michel-André (2001). Artists, Writers, and Musicians: An Encyclopedia of People Who Changed the World. Westport, Connecticut: Oryx Press. ISBN 978-1-57356-154-9.
  • Boyd, Ian R. (2004). Dogmatics Among the Ruins: German Expressionism and the Enlightenment. Bern: Peter Lang AG. ISBN 978-3-03910-147-4.
  • Brod, Max (1960). Franz Kafka: A Biography. New York: Schocken Books. ISBN 978-0-8052-0047-8.
  • Brod, Max (1966). Über Franz Kafka . Hamburg: S. Fischer Verlag.
  • Bruce, Iris (2007). Kafka and Cultural Zionism — Dates in Palestine. Madison, Wisconsin: University of Wisconsin Press. ISBN 978-0-299-22190-4.
  • Classe, Olive (2000). Encyclopedia of Literary Translation into English, Vol. 1. Chicago: Fitzroy Dearborn Publishers. ISBN 978-1-884964-36-7.
  • Contijoch, Francesc Miralles (2000). Franz Kafka . Barcelona: Oceano Grupo Editorial, S.A. ISBN 978-84-494-1811-2.
  • Corngold, Stanley (1972). Introduction to The Metamorphosis. New York: Bantam Classics. ISBN 978-0-553-21369-0.
  • Corngold, Stanley (1973). The Commentator's Despair. Port Washington, New York: Kennikat Press. ISBN 978-0-8046-9017-1.
  • Corngold, Stanley (2004). Lambent Traces: Franz Kafka. Princeton, New Jersey: Princeton University Press. ISBN 978-0-691-11816-1.
  • Corngold, Stanley (2009). Franz Kafka: The Office Writings. Princeton, New Jersey: Princeton University Press. ISBN 978-0-691-12680-7.
  • Diamant, Kathi (2003). Kafka's Last Love: The Mystery of Dora Diamant. New York: Basic Books. ISBN 978-0-465-01551-1.
  • Drucker, Peter (2002). Managing in the Next Society (édhisi ka-2007). Oxford: Elsevier. ISBN 978-0-7506-8505-4.
  • Engel, Manfred; Auerochs, Bernd (2010). Kafka-Handbuch. Leben – Werk – Wirkung . Metzler: Stuttgart, Weimar. ISBN 978-3-476-02167-0.
  • Elsaesser, Thomas (2004). The Last Great American Picture Show. Amsterdam: Amsterdam University Press. ISBN 978-90-5356-493-6.
  • Furst, Lillian R. (1992). Through the Lens of the Reader: Explorations of European Narrative. SUNY Press. ISBN 978-0-7914-0808-7.
  • Gale Research Inc. (1979). Twentieth-Century Literary Criticism: Excerpts from Criticism of the Works of Novelists, Poets, Playwrights, Short Story Writers, & Other Creative Writers Who Died Between 1900 & 1999. Farmington Hills, Michigan: Gale Cengage Learning. ISBN 978-0-8103-0176-4.
  • Gilman, Sander (1995). Franz Kafka, the Jewish Patient. New York: Routledge. ISBN 978-0-415-91391-1.
  • Gilman, Sander (2005). Franz Kafka. London: Reaktion Books. ISBN 978-1-881872-64-1.
  • Gray, Richard T. (2005). A Franz Kafka Encyclopedia. Westport, Connecticut: Greenwood Press. ISBN 978-0-313-30375-3.
  • Gray, Ronald (1973). Franz Kafka. Cambridge: Cambridge University Press. ISBN 978-0-521-20007-3.
  • Hamalian, Leo (1974). Franz Kafka: A Collection of Criticism. New York: McGraw-Hill. ISBN 978-0-07-025702-3.
  • Hawes, James (2008). Why You Should Read Kafka Before You Waste Your Life. New York: St. Martin's Press. ISBN 978-0-312-37651-2.
  • Janouch, Gustav (1971). Conversations with Kafka (édhisi ka-2). New York: New Directions Books. ISBN 978-0-8112-0071-4.
  • Kafka, Franz (1948). The Penal Colony: Stories and Short Pieces (édhisi ka-1987). New York: Schocken Books. ISBN 978-0-8052-3198-4.
  • Kafka, Franz (1954). Dearest Father. Stories and Other Writings. New York: Schocken Books.
  • Kafka, Franz (1988). The Castle. New York: Schocken Books. ISBN 978-0-8052-0872-6.
  • Kafka, Franz (1996). The Metamorphosis and Other Stories. New York: Barnes & Noble. ISBN 978-1-56619-969-8.
  • Kafka, Franz (1998). The Trial. New York: Schocken Books. ISBN 978-0-8052-0999-0.
  • Kafka, Franz (2009). The Trial. Oxford: Oxford University Press. ISBN 978-0-19-923829-3.
  • Kahn, Lothar; Hook, Donald D. (1993). Between Two Worlds: a cultural history of German-Jewish writers. Ames, Iowa: Iowa State University Press. ISBN 978-0-8138-1233-5.
  • Karl, Frederick R. (1991). Franz Kafka: Representative Man. Boston: Ticknor & Fields. ISBN 978-0-395-56143-0.
  • Koelb, Clayton (2010). Kafka: A Guide for the Perplexed. Chippenham, Wiltshire: Continuum International Publishing Group. ISBN 978-0-8264-9579-2.
  • Krolop, Kurt (1994). Kafka und Prag . Prague: Goethe-Institut. ISBN 978-3-11-014062-0.
  • Miller, Alice (1984). Thou Shalt Not Be Aware:Society's Betrayal of the Child. New York: Farrar, Straus, Giroux. ISBN 978-0-9567982-1-3.
  • Murray, Nicholas (2004). Kafka. New Haven, Connecticut: Yale University Press. ISBN 978-0-300-10631-2.
  • Newmark, Peter (1991). About Translation. Wiltshire, England: Cromwell Press. ISBN 978-1-85359-117-4.
  • Northey, Anthony (1997). Mišpoche Franze Kafky . Prague: Nakladatelství Primus. ISBN 978-80-85625-45-5.
  • O'Neill, Patrick M. (2004). Great World Writers: Twentieth Century. Tarrytown, New York: Marshal Cavendish. ISBN 978-0-7614-7477-7.
  • Pawel, Ernst (1985). The Nightmare of Reason: A Life of Franz Kafka. New York: Vintage Books. ISBN 978-0-374-52335-0.
  • Preece, Julian (2001). The Cambridge Companion to Kafka. Cambridge: Cambridge University Press. ISBN 978-0-521-66391-5.
  • Rothkirchen, Livia (2005). The Jews of Bohemia and Moravia: facing the Holocaust. Lincoln, Nebraska: University of Nebraska Press. ISBN 978-0-8032-3952-4.
  • Silverman, Al, èd. (1986). The Book of the Month: Sixty Years of Books in American Life. Boston: Little, Brown. ISBN 0-316-10119-2.
  • Singer, Isaac Bashevis (1970). A Friend of Kafka, and Other Stories. New York: Farrar, Straus and Giroux. ISBN 978-0-374-15880-4.
  • Sokel, Walter H. (2001). The Myth of Power and the Self: Essays on Franz Kafka. Detroit: Wayne State University Press. ISBN 978-0-8143-2608-4.
  • Spector, Scott (2000). Prague Territories: National Conflict and Cultural Innovation in Franz Kafka's Fin de Siècle. Berkeley: University of California Press. ISBN 978-0-520-23692-9.
  • Stach, Reiner (2005). Kafka: The Decisive Years. New York: Harcourt. ISBN 978-0-15-100752-3.
  • Sussman, Henry (1979). Franz Kafka: Geometrician of Metaphor. Madison, Wisconsin: Coda Press. ISBN 978-0-930956-02-8.
  • Ziolkowski, Theodore (2003). The Mirror of Justice: Literary Reflections of Legal Crisis. Princeton, New Jersey: Princeton University Press. ISBN 978-0-691-11470-5.

Jurnal

  • Adams, Jeffrey (Summer 2002). "Orson Welles's "The Trial:" Film Noir and the Kafkaesque". College Literature, Literature and the Visual Arts. West Chester, Pennsylvania. 29 (3). JSTOR 25112662.
  • Aizenberg, Edna (July–December 1986). "Kafkaesque Strategy and Anti-Peronist Ideology Martinez Estrada's Stories as Socially Symbolic Acts". Latin American Literary Review. Chicago. 14 (28). JSTOR 20119426.
  • Banakar, Reza (Fall 2010). "In Search of Heimat: A Note on Franz Kafka's Concept of Law". Law and Literature. Berkeley, California. 22 (2). doi:10.2139/ssrn.1574870. SSRN 1574870.
  • Butler, Judith (3 Maret 2011). "Who Owns Kafka". London Review of Books. London. 33 (5). Dibukak ing 1 Agustus 2012.
  • Corngold, Stanley (Fall 2011). "Kafkas Spätstil/Kafka's Late Style: Introduction". Monatshefte. Madison, Wisconsin. 103 (3). doi:10.1353/mon.2011.0069.
  • Dembo, Arinn (June 1996). "Twilight of the Cockroaches: Bad Mojo Evokes Kafka So Well It'll Turn Your Stomach". Computer Gaming World. New York (143).
  • Dodd, W. J. (1994). "Kafka and Dostoyevsky: The Shaping of Influence". Comparative Literature Studies. State College, Pennsylvania. 31 (2). JSTOR 40246931.
  • Durantaye, Leland de la (2007). "Kafka's Reality and Nabokov's Fantasy: On Dwarves, Saints, Beetles, Symbolism and Genius" (PDF). Comparative Literature. 59 (4): 315. doi:10.1215/-59-4-315. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2010-05-25. Dibukak ing 2015-11-11.
  • Fichter, Manfred M. (May 1987). "The Anorexia Nervosa of Franz Kafka". International Journal of Eating Disorders. Washington, D.C.: American Psychological Association. 6 (3): 367. doi:10.1002/1098-108X(198705)6:3<367::AID-EAT2260060306>3.0.CO;2-W.
  • Fichter, Manfred M. (July 1988). "Franz Kafka's anorexia nervosa". Fortschritte der Neurologie-Psychiatrie . Munich: Psychiatrische Klinik der Universität München. 56 (7): 231–8. doi:10.1055/s-2007-1001787. PMID 3061914.
  • Fort, Jeff (March 2006). "The Man Who Could Not Disappear". The Believer. Dibukak ing 7 Agustus 2012.
  • Glen, Patrick J. (2007). "The Deconstruction and Reification of Law in Franz Kafka's Before the Law and The Trial" (PDF). Southern California Interdisciplinary Law Journal. Los Angeles: University of Southern California. 17 (23). Dibukak ing 3 Agustus 2012.
  • Glen, Patrick J. (2011). "Franz Kafka, Lawrence Joseph, and the Possibilities of Jurisprudential Literature" (PDF). Southern California Interdisciplinary Law Journal. Los Angeles: University of Southern California. 21 (47). Dibukak ing 21 Sèptèmber 2012.
  • Horton, Scott (19 Agustus 2008). "In Pursuit of Kafka's Porn Cache: Six questions for James Hawes". Harper's Magazine. Dibukak ing 3 Agustus 2012.
  • Hughes, Kenneth (Summer 1986). "Franz Kafka: An Anthology of Marxist Criticism". Monatshefte. Madison, Wisconsin. 78 (2). JSTOR 30159253.
  • Kavanagh, Thomas M. (Spring 1972). "Kafka's "The Trial": The Semiotics of the Absurd". Novèl: A Forum on Fiction. Durham, North Carolina: Duke University Press. 5 (3). doi:10.2307/1345282. JSTOR 1345282.
  • Kempf, Franz R. (Summer 2005). "Franz Kafkas Sprachen: "... in einem Stockwerk des innern babylonischen Turmes..."". Shofar: an Interdisciplinary Journal of Jewish Studies. West Lafayette, Indiana: Purdue University Press. 23 (4): 159. doi:10.1353/sho.2005.0155.
  • Keren, Michael (1993). "The 'Prague Circle' and the Challenge of Nationalism". History of European Ideas. Oxford: Pergamon Press. 16 (1–3): 3. doi:10.1016/S0191-6599(05)80096-8.
  • Kundera, Milan (Winter 1988). "Kafka's World". The Wilson Quarterly. Washington, D.C.: The Woodrow Wilson International Center for Scholars. 12 (5). JSTOR 40257735.
  • Lawson, Richard H. (May 1960). "Ungeheueres Ungeziefer in Kafka's "Die Verwandlung"". The German Quarterly. Cherry Hill, New Jersey: American Association of Teachers of German. 33 (3). JSTOR 402242.
  • Leiter, Louis H. (1958). "A Problem in Analysis: Franz Kafka's 'A Country Doctor'". The Journal of Aesthetics and Art Criticism. Philadelphia: American Society for Aesthetics. 16 (3). doi:10.2307/427381.
  • Luke, F. D. (April 1951). "Kafka's "Die Verwandlung"". The Modern Language Review. Cambridge. 46 (2). doi:10.2307/3718565. JSTOR 3718565.
  • McElroy, Bernard (Summer 1985). "The Art of Projective Thinking: Franz Kafka and the Paranoid Vision". Modern Fiction Studies. Cambridge. 31 (2): 217. doi:10.1353/mfs.0.0042.
  • Panichas, George A. (Spring–Fall 2004). "Kafka's Afflicted Vision: A Literary-Theological Critique". Humanitas. Bowie, Maryland: National Humanities Institute. 17 (1–2).
  • Pérez-Álvarez, Marino (2003). "The Schizoid Personality of Our Time". International Journal of Psychology and Psychological Therapy. Almería, Spain. 3 (2).
  • Rhine, Marjorie E. (Winter 1989). "Untangling Kafka's Knotty Texts: The Translator's Prerogative?". Monatshefte. Madison, Wisconsin. 81 (4). JSTOR 30166262.
  • Sayer, Derek (1996). "The Language of Nationality and the Nationality of Language: Prague 1780–1920 – Czech Republic History". Past and Present. Oxford. 153 (1): 164. doi:10.1093/past/153.1.164. OCLC 394557.
  • Sandbank, Shimon (1992). "After Kafka: The Influence of Kafka's Fiction". Penn State University Press. Oxford. 29 (4). JSTOR 40246852.
  • Sokel, Walter H. (April–May 1956). "Kafka's "Metamorphosis": Rebellion and Punishment". Monatshefte. Madison, Wisconsin. 48 (4). JSTOR 30166165.
  • Steinhauer, Harry (Autumn 1983). "Franz Kafka: A World Built on a Lie". The Antioch Review. Yellow Springs, Ohio. 41 (4): 390. doi:10.2307/4611280. JSTOR 4611280.
  • Strelka, Joseph P. (Winter 1984). "Kafkaesque Elements in Kafka's Novels and in Contemporary Narrative Prose". Comparative Literature Studies. State College, Pennsylvania. 21 (4). JSTOR 40246504.
  • Updike, John (24 Januari 2005). "Subconscious Tunnels: Haruki Murakami's dreamlike new novèl". The New Yorker. Dibukak ing 22 Sèptèmber 2012.{{cite journal}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)

Koran

Sumber jroring (online)

Wewacan sabanjuré[besut | besut sumber]

Jurnal